Jumat, 16 Januari 2009

Adigang, adigung, adiguna

Serat Wulangreh

Anggitan : Ingkang Sinuwun Sri Pakubuwana IV

Gambuh

1.

Sekar gambuh ping catur,

kang cinatur polah kang kelantur,

tanpa tutur katula-tula katali,

kadaluwarsa katutuh,

kapatuh pan dadi awon.

(Tembang gambuh sing kaping papat, mratelakake (ngandhakake, nerangake ) tindak kang kebacut, tanpa pitutur wusanane dadi sangsara, kasep temahan dadi ala).

Tegese tembung :

catur = 1. papat 2. kandha, omong, 

cinatur = diomongake, dibicarakan

katula-tula katali = sangsara banget, kalunta-lunta, terlunta-lunta.

katali = tembung kanggo mbangetake surasa katula-tula.

kadaluwarsa = kasep, telat.

katutuh = katletuh, kapatuh, terbiasa.

2,

Aja nganti kabanjur,

sabarang polah kang nora jujur,

yen kebanjur sayekti kojur tan becik,

becik ngupayaa iku,

pitutur ingkang sayektos.

(Aja nganti diterus-teruske sakabehe tindak sing ora jujur. Yen kebanjur satemene kojur, ora becik. Becike goleka pitutur sing bener (temen).)

Tegese tembung :

sayekti = sayektos, temen, benar, sungguh-sungguh.

kojur = cilaka, celaka.

3.

Pitutur bener iku,

sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra papeki,

lamun becik nggone muruk,

iku pantes sira anggo.

(Satemene, becik niru pitutur sing bener, sanajanta pitutur mau saka wong sudra papa. Yen apik anggone muruk, pantes lakonana).

Tegese tembung :

nadyan = sanajan, walaupun.

sudra = kasta sing paling asor, rendah.

papeki = papa + iki = asor iki, papa, hina.

muruk = mulang, mengajar

4.

Ana pocapanipun,

adiguna adigang adigung,

pan adigang kidang adigung pas esthi,

adiguna ula iku,

telu pisan mati sampyoh.

(Ana unen-unen adiguna, adigang adigung. Adigang sanepane kidang, adigung sanepane gajah, adiguna sanepane ula, tetelune mati sampyuh).

Tegese tembung:

esthi = gajah, liman, dwipangga, dipangga, hastin

sampyoh = sampyuh, u dadi o kanggo nyocokake guru lagu.

5.

Si kidang umbagipun,

angandelken kebat lumpatipun,

pan si gajah ngandelaken geng ainggil,

ula ngandelaken iku,

mandine kalamun nyakot.

(Si kidang sumbare ngagul-agulake bantere playune, gajah ngagulake awake sing gedhe dhuwur, ula ngagulake mandine wisane yen nyakot).

Tegese tembung :

umbag = sombong, sesongaran, menyombongkan.

kebat = banter, rikat, cepat.

ainggil = dhuwur, tembung a kanggo ngganepi guru wilangan, lan

mandi = keras. wisa mandi = racun yang sangat kuat.

kalamun = lamun, yen, apabila.

1 komentar:

Gundala Wejasena mengatakan...

Apa ini bukan dari Serat Wedhatama?

Pengikut

Matur Nuwun ...