Selasa, 13 Januari 2009

Rotasi bumi, tansah telat !!!


Gambar :Jam Atom

Para ilmuwan sing nduweni wewenang bab ngatur standarisasi wektu lan jam ing saindenging donya nemokake yen wektu sing saiki iki dilakoni ora tepat (pas). Ing wektu iki standar kanggo nemtokake wektu lan jam nganggo dhasar rotasi bumi (bumi ngubengi poros). Kamangka rotasi bumi saben dinane telat 2 milidetik. Mula ing taun 2009 iki ngalami telat 1 detik. Apa sebabe rotasi bumi ngalami telat? Miturut para ilmuwan karana aktivitas inti bumi, lelehe (mencairnya) es ing dhaerah kutub, ombak lan gelombang segara, lan efek gravitasi srengenge lan rembulan sing nyebabake rotasi bumi saben dinane telat.
Sauntara iku standar waktu sing presis (presisi) iku migunakake dhasar waktu luruh atom cesium sing mung ngalami telat 1 detik saben 200 yuta taun. Bedane bab iki sing nyebabake petungan jam atom kudu dilarasake karo jam sing nganggo petungan adhedhasar petungan rotasi bumi.
Kanggo mesthekake donya tetep tepat waktu, para ilmuwan sarujuk nambah wektu 1 detik ing akhire taun 2008.
Tambahan 1 detik diatur dening Lembaga Standardisasi waktu donya utawa Rotation and Reference System Service ing Greenwich, Inggris. Greenwich sasuwene iki minangka referensi wektu jam saindenging donya kanthi sebutan GMT (Greenwich Mean Time) utawa Coordinated Universal Time (UTC).
Adhedhasar teknis, ing malem taun anyar , sawise etungan mundur ing jam 23.59.59 ditambah dadi 23.59.60 sadurunge diowahi dadi 00.00.00 ing tanggal 1 Januari 2009. Cacah 200 jam atom ing 50 laboratorium saindenging donya kudu nyalarasake anane owah-owahan kasebut.
Kelompok ilmuwan sing tansah migatekake petungan waktu, ngandhakake manawa tambahan 1 detik sing diarani leap second iku mau ora lagi sepisan bae. Wiwit standarisasi waktu disarujuki ing taun 1972 , wis dianakake owah-owahan kanggo nyalarasake detik mau kaping 24 (patlikur).

2 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Rumiyin TVRI saben bade siaran berita jam 20.00 utawi dunia dalam berita jam 21.00 saged kangge nyocokaken jam, lha sakpuniko kangge nyocokaken jam patokanipun ngagem jam ingkang pundi Pak Ugeng? Matur nuwun...

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Sampun kuwatos mbah Suro, para ahli ing TVRI mesthi sampun nyocokaken kaliyan wekdal GMT (Greenwich Mean Time). Kangge wekdal Jakarta GMT + 7.

Pengikut

Matur Nuwun ...