Sawise Sultan Hadiwijaya ing Pajang seda, akeh para
ratu bawahan kang mbalela, mardika, ora gelem sumuyud marang Mataram.
Kraton Pajang surud, kraton ngalih menyang Mataram. Taun
1587 Danang Sutawijaya madeg dadi ratu ing Mataram, kanthi ajejuluk Panembahan
Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama Khalifatullah Tanah Jawa.
Sawise madeg
ratu panjenengane kepingin njembarake panguwasane. Ing Jawa wetan ing wektu ana
kraton kang ora gelem tundhuk marang Mataram, yaiku Giri Kedhaton lan Kadipaten
Surabaya. Kadipaten Surabaya sing ngasta pusaraning praja Adipati Jayalengkara.
Panembahan Senapati banjur mbudhalake prajurit kepingin nggebug
Surabaya. Kedaden perang campuh ana ana ing Majakerta. Ing perang mau ora ana sing
kalah lan menang. Jalaran kasil didhamekake dening Sunan Giri Prapen. Wusanane
prajurit Mataram lan Surabaya padha bali menyang papane dhewe-dhewe.
Taun 1601 Sultan Agung Hanyakrakusuma madeg dadi
ratu. Adipati Jayalengkara durung gelem sumuyud marang Mataram. Ing taun 1620 Surabaya
kinepung wakul binaya mangap. Kali Mas dibendung, iline diilekake menyang Kali
Porong. Pamrihe supaya Surabaya kasatan. Nanging Surabaya durung bisa
dikalahake.
Sabanjure Sultan Agung banjur ngutus Tumenggung
Bahureksa kang wektu iku dadi bupati Kendhal mandhegani perang nggebug Surabaya.
Sukadana (Kalimantan) ing taun 1922 digebug luwih dhisik.
Sultan uga ngutus Ki Juru Kiting (putrane Ki Juru
Martani) kanggo nelukake Madura. Madura isih
wujud kadipaten cilik-cilik. Madura bisa disawijekake lan diembani dening
Pangeran Prasena. Pangeran Prasena madeg adipati kanthi ajejuluk Cakraningrat
I.
Sawise Sukadana lan Madura bisa ditelukake, Surabaya
sangsaya ringkih. Ora ana pasokan pangan babar pisan. Wusana Surabaya bisa
karebut ing taun 1625. Parjurit Surabaya asrah bongkokan. Adipati Jayalengkara bali
sumuyud asok glondhong pangareng-areng menyang Mataram. Sanajan wis ditelukake,
kalungguhane adipati ora dipocot. Putrane Adipati Jayenglengkara kang aran Pangeran
Pekik diutus supaya mandhegani para ngulama ing Ampeldhenta. Surabaya dadi negara bawahan Mataram.
Jalaran sepuh Adipati Jayalengkara seda. Kalungguhane
banjur diganti dening putrane yaiku Pangeran Pekik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar