Selasa, 27 Januari 2009

CTL

Metode pembelajaran CTL (Contextual Teaching and Learning) saiki lagi anget-angete dirembug ing kalangan para guru. Metode pembelajaran iki mujudake metode sing paling gres ing jagading pendidikan ing dalem konsep KBK (Kurikulum Berbasis Kompetensi). Pengertiane, yaiku konsep belajar yang membantu guru mengaitkan materi yang diajarkan dengan situasi dunia dan mendorong siswa membuat hubungan antara pengetahuan yang dimiliki dengan penerapannya dalam kehidupan. Konsep iku konsep sing becik dadi murid bisa mikirake apa sing diwulangake ing sekolahan dihubungake karo kehidupane (urip saben dinane) ing jagading pasinaone bocah-bocah. Beda karo pengertiane guru-guru sing puluhan taun mulang. Teori sing anyar-anyar mung "dipandang sebelah mata" jalaran wis rumangsa anggone mulang wis kasil lan ora perlu nganggo teori-teori sing kadhang-kadhang ora dimangerteni apa sabenere. Mula konsep CTL banjur diplesetake dadi " Cathet, Tinggal Lunga ......". Piye ca ???

2 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Jaman aku SR durung ana matemetika, rumangsaku yo pada pinter-pinter tur sopan santun, metode belajar mengajar bola bali diganti nanging lali bab budi pekerti saenggo bocah saiki pinter nanging toto kromone kurang.

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Leres mbah Suro, jamanipun sapunika sampun owah gingsir. Basa Jawi saleresipun sampun ngandhut tata krami. Sinten ingkang boten saged krama ateges boten sopan. Namung sapunika lare-lare sampun boten saged basa krama.

Pengikut

Matur Nuwun ...