Senin, 31 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (7)



KREATIVITAS.
Salah sijine tolok ukur kanggo kemajuane sekolahan yaiku kreativitas. Kreativitas muride, kreativitas gurune, kreativitas kepala sekolahe, lan yen bisa uga kreativitas tukang kebone. Mula Diknas saben taun nganakake lomba KIR, lomba Karya Ilmiah Remaja,  kanggo ndhudhah lan nggugah kreativitas murid kang tundhone bakal bisa majokake bangsa lan negara.
Kreativitas murid bisa thukul lan bisa timbul amarga saka kreativitas gurune. Tanpa kreativitas gurune tangeh lamun yen bakal nukulake kreativitas muride. Kreativitas guru bisa mekar lan bakal ngrembaka yen disengkuyung dening kreativitas kepala sekolah. Ing kene iki jejere kepala sekolah minangka motor penggerak kemajuane sekolahan.
Kemajuane sawijining bangsa diwiwiti saka pikiran lan kreativitase para mudha.  Conto kang gamblang lan cetha wela-wela, nalika bangsa Indonesia dijajah Walanda. Bangsa Walanda wis ngregem sarta njajah bangsa Indonesia kang lawase nganti 350 taun – wektu kang ora sedhela – nanging bisa bongkar, bisa rungkad, bisa uwal saka penjajahan krana saka pikirane lan usahane para mudha, ing antarane Sukarno, Hatta, Syahrir, Bung Tomo, Rajiman Wedyadiningrat lan liya-liyane.
Manungsa bisa ndharat menyang rembulan amarga saka kreativitas. Diwiwiti saka angen- angene Jules Verne taun sewu wolungatusan. Banjur diimbangi kemajuane teknologi wusana ing taun 1969 Neil Armstrong kasil bisa ndharat menyang rembulan. Kamangka ing taun samono manungsa durung paja-paja nduweni ngelmu lan daya kanggo nggayuh angen-angen kasebut. Kabeh mau mung ditanggapi kanthi tetembungan “mokal”.
Bangsa Jepang, Amerika, Cina, Korea krana kreativitas bangsane bisa maju ing babagan teknologi. Iku mau kabeh krana kreativitas lan semangate para mudha majokake bangsane. Beda karo bangsane awake dhewe. Ing donyane Internasional murid-murid Indonesia bisa kasil ngrebut juara matematika, fisika, kimia, astronomi nanging kena ngapa bangsa Indonesia ora enggal-enggal bisa maju ? Sing diothak-athik kurikulum. Kamangka yen ganti kurikulum, buku-buku murid lan guru uga kudu ganti.  Malah ana kabar kang nrenyuhake , ing atase Negara Indonesia negara kepulauan, negara sing nduweni garis pantai paling dawa sangalam donya, kena ngapa uyah wae kok ngimpor saka Selandia Baru ? Apa sing salah ing negara iki ?
Ing ngisor iki conto salah sijine pemimpin bangsa sing ora tepak yaiku tokoh kita ingkang minulya Drs Arjo Gembor, MM. Mangkene critane.
Ana sawijining guru, taksebut wae pak Beja. Pak Beja yen diarani kreatif nemen ya ora, nanging dheweke bisa nggawe program kanggo nggampangake para guru ngolah nilai utawa biji. Yen diarani program temenen ya dudu, mung krana akale dheweke bisa ngothak-athik program excel kanggo nggampangake pakaryane guru. Lamun ana guru sing arep nglebokake biji menyang daftar nilai cukup nglebokake nilai mentah wae. Program mau otomatis ngrata-rata nilai, nglebokake menyang daftar kelas, nilai rapor sisipan, lan mlebu ing daftar kelas. Nilai rapor sisipan lan ing daftar kelas mung kari nyithak wae. Gampang ta ? Sanajanta mung ngothak-athik , anggone nggawe program mau ngentekake wektu nganti  telung sasinan nganti program mau rampung kanthi sampurna. 
Saliyane iku pak Beja nggawe program kango nyusun daftar mengajar guru. Program iki nggampangake bagian kurikulum nyusun jadwal mengajar guru. Saupama ana sawijining guru mulang doble ing kelas bisa enggal dimangerteni. Sejene iku jumlah jam mengajar uga langsung bisa dimangerteni. Saupamane nyusun program kanthi cara manual bisa ngentekake wektu saminggu, kanthi nganggo program iki mung cukup rong dina wis bisa rampung.
Program liya, yaiku program kanggo nyithak slip gaji guru lan karyawan. Kanthi nglebokake data gaji, jumlah potongan wis bisa dicithak slip ganjine.
Ana maneh program ding digawe pak Beja, yaiku program perpustakaan. Mung emane, bareng komputere sering heng  lan sering diinstal ulang program perpustakaan mau ilang.
Bareng pak Beja arep dilereni dheweke matur  mbok ya anggone nglereni iku ndeleng lan ngregani jasa-jasane wong, ora angger nglereni wae. Ngendikane bapak Drs Arjo Gembor, MM, “Lho pak Beja minta dihargai. Iya ?” ngendikan mangkono mau bola-bali, ora mung pisan pindho. Njur diteruske maneh.
“Saya dulu ketika jadi kepala sekolah, saya tinggalkan begitu saja. Saya tidak minta dihargai.”
Rehdene pak Beja ngrumangsani dadi andhahan lan kalah kuwasa, ing wusana pak Beja mung manut. Ing batin ngedumel, yen Indonesia dipimpin wong sing kaya kepala sekolah iki, Indonesia ora-orane yen bakal maju. Malah-malah bisa sangsaya rusak. Ana maneh, biyen dadi kepala sekolah apa kanthi legawa mundur ? Ora !!! Jalaran dilorod.
Dadi kepala sekolah dilorod wae kok sombong temen !!!!
KOPLAAAAK !!!!!

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...