Selasa, 21 April 2020

JEMBATAN MERAH.



Kanggone wong Surabaya mesthi weruh lan ngerti papan lan sejarahe Jembatan Merah. Jembatan Merah misuwur banget, ora mung ana ing Indonesia wae nanging nganti manca Negara. Jembatan Merah uga dadi ilhame Gesang nalika ngripta lagu “Jembatan Merah”
Ana kedadean gedhe tumrape sejarah Nasional Indonesia, kang bisa ngenggokake lakuning sejarah. Yaiku nalika para nom noman mung nggawa granggang ngusir prajurit Sekutu nalika ngebroki Surabaya. Tentara Sekutu kang dipandhegani Brigadir Jendral AWS Mallaby ndharat ing Surabaya arep nglucuti tentara Jepang lan mbalekake panguwasane pamarentah Walanda.  Pemudha Surabaya nulak tekane tentara Sekutu mau.
Para mudha ora nduweni rasa gigrig, giris lan miris nalika ngadhepi tentara Sekutu kang nggawa gegaman pepak. Bab iku nuduhake sepira gedhene rasa patriotisme para nom noman nalika ngurbanake jiwa ragane kanggo labuh Negara, ngukuhi wutah dharahe. Paribasan sadumuk bathuk sanyari bumi den tohi pati.
Brigadir Jendral Mallaby tiwas. Tentara sekutu nesu, banjur ngultimatum warga Surabaya enggal enggal nyerahake gegaman sing diduweni, nanging ora digubris. Wusana Sekutu nyerbu Surabaya, akeh korban kang tiwas. Para nom noman nganakake perang gerilya. Ora suwe Sekutu oncat saka Surabaya. 

Bali menyang jaman lawas. Jembatan merah nalika semana diarani Roode Brug. Apa sebabe diarani mangkono. Pancene kretege dicet abang, mula diarani Roode Brug. Kreteg Jembatan Merah nyambung antaran kampung Pecinan (Handelstraat) kang dadi punjere ekonomi karo kulon kali kang dadi punjere paprentahan.
Saka Handelstraat ngulon ngliwati kreteg Jembatan Merah (Roode Brug) menggok ngidul utawa ngalor. Willemstraat iki dalan kang nyigar Willemsplein (Willems square, saiki Taman Jayengrono, Jayengrono Park), saka pojok kidul wetan teka pojok lor kulon lapangan. Ora kaya saiki, saka Handelstraat bisa kenceng langsung menyang dalan Heerenstraat (dalane para tuwan, dalan Rajawali saiki). Ing sakidule kreteg kono ana Willemskade (Dermaga Willem) kanggo labuhe prau-prau.
Kena ngapa kudu menggok nengen. Jalaran yen kenceng nabrak gedhong Stadhuis en Bureau (Balai Kota), gedhong Geldkantoor utawa Kantor Keuangan, lan Telegrafkantoor (Kantor Telegraf). Nembe taun 1920 dalan dikencengake saka Handelstraat nganti teka Heerenstraat.  Kantor Bale Kota dibongkar. Sawise dibongkar gedhong Bale Kota nyewa ana Gemblongan, banjur ngalih menyang Kedhungdara (Kedungdoro). Nembe taun 1923 ngalih menyang Ketabang.
Saiki (taun 2020) dalan Rajawali lan Kembang Jepun, mung bisa diliwati saka kulon, ora bisa bisa diliwati saka wetan (mung sajalur).

Gambar 1  Roode Brug.
Gambar 2  Matrozen van de Koninklijke Marine marcheren over de Roode Brug over de Kalimas bij de Willemskade.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...