Jumat, 30 November 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (5)


CANDHI TEGAWANGI

Candhi Tegawangi dumunung ana ing Dhusun Candhirejo, Desa Tegowangi, Kecamatan Plemahan, Kabupaten Kediri. Saka kutha Pare arah Jombang, sawise prapatan lampu bangjo (traffic light) desa Beringin, menggok ngiwa kira-kira rong kilo meter . Dene Candhi Surawana saka prapatan mau menggok nengen kira-kira 5 kilometer.


Miturut Kitab Pararaton , Candhi Tegawangi iki kanggo ngruwat Bhre Matahun. Bhre Matahun iku dulur naksanak karo Prabu Hayam Wuruk (Rajasanagara). Dene miturut Kitab Negarakertagama, ngemot yen Bhre Matahun seda taun 1388 Masehi. Mula saka iku miturut panemune ahli sejarah Candhi Tegawangi iku dibangun taun 1400 M kanggo ngruwat Bhre Matahun kanthi upacara Srada kang dianakake 12 taun sawise kang diruwat seda.

Katandhing karo Candhi Surawana, wangun lan gedhene meh padha, dalah wektu ngedegake candhi iku uga ora geseh akeh. Candhi Tegawangi nduweni ukuran 11,2  X 11,2 meter, dene dhuwure 4,35 m. Pondhasine digawe saka bata, awak candhi digawe saka watu item (batu andesit,watu kali), padha karo candhi Surawana. Ing sikile candhi ditemokake relief gambar raseksa (gana) , lungguh jengkeng  nyangga Prasawyapatha 

 Ing sakupenge candhi digambari relief kanthi Crita Sudamala. Sudamala iku critane Dewi Durga kang rupane ala njaluk diruwat supaya bali wujud ayu , malih dadi Dewi Uma maneh. Kang ngruwat yaiku Sadewa ragile para Pandhawa. Dene ing senthong candhi ana Yoni nganggo pancuran kang arupa ula naga.

Ing plataran candhi ana  reca  yaiku Dewi Parwati Ardhenari, manuk garudha kang awake manungsa. Candhi Tegawangi iki kalebu candhi Hindhu.


Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...