“Pripun, mak?” pitakonku marang emak.
“Pripun apane?” emak genti takon.
“ Ampun ngoten ta, mak. Bapak
niku sakniki empun kritis, napa emak
boten mesakaken ?” anggonku takon dakati-ati banget supaya ora gawe nesune emak.
“Kritis ya ben, ora ya ben,”
wangsulane emak isih panggah sengol, mratandhakake yen isih lara atine.
“Nggih ampun ngoten. Ampun
ngantos kedlarung-dlarung ta. Sing empun nggih empun, ampun diterus-terusne.
Mosok kaluputan digawa nganti tumekane pati ?” anggonku ngarih-arih marang emak
supaya emak gelem menehi sepura marang bapak.
“Ya ben disangga dhewe .”
“Bapak niku, yen boten angsal
sepurane sampayen, boten saged gangsar anggene lelaku,” kandhaku tetep
ngati-ati supaya emak ora kagelan.
“Ya ben. Rak wis ana sing
mateni.”
Aku kaget krungu wangsulane emak,
banjur takon ,“Lha sing mateni sinten?”
“Ya malaekat.” wangsulane emak
isih panggah atos wae.
“Yen malaekat pancen empun kuwajibane. Sampeyan boten sisah
melok-melok. Kalih malih yen sampeyan melok – melok dadi seje perkarane. Bisa –
bisa sampeyan mlebu penjara,” kandhaku.
“Lha ngapa aku melok – melok ?
Wong lanang kok selawase urip bisane mung gawe larane ati wae. Aku melu bapakmu
iku durung tau ngrasakake kepenak.”
Mentas emak kandha ngono aku meneng, emak uga meneng. Suwe
aku lan emak mung meneng – menengan.Batinku satemene ya ngguyu krungu
wangsulane emak sing kaya ngono, nanging
kepriye, aku dhewe ora bisa nyalahake emak, mula guyuku mung dakempet wae.
Aku mono jejere mung anak mantu.
Sing dakpek bojo anake wedok sing nomer loro. Emak neng omah urip ijen, ora ana
sing ngopeni. Anak-anak wis padha
mentas,. Lan wis gawe omah dhewe-dhewe. Dene bapak, saiki ngetutke bojone sing
enom. Rehdene kahanan ekonomiku sakloron
rada luwih apik tinimbang sedulur-sedulur liyane mula emak dakboyong menyang
omahku. Sedulur-sedulur kabeh uga
nyetujoni.
Pancene, tangkepe bapak marang emak
iku kena diarani nggarang ati – ora mung manas ati – nalika bocah – bocah utawa anak-anake isih cilik – cilik, kaya – kaya bapak mung sakarepe dhewe wae.
Nyambut gawe mung yen dhong gelem atine,
kamangka bocah – bocah isih semega – seneng-senenge mangan sega – yen dhong
atine padhang ya budhal nyambut gawe. Manawa dhong ora kalegan mung mlungker,
sembujung turu ana omah. Tangi – tangi wis bar bedhug. Bubar tangi, yen durung
ana cepakan kopi banjur muring – muring, samubarang dibanting. Piring, cangkir
mung entek dianggo balang –balangan. Mula ora aneh yen ing omah kono asring ana
piring terbang. Nganti barang-barang entek, paribasan cowek gopel wae ora duwe.
Yen wis kaya mangkono iku, bisane emak mung nangis wae.
Pegaweyane bapak, sopir. Sopir,
sopir pocokan, dudu sopir asli sing duwe
cekelan montor dhewe. Lagi oleh cekelan
montor yen sopir sing asli ora mlebu. Dadi kadhangkala sedina nyopir ,
telung dina nganggur, rong dina nyopir seminggu nunggu neng terminal, ngenteni
yen bokmenawa ana sopir sing ora mlaku. Oleh dhuwit mung rog –rog asem. Ora
mesthi saben dina nggawa dhuwit mulih. Kamangka sing ana omah – ya emak –
ngarep – arep kayane. Bocah – bocah kemriyek njaluk mangan. Durung yen bocah –
bocah njaluk dhuwit kanggo keperluan sekolah.
Lumrahe sopir, kulina mangan neng
warung, arang – arang mangan ana omah. Unen – unene wong akeh, sopir iku yen
dikerata basa lamun ngaso mampir. Kulina
mangan enak. Ngendi ana warung enak mesthi diparani, nganti apal papane lan
sakjenenge pisan warung sakabupaten. Apa maneh yen bakule ayu, wis ora gelem ngalih – ngalih saka papan kono sanajana
sing dipangan wis entek suwe.
Emak, anggone nggagas bapak
nganti kuru – ora kuru kurugan daging, nanging kuru kelangan daging, paribasan nganti kari lunglit, balung karo kulit. Mikir
tindak –tanduke bapak lan mikir pangane bocah – bocah. Kadhang kala mak nyuut …
thukul pikiran arep njaluk pegat wae tinimbang mung nglelara ati. Luwih enak
urip ijen tinimbang duwe bojo mung nggarang ati. Nanging yen dipikir maneh,
wong anak wis enem, apa ya mentas yen ngragadi mung ijen. Apa ya klakon
anak-anake mengko padha ora sekolah ?
Anak enem, sing paling gedhe
kelas telu SMP. Sedhela engkas arep ujian akhir. Sanajana wis oleh bantuan saka
Negara nanging ya isih kudu ngetokake
ragad maneh, wong sekolahane sekolah
swasta. Durung ragad kanggo tour, sawise
ujian. Sing nomer loro wedok – ya sing saiki dadi bojoku iku – jaman samono lagi kelas siji SMP . Sing anak nomer
loro iki, bocahe meneng, ora kakehan
polah , dhasare ayu pisan. Dedege lencir pakulitane kuning nemu giring. Mula
anggonku ngesir ya wiwit cilik. Sing nomer telu, papat, lima isih sekolah ana
SD, dene sing paling cilik wayahe sekolah TK nanging ora disekolahake, wong
pancene sing dianggo ragad ora ana.
Mundhak dina kelakuwane bapak ora
ana sudane, malah kepara tambah nemen. Wong – wong ing kampungku yen ngrasani
bapak jarene iwak teri dipangan bandeng,
ora mari malah tambah gendheng. Ciri wanci lelai ginawa mati, padatan utawa
pakulinan ala ora mari – mari yen wonge ora mati. Kahanan kaya mangkono iku nganti
bocah – bocah rampung anggone sekolah. Sing mbarep mung tutug SMP wae semono
uga anak – anak liyane uga mung tamat SMP, kalebu uga bojoku, mung tamat SMP.
Lulus SMP bojoku langsung daklamar. Arep ngenteni
apa ? Dientenana kareben rada gedhe wong ya ora bakal nerusake sekolah. Mula
cepet – cepet dakjaluk, ben ora kedhisikan jaka liya. Wong sing ngesir dheweke
ya akeh. Parikane, Gresik – Surabaya ,
yen kalah dhisik bakal ngresula.
Nalika aku nglamar ana prekara
sethithik, bapak kandha bojoku oleh daklamar
nanging kudu ngenteni mbakyune dhisik – jalaran mbakyune wektu iku durung payu.
“Yen kowe nglamar sing cilik ya
aja dhisik ta, Mun. Wong mbakyune wae durung ana sing nakokake !” kandhane
bapak marang aku.
“Lha pripun, pak ? Kula empun
remen kalih adhik,” wangsulanku.
“Ya sing sabar ta. Ora susah
grusa – grusu, kesusu iku arep ngapa ta ?”
“Kajeng kula niku nggih ndang-ndang
ngoten. Wong kula nggih empun cekel gawe.”
“Bayarmu pira ta?” pitakone
bapak.
“Nggih menawi namung nyekapi
kabetahaning tiyang sakloron mawon, nggih cekap,” wangsulanku.
“Lha kowe apa gelem karo mbakyune
?. Yen kowe gelem aku malah mathuk. Ila-ilane wong kene kuwi, yen mantu ya kudu
sing tuwa dhisik, ” calon bapak maratuwa nanting aku.
“Menawi kalih mbak, kula trimah
boten.”
Aku dhewe yen karo mbakyune ora sreg lan ora duwe rasa seneng. Jan-jane mono
mbakyune ya ayu, yen rupa mono ora nguciwani. Nanging piye maneh wong ati
kadhung seneng karo adhine. Mula aku
rada nyereng, sing dakkarepake adhine. Yen oleh ya adhine, yen ora oleh ya wis,
aluwung ora sida.
Sawise kedadean iku aku ya tetep
dolan menyang omahe calon bojoku –
sanajana calon bapak maratuwa wis nolak – aku isih percaya yen
lamaranku bakal ditrima. Temenan, nalika aku dolan mrana kaya adate, aku dijak
omong - omongan maneh.,
“Ngene lho, Mun ,” bapak miwiti
rembug. “Sesambunganmu karo adhikmu iku sajake wis ora kena dipisahake .”
“Terus pripun ?” pitakonku.
“Wong tuwamu sakloron kapan –
kapan jaken mrene.”
“Menawi kula mawon napa boten
cekap?”
“Ora ngono. Apa kowe wis ora duwe
wong tuwa ?”
“Lha nggih teksih jangkep”
“Lha iya. Adat
kalumrahan sing lumaku ing kene kuwi yen nglamar kudu wong tuwane. Adat kuwi
aja ditinggalake ta !”
“Nggih,” atiku lan wis krasa
seneng. Rasane mbedhodhog sagunung Merapi gedhene.
Sajake bapak rada kendho anggone
mikukuhi panemune iku, mula banjur ngajokake sarat yaiku aku oleh nglamar
nanging kudu menehi pitukon kanggo mbakyune. Aku langsung sanggup menehi
pitukon marang mbakyune . sapanjaluke dakturuti. Kanggone bapak dhewe mbokmanawa
uga bisa ngentheng – ngenthengake sanggan ekonomine kulawarga.
Dina candhake,
bapak lan mbokku mertamu menyang nggone calon besan. Wis ora perlu dakcritake
lelakon sateruse. Aku klakon dadi manten, nganti saiki iki.
Mbaleni critane
bapak maratuwa, aku keri – keri krungu
kabar sing ora ngepenakake ati, ujare bakul sinambewara, kabare radhio rusak, jarene
bapak nduweni bedhangan. Malah – malah ana sing kandha bapak wis duwe anak umur setaun.
Krungu kabar
kaya mangkono emak njur mencak – mencak. Saben dina anane mung muring – muring.
Malah – malah anak – anake sing ora salah, ora ngerti kenthang – kimpule
perkara uga melu diuring – uring. Samubarang ora ana sing bener lan ora ana
sing pener.
“Piye , mas
?”pitakone bojoku sawijining dina..
“Apane ?”,
pitakonku.
“Emak kuwi lho.
Saben dina anane mung muring-muring wae,”
“Lha arep
dikapakake ?” aku genti takon.
“Sing salah ki
genah bapak. Awake dhewe katut diuring – uring.”
“Pancene wong
kuwi yen lara atine rak ya ngono kuwi. Samubarang ora
bener,” wangsulanku ngadhem-adhemi bojoku.
“Lha mbok
digolekake srana kono”.
“Srana apa ?”
“Ya digolekne
srana menyang wong tuwa apa nyang pak
yai ngono”
“Prekara ngono
iku ora cocog yen digolekake srana ngono kuwi.”
“Lha terus piye
?”
“Ya wis, mengko
dakuruse “ kandhaku mungkasi rembug.
Lebar
mangan sore, aku nemoni emak. Omongku
dakarah – arah supaya ora natoni atine emak. Sawise lungguh aku banjur miwiti
kandha.
“Bapak niku
boten usah dipikir, wong pancene karepe empun ngoten”
“ Kowe ngomong
kuwi gampang. Kowe ora ngrasakake. Sing ngrasakake iku aku. Lara atiku,”
kandhane emak malah arep wiwit nesu.”Kowe ora ngerti, nalika bojomu isih cilik,
bocah-bocah during ana sing mentas, dakrewangi kedhungsangan, paribasan sirah
dienggo sikil sikil dienggo sirah
nggolekke pangan bocah-bocah.”
“ Lha terus ?”
“ Coba gagasen.
Saiki bareng bocah-bocah wis mentas njur arep rabi maneh kuwi, apa pantes ?”,
emak mandheg sedhela anggone ngomong, njur diterusne maneh,”Lan manehe, umure
wis pira? Umur wis anguk-anguk kubur wae duwe pokal gawe arep rabi maneh.”
“Nggih bok
kersane. Sing ajeng rabi kersane rabi ta, mak”
“Jane ki, kowe
kuwi mbela sapa, ta?” pitakone emak isih nesu.
“Kula niki
boten mbela sinten-sinten. Kula niki namung mesakke emak. Boten kok mbela bapak
,” kandhaku tetep ngarih-arih supaya emak bisa lilih atine.
