Ana macan tutul siji, kang satemene dadi amaning cempe, ngluwihi alane sajroning alas,
ambeg adigang adiguna sarta ngandelake
ing rikat luwese. Iku kena ing kala pasangane bocah angon , kang kerep dimangsa
wedhuse kang duwe pasangan kala, bareng weruh yen macan tutul kena, enggal
marani lan nggawa gegaman, sumedya mateni. Macan tutul kang prasasat setengah
mati banget getere, banjur celatthu : “ Sapisan punika kula mugi sampeyan
apunten. Sampun mesthi kula badhe boten mendhet menda malih. Kula supaos
ingkang kalayan temen, yen kula badhe boten nedha daging malih, saestu boten.
Kula namung bedhe nedha gegodhongan kemawon, utawi ulam toya, menawi nuju
wonten.”
Bocah angon ngandel ing supatane, macan tutul
banjur diuculake, banget ing bungahe tumuli anggendring . ananging durung
antara sajam ndeleng ana genjik gegupak , celathune macan tutul : “ I lha
dalah, genjik iku wenang dakmangsa, awit yen dak pikir ing satemene, samubarang
kang ana ing banyu, iya iku iwak. Sarehne genjik iku ana ing banyu , dadi ora
kalebu supataku.”
Sawuse celathu mangkono , genjik banjur
dimangsa.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa ngandel
supatane wong ala, iku prasasat ngadegake omah ana ing pawedhen.
Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters.
Tegese tembung :
supata
= supaos (kr), 1.
wewelak, ipat-ipat 2. netepake bener
(nyata)ning prekara kanthi ngajab wewelak.
ama = 1.
sarupane kang agawe rusake tanduran 2.
lelarane tanduran.
ambeg = nduweni watak, nduweni bebuden
ambeg darma = (kw) welasan,
seneng tetulung
ambeg pati = wani mati,
ora wedi mati.
ambeg siya = awatak siya
marang.
ambeg sura = (kw) kendel
banget.
ambeg wani = kendel,
kumendel.
ambeg welas = welasan
adigang adiguna = ngendelake karosane lan kapinterane.
sumedya = duwe niyat
arep.
ulam = iwak
ngandel = percaya
genjik = anake
celeng
mangsa = 1. pangan,
dimangsa = dipangan 2. wektu
pawedhen = panggonan
wedhi, papan sing ana wedhine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar