Senin, 12 Januari 2009

Taun Jawa, kepriye petungane ?

Taun Jawa jeneng ilmiahe Anno Javanico dicekak AJ. Taun Jawa dudu taun Caka. Sejarahe, nalika taun Caka 1554 (C dicerek ngisore, lan diwaca S) wis arep akhir Sultan Agung dhawuh supaya petungan taun diowahi. Nalika semana taun Caka nganggo dhasar petungane yaiku bumi ngubengi srengenge (revolusi bumi terhadap matahari) sing diarani taun Syamsiah sing nganggo prinsip solar system. Suwene saben taun 365 utawa 366 dina. Taun sing umure 366 dina diarani taun kabisat(kabisah) . Taun kabisat umure wulan Pebruari ana 29 dina. Taun kabisat iku gilire 4 taun sepisan yaiku taun sing ceples dipara 4. Taun sing umure 365 dina diarani taun basitah.
Taun Jawa nganggo dhasar petungane rembulan ngubengi bumi (revolusi bulan terhadap bumi), sing diarani taun Komariyah. Dene rembulan ngubengi bumi iku suwene 29,5 dina saben saubengan. Taun Jawa nganggo prinsip lunar system. Sataun suwene 354 dina ing taun wastu (cekak, pendek) lan 355 dina ing taun wuntu (panjang).
Taun Jawa diwiwiti tanggal 1 Sura taun Alip 1555 (taun Caka uga 1555), dina Jumat Legi, ceples tanggal 1 Muharram taun 1033 Hijriah, uga ceples karo tanggal 8 Juli 1633 Masehi. Dadi genahe ora ana tanggal 1 Sura taun 0 utawa taun 1.
Wiwit tanggal 1 Sura taun Alip 1555 dina Jumat Legi diarani Kurup (Kalender) Jamngiyah. Kurup iku owah-owahane sawise 120 taun yaiku nalika 1 Sura taun Alip taun 1675 dina Kemis Kliwon sing diarani Kurup Kamsiyah. Owah maneh 1 Sura taun Alip taun Alip 1747 tiba dina Rebo Wage sing diarani Kurup Arbangiyah utawa Kurup Aboge tegese 1 Sura tiba dina Rebo Wage.
Sing paling akhir 1 Sura taun Alip 1867 tiba dina Selasa Pon, ceples karo tanggal 1 Muharram 1455 Hijriah, lan ceples karo tanggal 24 Maret 1936. Dadi ing jaman saiki mesthine KurupSalasiyah (Asapon) utawa taun Alip dina Selasa Pon. Sing kudu digatekake yaiku miyose (laire) Kanjeng Nabi Muhammad saw miturut petungan Jawa tiba dina Senen Pon. Mula grebeg Mulud ditibakake dina Senen Pon. Dadi yen ana sedulur iisih nganggo petungan Aboge kudune dilarasake dadi Asapon. Apa sebabe? Rembulan ngubengi bumi iku ora ceples 29,5 dina, ana kurange, mula kudu dianakake petungan-petungan anyar kanggo nyalarasake antarane petungan Hijriah karo petungan Jawa.
Taun Jawa sing kalebu taun wastu (cekak), umure 354 dina yaiku : taunAlip, taun Jimawal, taun Je, taun Be, lan taun Wawu.
Taun Jawa sing kalebu taun wuntu (panjang), umure 355 dina yaiku : taun Ehe, taun Dal, taun Jimakir.
Urut-urutane taun lan arane yaiku : 1. Taun Alip, 2. Taun Ehe, 3 Taun Jimawal, 4. Taun Je, 5. Taun Dal, 6. Taun Be, 7. Taun Wawu, 8. Taun Jimakir. Wiwit taun Alip nganti taun Jimakir gunggunge wolung taun sing ganep sawindu (1 windu).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...