Rabu, 08 September 2010

Parikan (2)


Lenga wangi cap iwak dhuyung,
Lenga leteng nyebenggolan,
Lunga wengi nglayap neng lurung,
Peteng-peteng golek senggolan.

Karang Tembok akeh wong mati,
Aja methik kembang semboja,
Dadi wong wedok sing ngati-ati,
Aja nganti kena panggodha.

Wayah mahgrib budhal nang sawah,
Teka sawah kok diwedeni,
Dadi wong urip kok serba salah
Kuwata wae nggone nglakoni.

Kampung Ujung ndhuk Surabaya,
Tanjung Perak akeh kapale,
Ayuk unjung marang wong tuwa,
Supaya awak ilang sangkale.

Uwur-uwur kodhok segara,
Bandeng nener disaut ula,
Sukur-sukur yen pena jawa,
Tak ngengeri sak urip kula.

Walang ireng mabur mbrengengeng,
Walang ijo dawa suthange,
Yen seneng aja mung mandeng
Golekana ngendi omahe.

Ireng-ireng ndang jumputana,
Marut klapa katut ampase,
Ati seneng ndang turutana,
Aneng donya pira lawase.

Pena turu rak ngimpi apa,
Ngimpi bapak nengguluk pacul,
Pena kuru mikiri sapa,
Mikiri cacak gak tau kumpul.

Suwe ora jamu,
Jamu pisan peresan pace,
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan bingung atine.

Nang Wendhit tukua klentheng,
Tuku jamu nang kampung Gubeng,
Nganggoa kendhit sampek methentheng,
Yen wong lemu gak wurung mbembeng.

Rujak kanon pecelan mortir,
Lalapane pluru karaben,
Bareng katon nek kiwir-kiwir,
Mung sayange bokonge sak amben.

Mojokerto tretek terusan
Kali gedhe dalane prau,
Dadi jaka jok adol kebagusan
Nyambuta gawe sing paling perlu.

Esuk enjing sore sonten,
Nandur tela kula guluti,
Kula mbenjing tumut sinten,
Sedulur sing jawa kula tumuti.

Santen duduh kalapa,
Mangan kupat weton Medura,
Cekap semanten atur kawula,
Menawi lepat nyuwun ngapura.

2 komentar:

paromo suko mengatakan...

tuku bandeng, cumak mik siji
rupane nggantheng, sandhale dipeniteni
(kartolo, 1979)

nyungun yu minten ngglundhung kabotan,
nyuwun pangapunten sagunging kalepatan

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Dhawah sami-sami Mas Paromo, mbok menawi wonten kalepatan kawula, sadanguning sesambetan kaliyan panjenengan, mugi-mugi lineburna ing dinten riyadin punika. Kembang jagung mekar ing wulan pasa, pangeran Kang Maha Agung ingkang anglebur sedaya dosa.

Pengikut

Matur Nuwun ...