Pangeran Kedhawung, uga sinebut Sunan Tawangalun
dadi ratu ana Blambangan utawa Bilumbangan kagungan putra lima. Salah sijine
putra mau Lanang Dhangiran. Nalika Lanang Dhangiran umur 18 taun dheweke tapa
ngeli ana ing segara. Dheweke mung gondhelan utawa numpak bronjong – piranti
kanggo golek iwak – anut ilining banyu. Tanpa mangan lan ngombe. Sing dipangan
mung apa kang tumiba ing tutuke, sing diombe mung banyu udan. Kompal-kampul pirang-pirang
wulan katiyup angin ing tengahing segara. Saking suwene ana ing tengahing segara
nganti awake sakojur ditempeli remis, kerang lan kijing, nganti ora rupa
manungsa.
Ing sawijining dina ana prahara gedhe ing tengahing
segara. Ombak-ombak mawalikan, alun sagunung-gunung gulung-gulung uber-uberan. Bledheg,
kilat lan thathit sesamberan ora ana kendhate. Udan kaya disokake saka langit. Swarane
guntur gludhug kaya mbelah-mbelahna akasa gawe getering swasana.
Sawise prahara mendha, langit katon sumilak padhang.
Ora ana mega, ora ana mendhung, srengenge mencorong manjer ana ing tengah. Angin
sumilir manda-manda. Ora krasa Lanang Dhangiran wis gumlethak ana gisiking
segara.
Ing nalika iku Kyai Kendhil Wesi mlaku sauruting
gisik arep njala iwak ing sagara. Weruh ana wong gumlethak ing pinggir gisik,
banjur dicedhaki. Sawise dideleng isih katon ana ambegane, banjur dibopong, digawa mulih. Sawise diupakara kanthi becik, Lanang
Dhangiran banjur bisa waras-wiris bali kaya mau-maune, waluya jati jatining
waluya.
Ing sawijining dina Kyai Kendhil Wesi kepingin
sumurup asal-usule Lanang Dhangiran. Sawise ditakoni dheweke ngaku manawa dheweke
putrane ratu Blambangan Pangeran Kedhawung. Kaprenah putu karo Menak Bedhuyu. Bareng ngerti yen Lanang Dhangiran iku putrane
ratu Blambangan, kyai Kendhil Wesi banjur prasaja pranyata yen Lanang Dhangiran
isih sedulur dhewe. Kyai Kendhil Wesi turun saka Menak Sumendhi. Lanang
Dhangiran banjur diopeni , dianggep kaya anake dhewe. Saka piwulange Kyai
Kendhil Wesi, Lanang Dhangiran ngrasuk agama Islam. Kira-kira umur likuran, Lanang
Dhangiran banjur ditemokake karo putra-putrine Ki Bimacili. Jalaran suwe
adhedhepok ana ing Brondong (sakulone Sedayu) banjur kasebut Ki Ageng Brondong.
Kyai Kendhil Wesi satemene sawijining kyai kang
waskitha, ngerti sadurunge winarah. Kyai Kendhil Wesi ngutus Lanang
Dhangiran supaya lunga menyang Ampel
Dhenta, ing kono Lanang Dhangiran bakal antuk dalaning kamulyan.
Ampel nalika samana wis dadi punjere agama Islam. Lanang
Dhangiran kang uga disebut Ki Ageng Brondong sawise teka ing Ampel dhedhepok ana
ing Bataputih (Botoputih) sawetane kali Pegirian. Bataputih kaprenah sawetane
Ampel. Ing kono Ki Ageng Brondong dhedhepok mencarake agama Islam.
Kyai Lanang Dhangiran kagungan putra 7 yaiku:
1. Nyai
Lurah Wiraguna, dipek garwa dening patih ing kasunanan Mataram. Nurunake trah Demang
Sutayuda (Sutojoedo), Peneleh, Surabaya.
2. Nyai
Setra / Astra (Setro/Astro) nurunake trah Bataputih.
3. Nyai
Danu Singapura (Danoe Singopuro), nurunake trah Singapradata.
4. Nyai
Wangsaita (Nyai Wongsoito/ Nyai Wongsosuto), nurunake trah Tumenggung
Setjanegara, Tjibolang, lan trah Hanggasutan (Honggosutan)
5. Nyai
Uju (Nyai Udju / Nyai Lundhu)
6. Anggawangsa
(Honggowongso). Sawise Pangeran Pekik diukum pati dening Amangkurat I,
Hanggawangsa diangkat dadi bupati ing Surabaya. Amangkurat I males kabecikane
Hanggawangsa lan Hanggajaya nalika mbiyantu nyirep kraman Trunajaya.
7. Anggajaya
(Honggodjojo) utawa Kyai Lanang Glangsing utawa Genthana (Genthono), diangkat
dadi bupati Pasuruan.
Kyai Brondong (Lanang Dhangiran ) seda ing taun 1638
yuswa 70 taun. Layone disarekake ing Bataputih (Botoputih).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar