Jumat, 07 Agustus 2015

KEPALA SEKOLAH KOPLAK (2)



PASANG CCTV
Salah sijine tandha yen sekolah iku maju yaiku sekolahan perlu ngetrapake teknologi anyar ,  teknologi sing paling gres, teknologi sing ora ketinggalan jaman.  Salah sijine teknologi mau yaiku CCTV utawa close circuit tekevision, yen cara saiki diarani televisi kabel.
Semono uga bapak kepala sekolah kita yaiku pak Drs Arjo Gembor, MM nduweni gagasan supaya sekolahan bisaa pasang CCTV. Embuh saka ngendi sumber dhuwite ora  nggagas, sing penting CCTV bisa dipasang ing sekolahan. Sanajana pasang CCTV mau ora kalebu ing RAPBS, CCTV kudu tetep dipasang,  kamangka dhuwit kanggo masang CCTV mau ora sethithik.  
Kanthi masang CCTV mau tujuane bisa ngaweruhi kahanan kang kedadean ing sajroning kelas, nalika bapak-bapak lan ibu lagi mulang. Kepriye kiprahe bapak lan ibu guru ing jero bisa dipantau, bisa ngaweruhi keluwihan lan kekurangane para guru nalika mulang. Yen ana salah sijine guru anggone mulang nduweni kaluwihan, kaluwihan mau bisa ditularake marang kanca – kanca. Lan nalika guru –guru nduweni kekurangan , kekuranga mau bisa enggal-enggal didandani.
Saliyane iku gunane CCTV bisa ngaweruhi manawa ana kelas sing kosong, banjur enggal-engal bisa diinval dening guru liya. Dadi ora ana kelas sing kapiran , nganti ora oleh wulangan jalaran ora ana gurune. Kepala sekolah uga bisa ngawasi kahanan nalika wektu ngaso utawa istirahat, wektune bocah ora diwulang lan kuranging pengawasan dening para guru. Bisa ngawasi tingkahe bocah-bocah kang mlebu metu ing jero kelas.
Bapak kepala sekolah Drs Arjo Gembor, MM uga nduweni gagasan , ing mengkone yen sekolahan wis bisa  masang CCTV, sekolahan bisa dipantau utawa diawasi saka ngendi wae. Bisa saka panggonan liya liwat internet. Upamane kepala sekolah lagi rapat, meeting  utawa raker ing jaban kutha, kegiatan sekolahan isih tetep bisa diawasi. Sokur-sokur sinambi leyeh-leyeh utawa sare ing daleme, sekolahan isih bisa diawasi, kuwatir aja –aja sekolahane digondhol maling.
Temenan, CCTV klakon dipasang, kamerane dipasang ing saben kelas, ora ketinggalan ing ruang guru lan kantor TU . Nanging anehe, papan  panggonan sing rawan malah ora dipasang kamera, kayata panggonan parkire sepedhahe bocah-bocah. Asring kedadean ban sepedhahe bocah digembosi kancane, kadhang-kadhang uga ana  bocah sing tangane nggrathil , njupuk onderdile sepedhahe kancane. Panggonan liya sing rawan yaiku kantin sekolahan . Ora bisa ngawasi bocah sing niyate kurang becik. Bocah pamit marang gurune arep menyang WC nanging banjur nylinthung menyang kantin.
Saliyane iku uga lawang seketheng utawa pintu gerbang sekolah ora diwenehi kamera. Kamangka penting banget meruhi sapa sing mlebu metu sekolahan. Tamu sapa wae mesthine kudu bisa diweruhi , jalaran tamu iku ana sing kekarepane apik , nanging uga ora kurang tamu sing nduweni kekarepan ala.
Pancene, antarane kekarepan lan kedadean kang sanyatane iku akeh sungsate. Akeh kedadean –kedadean ing sekolahan kang ora bisa diweruhi lan diawasi dening guru. Kedadean –kedadean iku ing antarane kaya ing ngisor iki.
Sepisan, ana bocah main judi utawa ngabotohan ing sekolahan. Sing kanggo totohan yaiku bal-balan. Kahanan iku lagi dingerteni nalika wong tuwane bocah mau laporan menyang sekolahan yen anake ora gelem sekolah jalaran wedi yen ditagih kancane krana diancam.
Kapindho, ana guru putri kelangan dhuwit kang cacahe puluhan yuta ing ruang guru. Mesthine kanthi anane kamera ing ruang guru bisa kaweruhan sapa sing njupuk dhuwit mau. Sanajan wis dilaporake menyang pihak kapulisen nanging  ora ana kabul kawusanane. Saben-saben maringi briefing kepala sekolah ora lali ngandhakake kedadean mau , kandha yen sing rumangsa njupuk supaya gelem enggal mbalekake. Banjur ngancam yen ora gelem mbalekake dhuwit sing dicolong, malinge bakal nemoni cilaka gedhe. Kaya mangkono mau ora pisan ora pindho. Nganti saiki ya ora ana guru, karyawan , utawa pesuruh sekolahan sing nemahi  cilaka kaya kang dikandhakake.
Katelu , ana salah sijine guru sing kelangan laptop. Kedadeane ngepasi dina Jemuwah. Laptop ditinggal ana ndhuwure meja guru, banjur ditinggal jemuwahan. Ing jerone ruwang guru mau isih ana wakil kepala sekolah lan salah sijine guru putri lagi padha rembugan. Ora suwe ruwang guru ditinggal menyang ruwangan kantor wakil kepala sekolah saperlu njupuk buku. Ora ngertia yen ana wong neneka kang mlebu ing ruwang guru njupuk laptop kang ana ing dhuwur meja. Satemene ana sawijining guru putri liyane kang ngonangi, nanging wong mau dikira tamu. Guru putri takon apa perlune. Tamune ya mangsuli, yen dheweke  nggoleki salah sijine guru sing mulang ana kono. Jalaran sing digoleki ora ana tamu mau banjur pamit mulih. Ora ngerti yen tamu mau nggawa laptop karo klambi seragame guru. Bablas angine !
Kapingpat, ana bocah laporan marang guru yen kelangan HP ana jero kelas. Bareng diusut mrana mrene, HP ne tetep ora bisa ketemu.
Kaping lima , kepala sekolah, ya pak Drs Arjo Gembor, MM ndakwa marang salah sijine guru, jarene guru mau yen mulang lungguh ing bangkune murid. Rumangsa ora nglakoni, guru mau banjur nantang supaya dibuktekake. Nyatane panjenengane ora bisa mbuktekake, mung thingak-thinguk kaya kethek ditulup.
Yen dipuntu (disimpulkan), banjur gunane CCTV sing regane ora sethithik mau kanggo apa ? Apa kanggo ngawasi anggone mulang guru, njur yen salah gampang anggone mecat. Apa niyate kanggo ndandani kahanan sing ora becik ? Apa pancen ana tujuan liya ? KOPLAK TENAN ta ?

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...