Ana manuk cangak diundang mangan ing kuwuk
kang ambeg julig, bareng teka, banjur padha tata lungguh, rampadane nuli
diwetokake, arupa jangan diwadhahi piring ceper. Ama pitik ambeg julig celathu
: “ Ki sanak, teka dika mriki banget
andadekake bungah kula, mugi dika trima becik. Daweg dika didhokoh, kaya yen
onten ing omah dika dhewe, daweg ta kula wiwiti, awit luwe kula banget. “
Kuwuk nuli sengkut ing pamangane , dhayohe
sarehning cucuke lancip, mung bisa mung bisa necep – necep bae, ananging tansah
ngatokake sumehing ulat, sarta aweh panarima marang kuwuk saking panyuba –
nyubane. Bareng arep mulih kalair karepe, genti angundang mangan marang kuwuk
ing omahe, kuwuk saguh anekani.
Bareng tutug ing dina patembayane, kuwuk teka,
ditemoni kalawan ulat manis. Ananging ing nalika padha lekas arep mangan, kuwuk
muring – muring. Sebab dening apa muring – muring, apa ta rampadane ora
kapanujon ing karepe. Satemene daginge enak, sarta dirajang , ananging emane
diwadhahi guci, gulune dawa lan ciyut, cangak celathu : “Daweg ta ki sanak kula
wiwiti, di dhokoh oleh dika mangan. “ Kuwuk anggereng sarta angesah, banget
isin lan muring – muringe, ora antara suwe ambolos.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa dhemen
angerang – erang uwong, iku ,kerep nemu wewalesing pangerang – erang.
Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters
Tegese tembung :
julig = pinter
tumrap nindakake piala
rampadan = piring kang
wis tinatanan ing lelawuhan
ngrampad = nata
lelawuhan ing piring lsp.
ama = 1.
sarupane kang agawe rusake tanduran 2.
lelarane tanduran.
daweg = ayo,
enya, mara
dhokoh = 1. akeh sarta katon enak anggonae
mangan 2. sengkut tanpa wigah – wigih
anggone tumandang (tembung entar)
sengkut = kalawan
rerikatan sarta mempeng
necep = nesep,
nucup
panyuba – nyubane = pakurmatane.
patembayan = semayan
guci =
bangsane gendul sing digawe saka lempung
angesah = angresula,
sambat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar