Sadurunge Kali Surabaya disudhet ngetan ing Wanakrama (Wonokromo) iline Kali
Surabaya menggok nuju mangalor. Wis
lumrahe kali gawean alam wis mesthi wae iline banyu menggak menggok ora bisa
kenceng. Semono uga kali Surabaya.
Kali Surabaya, saka Wanakrama tumuju ngalor, sawise
teka Genteng, kali pecah dadi loro. Sing siji mili ngulon menggok ngalor
ngliwati Gemblongan, Kramat Gantung, Peneleh, Pecinan, ngalor menggak- menggok sakulone
Ampel ngalor ngulon tumuju menyang supitan (selat) Madura. Sing sijine mili
ngalor liwat Undhaan, Kalimbungan, Kalisari, Pengampon, Punguran, Cantian,
Srengganan, Topaten, Nyamplungan, Karang Tembok, Sawahpulo, Pesanggrahan ngalor
tumuju menyang supitan Madura, Kali iki dijenengi Kali Pegirian (Gambar kar no
1).
Sadurunge kali disudhet, iline banyu kali loro
lorone isih gedhe, isih kena dilayari nganggo prau. Bareng ana sudhetan ing
Wanakrama iline banyu sing mangalor bisa diatur, ora gedhe kaya mau maune. Uga
bareng ing Genteng diwenehi dam (pintu air) kali Pegirian dadi cilik banget,
nganti ora bisa dilayari. Saiki mung kari wujud kalen gedhe. Samono uga sawise
ing salore Endrasana (Endrosono) iline
banyu dienggokake ngetan tumuju menyang
sungapan (muara) Bulak Bantheng. Ing sapinggire kali kono banjur ana kampung
anyar kang saiki karan kampung Mrutu Kalianyar . Kanthi anane sudhetan lan dam
Mlirip, Surabaya ora bakal katrejang banjir gedhe.
Saliyane iku Walanda nggawe kanal (terusan) kira
kira saka Jembatan Merah (Roode Brug) , sing maune kali menggak menggok arah
ngalor ngulon (Gambar kar no 2), kali banjur digawe kenceng ngalor nganti teka
Ujung (Oedjoeng) anjog ing supitan Madura. Kali sing maune mili ngalor ngulon
menggak menggok banjur mati. Gambar kar taun 1719 kali Surabaya isih menggak
menggok. Nanging gambar kar taun 1787 kali Surabaya wis kenceng mengalor. Dadi
kira kira nggawene kanal kasebut udakara 70
taun. Jaman samono pelabuhan Tanjung Perak durung ana.
Asal
usul jeneng Kalimas.
Ing gambar kar taun 1670 Walanda njenengi kali iki
River van Sourabaja (Kali Surabaya) Sawise kanal dadi, lan iline kali dadi
kenceng ngalor banjur dijenengi Kali Maas.
Tembung mas ing basa Jawa iku tegese jinise barang
pelikan (barang tambang). Nanging ing basa Walanda apa uga mangkono .
Yen ndeleng kamus basa Walanda maas iku tegese jala
utawa jaring. Maas van een net tegese mata jala utawa jaring. Nanging uga bisa
dadi jeneng kulawarga (marga, Ind) contone : van Deventer Maas, Betsy Maas lsp
(bokmanawa mbah mbah buyute biyen dadi tukang njaring utawa tukang golek iwak).
Yen tembung Walanda kang ateges emas yaiku goud, contone goudsteeg tegese gang
Emas utawa jalur emas (Goudsteeg iku jenenge dalan ana ing salore Kembang
Jepun). Dadi jeneng “maas” iku bokmanawa jenenge arsitek sing nggawe kanal mau,
dudu emas kang tegese barang pelikan.
Endi sing bener, nyumanggakaken.
Sumber: Penyeberangan Masa Kuna, Goenawan A.
Sambodo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar