Ana wong lelaku nunggang jaran, ngambah dalan
arang disaba ing wong. Dalan mau kang pinggir tengen ana kaline. Kang pinggir
kiwa gunung lan dhadhah. Nuli ana begal loro metu saka grumbul karo ngliga
pedhang, sarta ngundang – undang : “Mandhega, ulungna dhuwitmu, utawa patimu.
Sawuse mangkono enggal nyandhak apuse. Kang
nunggang ndhrodhog amarga saking kaget
sarta wedine bakal kailangan dhuwit tuwin barange kasompok ing playune.
Sanalika nggiwarake jarane , nggebyur ing kali, sedyane ngoncati sawijining pakewuh,
wasana kalebu ing bebaya kang luwih gedhe, awit saking santering banyu, kang
nunggang jarane keli. Karosan wus tanpa gawe , jelih-jelih njaluk tulung, ora
ana kang nulungi. Santering banyu ngilangake dayane, wasana wong lan jarane
mati.
Eliding dongeng mangkene : yen kowe katekan pakewuh
rong prakara, murih aja kongsi kelangan duwekmu kabeh, pakewuh mau salah siji
endi kang entheng tempuhen.
Tegese tembung :
lelaku = 1.
tindak, lampah 2. lelungan
dhadhah = pager sing
digawe saka tetuwuhan.
begal =
durjana kang ana ing dedalan
ngliga = ngunus
kasompok = rupek, ora
kobet, ora omber
pakewuh = reribed,
alangan
jelih – jelih = bengok -
bengok
Tempuhen =
Dipethik saka : Layang sato Kewan, Dr. C.F.
Winter.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar