Wiwit biyen Kembang Jepun wis reja, jalaran Kembang
Jepun dadi punjere ekonomi kutha Surabaya. Jalaran akeh wong-wong Cina kang manggon ana
kono mula diarani kampung Pecinan (Chinesche Kampement). Bab iki ora nggumunake
jalaran bangsa Cina penguripane saka laku dagang. Ana kutha ngendi wae – sing
kutha lawas – bangsa Cina mesthi manggon cedhak pasar. Mangkono uga ing Surabaya,
bangsa Cina manggon nyedhaki pasar yaiku pasar Pabean.
Jeneng Kembang Jepun, mula bukane iku jeneng kampung,
dudu jeneng dalan kaya saiki iki. Ing jaman Walanda, dalan Kembang Jepun jenenge
mung Handel Straat utawa “jalan perdagangan”, jalaran ing sakiwa tengene akeh
toko utawa wong dodol barang. Bab iki nelakake yen jeneng iku dudu jeneng
dalan. Dalan liyane sing nganggo jeneng Handel Straat yaiku ana ing kampung
Muteran.
Ing jaman Jepang, nalika Jepang ngebroki Surabaya,
para panggedhene Jepang manggon ing dalan iku. Banjur ana panganggep yen jeneng
dalan Japanese street utawa Japanse Straat. Nanging uga ana sing negesi yen
Kembang Jepun iku njupuk saka basa Jepang kang tegese “prawan Jepang”. Mesthi
wae panganggep iki luput jalaran ing gambar kar (peta) taun 1866 wis ana jeneng
Kembang Jepun (Kembang Djepon), puluhan taun sadurunge Jepang teka. Saiki dalan
mau diwenehi gapura kang ana tulisane Kya-kya. Ing kene didadekake sentra
kuliner utawa punjer jajan kanggo nguripake kahanan kang sepi ing wayah bengi. Sanajana
saiki ing wayah bengi bali sepi maneh.
Ing tengah-tengahe kampung Kembang Jepun kono ana
kuburan Cina utawa bong (Chineesch kerkhof). Saiki bong iki dadi pasar sing
rame banget, jenenge pasar Bong. Dagangane bangsane klambi, kain lan
sauba-rampene. Reregan ing pasar Bong sing kondhang murah, apa maneh yen tuku
grosiran. Sing tuku saka ngendi-endi, akeh sing saka njaban kutha. Malah-malah
ana sing saka luwar pulo barang.
Nlusuri jeneng-jeneng lawas ing kampung Pecinan
kayata: Handel Straat (jalan perdagangan), Suiker Straat (dalan Gula), Bibis
Straat (dalan Bibis), Kimlo Straat (dalan Kimlo), Chinesche voor Straat,
Chinesche breest, Chinesche Heeren Straat, Venus Straat (dalan Venus).
Ing kali Pegirian kono biyen ditanggul dhuwur kanggo
ngawekani supaya banyune kali ora nganti luber. Jenenge tanggul mau sing sisih
kulon diarani Pegirian dijk west (tanggul Pegirian kulon) , dene sing sisih
wetan diarani Pegirian dijk oost (tanggul Pegirian wetan).
Jalaran Surabaya sangsaya suwe saya mekar Pecinan
uga mekar. Mekare bangsa Cina mau antara liya menyang Kapasan lan Pejagalan. Saiki punjere ekonomi kutha
Surabaya ana ing sakiwa tengene Pasar Turi, sanajanta ing Kembang Jepun isih
tetep rame.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar