Situs Pager Ukir mapan ing tengahing alas Perhutani,
desa Pager Ukir, cam Sampung kab Panaraga (Ponorogo). Saka kutha kecamatan Sampung
dohe kira-kira 9 km. Antarane Taji karo Pager Ukir 21 km. Dadi yen dilakoni
nganggo laku sikil kira-kira 4 – 5 jam.
Ukuran wong mlaku jaman biyen (menyang pasar) sajam kira-kira 5 km.
Ing situs iki tinemu watu gedhe kang ana tulisane
kuna. Wujude aksara kalebu jinis aksara kwadrat. Aksara kwadrat iki dianggo ing
jaman kraton Kedhiri. Apa tulisan iki ditulis ing jaman Kedhiri ? Saliyane aksara
kwadrat ana uga tulisan kang cakrik Taji.
Aksara iki seje banget karo aksara kang ana ing
prasasti Taji. Prasasti Taji nduweni angka taun 823 Çaka utawa 901 M. Prasasti Taji
nyebutake asmane ratu yaiku Sri Maharaja Watukara Dyah Balitung. Antarane
prasasti Taji lan tulisan angka mau kaceke ana 233 taun.
Ing watu Pager Ukir iki ana tulisan angka (diwaca saka
ngisor) unine 1056 utawa 1065, sebabe angka 5 lan angka 6 ditulis jejer. Endi
sing diwaca dhisik 5 apa 6 ? Yen diwaca saka kiwa dhisik ateges taun 1056 Ç
utawa 1134 Masehi, lamun diwaca saka tengen dadi 1065 Ç utawa 1143 M. Apa ora
bisa diwaca saka dhuwur ? Yen diwaca saka dhuwur dadi angka 5601 utawa 6501,
wis mesthi wae angka mau banjur ora nduweni teges.
Ing taun 1056 Ç utawa 1134 M kang madeg dadi ratu
ing Kedhiri yaiku Sri Maharaja Bhameswara (1117 M) , nanging yen taun 1065 Ç
utawa 1143 M sing madeg ratu Sri Maharaja Jayabhaya (1135 M – 1157 M). Dadi
cetha yen tulisan mau ditulis ing jaman Kedhiri.
Perlu dikawuningani, miturut warga ing sakiwa
tengene kono ana crita kang misuwur yen papan ing kono dadi papan playune
Airlangga nalika ana kedadean Mahapralaya ing taun 909 Ç utawa 1007 M. Kutharaja Medhang kobar digempur dening
prajurit Wura-wari. Dharmawangsa Teguh nemahi pralaya ing kedadaean kasebut,
dene Airlangga keplayu nganti teka alas Wanagiri.
Kedadean Mahapralaya yen ditandhing karo tulisan mau
kacek 127 taun.
Saliyane
tulisan ing watu gedhe ana ing papan sacedhake kono uga ana tulisan kang unine
“HYANG MWAKTA” (asil anggone maca mas Aang Nugroho Pambudi) dene tegese asmane
kang ngembani padhepokan kono. Dadi ing kono biyen dadi asramaning pandhita kang
nduweni asma mau.
Saliyane
iku, miturut katrangan kang tinulis ing prasasti Taji, wis ana sesambungan
antarane Taji lan Sampung, kaya kang katulis ing prasasti, “nikanaŋ rāma i sampun tanda rakryan masawuńan masamuha mangigal …” kang tegese
sesepuh ing Sampung, para tanda lan rakryan padha adon-adon (mengadakan persabungan),
bebarengan mbeksa …
Kanthi
katrangan kasebut kena dipesthekake yen ing Sampung rikalane jaman iku wis dadi
padhukuhan utawa padesan kang reja. Banjur kepriye sesambungane karo lelakone Airlangga
?
Kang dadi pitakonan maneh, kena ngapa ing Pager Ukir
ora ditemokake bata -- kang lumrahe bata kuna – kaya tinemu ing Taji yen ing kono
nyata-nyata tilas padhepokan utawa asrama ?
Nyumanggakaken .
Sumber:
https://www.youtube.com/watch?v=S3kZ6EoaVLE&pbjreload=10
Tidak ada komentar:
Posting Komentar