Sabtu, 08 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (3).



PINTER TENAN.
Ana paribasan “bathok bolu isi madu” tegese wong asor nduweni kaluwihan kang gedhe banget. Nanging paribasan iki ora bisa yen ditujokake utawa disambungake (dihubungkan) marang bapak kepala sekolah kita yaiku bapak Drs Arjo Gembor, MM. Dhasar bregas, trahing ngawirya lan isih rembesing madu. Lamun cinandra kaya raden Kakrasana, cakrak , grapyak nanging katon mrebawani. Mula yen ngendikan nalika briefing ing sekolahan ya thas thes, dhas-dhes ora nganggo tedheng aling-aling. Sapa sing ngalang-alangi bakal disikat, paribasan rawe-rawe rantas malang-malang putung. Yen wis ngendikan , ora ana guru sing wani cemuwit. Mung wae kadhang kala ya nglantur teka ngendi-endi ora ngerti endi bongkot endi pucuk. Mung kadhang kala.
Saliyane nduweni watek kaya kang disebutake ing dhuwur, pancen bapak Drs Arjo Gembor, MM sawijining sarjana sujana kang pinunjul, pinter, putus ing sakehing ngelmu pendidikan.  Apa tandhane ? Coba panjenengan dakaturi maos crita ing ngisor iki !
Ing sawijining dina ana salah sijining guru asmane dakcekak wae pak Untung - jeneng singlon- ditimbali menyang ruwang kepala sekolah. Sawise tata lungguh banjur wiwit wawan rembug.
“Bapak saya panggil ke sini bukan karena apa-apa,” bapak Drs Arjo Gembor, MM miwiti ngendikan. Let sedhela bapak kepala sekolah nerusake,“Bukan karena saya benci, tidak. Bukan karena saya tidak suka, juga tidak. Ini karena tugas dan wewenang saya, maka hal ini saya beritahukan kepada bapak.“
Pak Untung meneng wae ngrungokake ngendikane kepala sekolah  karo nata atine sing isih dheg-dhegan.
“Dalam mengajar , pak Untung tidak sesuai dengan ruhnya K-13. Sekali lagi tidak sesuai dengan ruhnya K-13. Pak Untung terlalu kereng”.
Wong loro banjur meneng, ora suwe pak Untung mangsuli,”Sebenarnya saya punya jawaban , bapak. Tetapi saya tidak mau berdebat tentang hal ini.”
Satemene mono pak Untung bingung, apa sing dikarepake kepala sekolah. Ngapa kok kepala sekolah  bola-bali ngomong ruhnya K-13, ruhnya K-13. Nganti tekan njaban ruwang kepala sekolah isih tetep bingung. Karo mlaku neng teras pak Untung mikir-mikir. Nyuuuut kelingan.
“Lha dalah,” pak Untung kandha jroning ati karo nyekeli bathuke,”Pinter tenan kepala sekolah iki. Pinter tenan ….”. Piye olehe ora pinter wong K-13 wis jenat, wis almarhum, wis diendhegake dening menteri pendidikan Anis Baswedan. Mula, bola-bali  kepala sekolah kandha RUHnya K-13, ora ragane K-13. Njur wujude ruhnya K-13 iku piye, ca ?
KOPLAAAAAAK !!!!!

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...