Rabu, 12 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (4)



KERJA IKHLAS, KERJA CERDAS, KERJA KERAS LAN KERJA TUNTAS.
Kepala sekolah kita, ya Drs Arjo Gembor, MM pancen sawijining kepala solah sing hebat. Kreatif, penuh daya imaginative, lan nduweni visi misi kang adoh lan jembar tebane. Mula ora rugi yen pamarentah ngangkat dheweke dadi kepala sekolah. Saben-saben briefing tansah ajak-ajak marang para guru supaya tansah nengenake anggone nggulawenthah utawa ndhidhik bocah-bocah. Jalaran mung saka pendidikan Indonesia iki mentas saka jurang kasangsaran. Ajuning bangsa gumantung ana tangane bapak lan ibu guru. 
Kanggo nggayuh program-program kang dirancang, panjenengane nduweni semboyan utawa sesanti anyar  yaiku “ kerja ikhlas, kerja cerdas, kerja keras lan kerja tuntas”. Semboyan iku saben-saben mungkasi briefing  mesthi diucapake, “Kita harus kerja ikhlas, kerja cerdas, kerja keras dan kerja tuntas,”  kanggo ngelingake marang para guru.
Ing akhiring taun ajaran, kepala sekolah kita, nganakake acara out bond  menyang Trawas, kerjasama karo salah sijine training centre kondhang kang ana kono. Ing acara out bond kabeh insan  sekolah diajak. Wiwit saka kepala sekolah, wakil, kaur, guru-guru , karyawan TU, satpam lan pesuruh ora ana kang kari.
Neng dalan lakune ora dicritakake. Sawise teka panggonan kang dituju, para guru lan karyawan oleh panggonan  dhewe-dhewe . Ing antarane iku  ana wektu kanggo istirahat, sembahyang  lan adus.
Wektu candhake para guru lan karyawan dening trainere diajak dolanan simulasi kang tujuane kanggo  supaya bisa nggayuh tujuan bebarengan, tujuan sekolah kanthi wutuh , utawa tujuan umum perusahaan. Simulasi iku jalaransipate dolanan mula kanca-kanca padha nglakoni kanthi ati kang gembira. Ing akhir acara utawa session, petugas TC banjur njlentrehake maksude dolanan mau. Mangkono ing dina candhake uga ana acara simulasi kaya mangkono mau. Entheng, gembira, nanging bisa njupuk manfaat kang ora sethithik. Lan isih akeh maneh acara kang kaya mangkono kang tujuane kanggo mupuk persatuan, kebersamaan lan liya-liyane.
Ing akhir acara dianakake acara renungan suci. Dening petugas TC para guru diajak ndeleng kahanan kang wis kapungkur, ndeleng sapa-sapa paraga kang nyebabake dheweke sukses, lan ndeleng kahanan kang bakal diadhepi. Lampu baka siji dipateni, nganti ora ana lampu sing urip. Kahanan ing kono peteng ndhedhet. Trainer terus menehi prentah lan pengarahan apa –apa kang kudu dilakoni. Kaya dihipnotis kahanan dadi tintrim, sepi, sepi, sepi nyenyet . Ora ana sabawaning walang ngalisik. Ora suwe banjur keprungu swara tangis ngguguk,embah sapa lan  embuh apa sing ditangisi ora ngerti . Bokmanawa wae dheweke ngrumangsani dosa , rumangsa ora bener anggone nyambut gawe ing sekolahan. Sabanjure mbaka siji peserta training dikongkon ngudal lan ngetokake  uneg-uneg apa kang  ana ing jero atine lan apa kang dadi kekarepane.  Kaya-kaya pengakuan dosa lah.
Esuke mulih. Sawise padha mlebu sekolah, wayahe nyambut gawe, bocah-bocah uga padha mlebu. Kepala sekolah ya ingkang minulya bapak Drs Arjo Gembor, MM maringi kuesioner ngenani out bond kang mentas  dilakoni. Ing antarane iku ana pitakonan apa sing dimaksud kerja ikhlas, kerja cerdas, kerja keras lan kerja tuntas.
Kerja ikhlas iku nindakake pakaryan kanthi lila legawa, ora ana sabarang kang ngganjel jroni ati. Ibarate wong ngising, sanajanta kelangan nanging atine malah lega. Nanging apa iya kanggone para guru sing nyambut gawe puluhan taun, sarjana pisan, nduweni tanggung jawab ngopeni anak sekolah njur bayarane  ora ana satengahe UMR ? Apa ya bisa ikhlas ?  Apa maneh sering diancam, “kalau nggak mau kerja di sini silakan keluar”.
Kanggone kepala sekolah pancen bener-bener ikhlas. Khaqul yakin lan ainul yakin ikhlas. Satus persen ikhlas. Lha mbok 200 persen nganti 1000 persen wis mesthi ikhlas. Apa sebabe ? Kepala sekolah iku ibarate asu gedhe. Yen kerah wis mesthi menange, yen ana dum-duman wis mesthi akeh dhewe. Ana dum-duman dhuwit pendaftaran, akeh dhewe. Dhuwit ulangan , akeh dhewe. Dhuwit ujian, akeh dhewe. Dhuwit koperasi, akeh dhewe. Andum dhuwit bathine buku, akeh dhewe. Penulisan ijazah, ya akeh dhewe. Panitia iki iku sing ana dhuwite ya akeh dhewe. Apa yen koyo mangkono njur ora ikhlas ? Yen nganti kepala sekolah nyambut gawe njur ora ikhlas iku, pring pecah …….PREEEEEKKK !!!
Semene dhisik lur, sing kerja keras lan sateruse disambung liya dina.
KOPLAK TA ?

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...