“Ya ora ngono
kuwi carane,” kandhane emak isih tetep atos wae.
“Lha saniki
napa sing ajeng dilampahi ?”
“Sesuk arep
daklabrak”.
“Dilabrak ?”
“Iya. Bapakmu
karo gendhakane arep dakunek – unekake.”
“Dilabrak nggih
dilabrak, ning ditata dhisik.”
“Yen nganggo
ditata kuwi jenenge ora nglabrak.”
“Terserah emak
mawon. Karep kula ngaten, emak niku boten sisah mikir bapak. Mangan boten
mangan melok kula. Nek namung ngopeni
sampeyan mawon boten – boten nek kabotan. Cobi ta sampeyan tingali, awak sampeyan
niku kantun balung kalih kulit jalaran mikiri bapak. Lha nggih mbok empun dijarne mawon.“
“Ora, sesuk aku
tetep nglabrak.”
---0---
Awan bubar
bedhug aku weruh emak mlaku mlangkah
lawang mlebu omah, aku banjur takon, “Saking pundi, mak ?”
“Nglabrak,”
wangsulane cekak.
“Terus ….. ?”
“Wis lega
atiku. Lega atiku … bisa nglabrak bapakmu karo gendhakane.”
“Terus angsale
napa ?”
“Olehe … ya
lega”.
“Oleh-olehane
rak namung ngoten ta ?” aku njur mbacutne omonganku,”Sampeyan wau boten
oleh-oleh duren ta, mak ?”, aku ngguyoni emak.
“Wong bar
nglabrak kon oleh-oleh duren ki piye ta karepmu ? Gendheng pa edan kowe kuwi ?”
“Eee….
Bokmenawa. Bar nglabrak terus mulih nggawa duren ngge putune. Nek sampeyan
nggawa nggih pundi kula bencahe.” Aku tetep ngguyoni emak.
“Ra urus. Enek
wong atine njelu ngene, malah ndhagel,”
“Mbok nggih empun
ta, mak. Boten sisah ngurus niku bener sampeyan,” kandhaku.
“Ra arep
ngomong karo kowe,” emak njur nglungani.
Dina – dina
candhake ora ana owah- owahan, tetep kaya maune. Dina ganti minggu, minggu
ganti wulan, wulan ganti taun kahanan tetep ora ana owah-owahan babar blas. Bapak wis ora nate mulih menyang omah. Mung
kadhangkala bapak teka menyang omahku saperlu niliki putune lanang. Mbokmanawa
wae kangen. Wani mlebu omah yen emak ngepasi ora ana omah.
--- 0 ---
“Pripun mak ?”
pitakonku mbaleni rembug.
Anggonku ngarih-arih durung
kasil. Aku wis kentekan akal kepriye anggonku kandha supaya emak gelem menehi
sepura bapak.
“Ngaten lho mak. Niki nggih
namung critane tiyang kathah. Tiyang mati niku nek boten angsal sepura, sajrone
patang puluh dina rohe ajeng mulih. Nggoleki
tiyang sing boten purun nyepura kaluputane. Pripun nek bapak mengke wangsul
teng griya terus ngetoki sampeyan ?”
Emak mung meneng wae. Sajake
nggagas- nggagas apa sing arep dilakoni. Ora suwe aku njur kandha maneh.
“Nggih nek rupane malih bagus
utawa nggantheng kaya Janaka ngoten,
boten napa – napa. Upami rupane niku malih dadi elek, napa sampeyan boten girap
– girap?”
“He… piye ?” emak sajak kaget lan
rada keweden.
“Pripun nek bapak niku mengke
wangsul teng griya terus ngetoki sampeyan terus rupane malih dadi elek?” aku mbaleni kandhaku.
“Apa ya ngono ?”
“Sampeyan percaya nggih mangga,
boten percaya nggih mangga. Terserah sampeyan. Niku naming critane
tiyang-tiyang mawon. Kalih malih sing duwe wenang nyepura rak nggih namung
sampeyan lho. Kula niki prenahe rak mung anak mantu. ”katone emak wis wiwit percaya
marang omonganku.
“Ya wis. Yen ngono bapakmu
daksepura.”
“Lha nggih ngoten,” kandhaku.
Atiku krasa lega.
Temenan let sadina saka kedadean iku bapak tinggal donya.
Surabaya, 24 September 2011.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar