Minggu, 30 Agustus 2015

WISATA MENYANG WADHUK SELOREJO.




Salah sawijining papan wisata ing dhaerah Malang yaiku wadhuk Selorejo. Dununge ana ing desa Pandhansari kecamatan Ngantang. Saka kutha Malang dohe kira-kira 50 km. Panggonan iki yen disangkani saka kutha Malang arah menyang Batu, Pujon, banjur munggah jurusan Jombang utawa Kediri. Saka kutha Batu dalane wiwit munggah menggak-menggok. Mula yen nitih kendharaan dhewe kudu ngati-ati. Saliyane dalan ciyut ing ing pinggire ana jurang kang rada jero. Sing baku ora mangan dalan.
Sadurunge teka Ngantang, yaiku ing dhaerah Pujon uga ana papan wisata sing kalebu kondhang yaiku Coban Randha. Coban Randha iku awujud  grojogan kang ora ana enteke. Banyune bening, hawane adhem tur sesawangane nengsemake ati. Pancene papan iki dadi jujugane para wisatawan ing dhaerah Malang sakiwa tengene. Saka papan wisata Coban Randha, dalane terus munggah nganti teka Ngantang.
Saliyane disangkani saka Malang, uga bisa disangkani liwat Jombang. Wisatawan saka Jombang, Mojokerto lan sakiwa tengene bisa liwat Ngoro, Kandhangan, Kasembon  banjur Ngantang. Dene wisatawan saka daerah Kediri, Nganjuk lan sakiwa tengene bisa liwat Pare, Kandhangan, Kasembon , Ngantang. Saka dalan gedhe Malang – Jombang ana papan petunjuk ing desa Kambal kang nuduhake arahe wadhuk Seloreja. Dohe saka kono kira-kira 5 km. 

Hawa ing wadhuk krasa adhem. Pancene papan iki dhuwure kira-kira 650 m saka lumahing segara. Sawise tuku karcis, banjur mlebu ing papan wisata. Banyune wadhuk katon bening lembak-lembak katiyup angin. Ing kono wis disedhiyani prau kanggo wong kang kepingin praon ing wadhuk. Dolanan kanggo bocah-bocah uga ana. Saupama wisata karo ngajak bocah-bocah, wis bisa dipesthekake yen bocah– bocah bakal krasan. Sapa sing kepingin njajan utawa ngiras uga disedhiyakake. Ing pinggiring wadhuk ana dalan kang ngubengi wadhuk. Ing pinggiring dalan mau ana omah utawa villa kanggo panginepan. Mula yen kepingin ngrasakake atise hawa wadhuk panjenengan takaturi nginep ing pinggiring wadhuk mau. 

Emane, ing dina iki banyune susut akeh banget, krana ketiga dawa kang wis pirang-pirang wulan ora ana udan. Ing tengah wadhuk katon ana prau kang nyedhot wedhi saka dhasare wadhuk. Wedhi mau diilekake menyang spill way banjur mili menyang kali ing sangisore. Saupama wedhi mau ora disedhot, kamangka sedimentasi ing wadhuk kalebu dhuwur, bisa dipesthekake umure wadhuk ora bakal suwe.  Sanajanta mangkono ora nyuda kaendahane wadhuk.
Wadhuk Selorejo dikupengi gunung-gunung kang dhuwur. Gunung kang cedhak katon ijo royo-royo, sangsaya adoh katon sangsaya biru, ing wusana ora ana bedane antarane gunung lan langit. Ing ereng-erenge gunung katon omahe para warga desa kono, yen disawang saka kadohan katon tundha – tundha. Endah nengsemake ati.
Sesawangan ing ngisore bendungan katon ana kali kang mili saka wadhuk. Kaline katon menggak menggok kaya ula naga kang lagi mangsa jalma. Watu ing tengahing kali kang gedhene sagajah-gajah mung katon cilik. Ing sakiwa tengena kali ana pesawahan kang subur, katon ijo royo-royo. Ing sadhuwure pasawahan ana karang padesan kang sajake katon ayem tentrem.
Ing kadohan –ing ereng-erenge gunung- katon gendera abang putih kang gedhe banget. Gendera awarna abang putih. Werna kang nyolok bedane antarane werna abang putih karo werna ijone gunung. Ya ing kono iku papan kanggo terjune para atlit paralayang. Mula yen panjenengan atlit paralayang ora ana alane nyoba terjun (anjlog) saka wewengkon kono.
Wadhuk Selorejo wiwit dibangun ing taun 1963, rampung ing taun 1970, banjur diresmekake ing taun 1970 iku uga dening Presidhen Suharto. Paedahe wadhuk Selorejo kanggo ngendhalekake banjir, kanggo ngoncori sawah utawa pengairan, pembangkit tenaga listrik, kanggo papan wisata lan uga kanggo perikanan dharat. Kanthi anane wadhuk Selorejo lan bendungan Karangkates wilayah aliran Kali Brantas saiki wis arang-arang banjir.
Data teknis bendungan, type bendungan arupa bendungan urugan lemah. Bendungan iki mbutuhake urugan lemah 2.000.000 meter kibik. Ambane bendungan sisih ngisor 300 meter, dene ambane pucaking bendungan 8 meter. Dawane bendungan ing pucak ana 447 meter. Dhuwure bendungan saka dhasare kali 46 meter. Dene dhuwure bendungan saka lumahe segara 625 meter.
Sing arep ngersakake wisata menyang Selorejo, sumangga !

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...