Minggu, 16 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (6)



JUJUR KACANG IJO.
Tembung jujur akeh sing padha ngerti. Tembung jujur saben wong bisa ngucap, nanging ora saben wong bisa nglakoni. Negara nganti rusak bosah-baseh amarga akeh punggawane kang ora jujur. Saka tumindak kang ora jujur bisa mau bisa nuwuhake kadurjanan kang ora cilik akibate, kaya dene korupsi. Korupsi bisa nyengsarakake uripe wong sanegara, mula korupsi dianggep sawijining kejahatan extra ordinary, kejahatan sing luar biasa. Mula tembung jujur, arepa mung satembung nanging abot sanggane.
Sesrawungan ing antarane manungsa pribadi lawan pribadi , ing kantor utawa perusahaan uga kudu dilambari  kejujuran. Ora bakal ana wong rumangsa seneng yen anggone memitran, kekancan, sesrawungan yen  dikantheni utawa dilambari tumindak kang ora jujur.
Ora susah ing bebrayan gedhe, ing jagading bale somah wae uga kudu linambaran kejujuran. Sesrawungan antarane priya wanita, nalika isih pacaran nganti mbangun bale somah uga kudu dilambari kejujuran. Nganti tumekane anak-anak lan putu-putu uga tetep dilambari kejujuran. Yen ana salah sijine mblenjani janji, mesthi bakal ndadekake congkrah , bubrah, kang tundhone dadi padudon , bisa-bisa ndadekake pecahing bale wisma.
Luwih-luwih ing jagading pendidikan, perlu kejujuran ing antarane para murid karo murid, sesambungane antarane murid lan guru. Nanging uga sesamb ungan antarane para guru minangka andhahan lan kepala sekolah minangka pemimpin. Yen murid ora kena  mbujuk, ngapusi, utawa  mblenjani janji,mesthine  guru lan kepala sekolah uga ora kena tumindak mblenjani  utawa nyulayani janji. Kanggo nggladhi kejujuran malah-nalah  ana sekolahan kang nganakake “kantin kejujuran” kanggo nggulawenthah lan ngulinakake tumindak jujur. Murid-murid yen pinuju njajan , njupuk panganan lan mbayar ora diladeni kaya lumrahe wong dol tinuku. Kanthi “kesadaran” murid bisa njupuk panganan dhewe lan mbayar dhewe ing papan kang wus ditemtokake.
Saiki bali menyang “lakone” -yen cara kethoprak diarani rolle - yaiku panjenengane ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM.  Crita kang arep takaturake iki  kalebu golongane ngenthit, ora jujur, apa korupsi ? Mangkene critane .
Sekolahan kang dipimpin bapak Drs Arjo Gembor, MM dipatah dadi Sub Rayon. Dadi penjenengane ngasta jabatan Ketua Sub Rayon. Sub Rayon mbawahi pirang-pirang sekolah penyelenggara ujian. Sub Rayon nduweni dana kang ditarik saka peserta ujian kanggo operasional Sub Rayon. Panitia Rayon dumadi saka kepala sekolah-kepala sekolah kang kabawah Sub Rayon mau lan salah sijine guru bawahane Drs Arjo Gembor, MM kang minangka sekretaris Sub Rayon.
Ujian lumaku kanthi  gangsar, lancar. Sawise ujian rampung lan ora ana masalah, banjur  dianakake pembubaran panitia Sub Rayon. Pembubaran panitia dianakake ana daleme Ketua Sub Rayon. Sawise dietung-etung  pranyata  isih ana dana turahan saka operasionale ujian. Satemene turahane ya ora pati akeh, mung kena kanggo seger-seger tuku dhawet yen pinuju ngelak.
Dhuwit diamplopi , banjur diwenehake marang para panitia Sub Rayon. Ana amplop siji sing durung didumke yaiku bageyane sekretaris. Bendahara banjur takon marang Ketua Sub Rayon.
“Sekretaris kok ora rawuh, pak ?”.
“Iya, iki mau jarene ana perlu,” wangsulane Ketua Sub Rayon.
“Njur iki piye, isih ana amplop siji sing durung bisa diwenehake ?.”
“Wis gampang. Takgawane wae. Wong iku anak buahku wae”.
Temenan amplop banjur diwenehake marang Ketua Sub Rayon. Let seminggu saka kedadean iku, Bendahara tilpun marang sekretaris sing isine takon  wis nampa amplop apa durung. Pak Arjun –sekretaris- mangsuli yen dheweke durung nampa amplop. Pak Arjun enggal-enggal takon marang Ketua Sub Rayon, wangsulane,” Iya pak. Pancen ana titipan saka Bendahara, saiki amplope isih ana ing laci”.
Dienteni seminggu, rongminggu, telung minggu, patang minggu, nganti entek minggune amplope ora sida diwenehake. Apa amplop mau ana lime ta, njur ceket ana laci ? Apa ngene iki sing diarani jujur kacang ijo ?
KOPLAAAAAK, TA ?

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...