Kamis, 15 November 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (1)



Negara Majapait didegake dening Raden Wijaya kanthi jejuluk Kertarajasa Jayawardhana. Kawitan punjere kraton utawa kutha raja Majapait ana ing desa Tarik. Tembung Majapait dijupuk saka arane wit-witan kang akeh thukul  ana papan  kono  yaiku  wit maja sing rasane pait mula Negara mau banjur dijenengi Majapait.
Negara / kutha raja Majapahit sawijining kutha kang gedhe kang subur lan  makmur , kaya kang dikandhakake dhalang : Negara kang ngungkuraken pagunungan, jalaran Negara Majapait dibangun ing tanah ngare (warata) ana ing buntute gunung Penanggungan, gunung Welirang lan gunung Anjasmara. ngeringkane benawi , yaiku ing tepine kali Brantas. Ngayunaken bandaran agung, kang mapane kira-kira ana ing Ujung Galuh. Gemah ripah loh jinawi kartaraharaja. Uga  katitik saka patilasan-patilasan  sing isih bisa kita prangguli nganti saiki kayata : segaran kang jembar ngilak-ilak, candhi, gapura, makam, lsp.
Kutharaja Majapait jembare kira-kira 11 km X 9 km, wiwit saka  wilayah Kecamatan Trowulan lan Sooko ing kabupaten Mojokerto nganti kecamatan Mojoagung lan Mojowarno ing kabupaten Jombang.



Yoni Gambar dinuga minangka wates kutha raja Majapait ing sisih kidul, mapan ana ing Desa Japanan, Kecamatan Mojowarna, Kabupaten Jombang.


GAPURA WRINGIN LAWANG.


Gapura Wringin Lawang mapan ana ing desa Jatipasar, kecamatan Trowulan , Kabupaten Mojokerto. Gapura Wringin Lawang digawe saka bata, dene undhak-undhakane digawe saka watu. Wujude Gapura Wringin Lawang arupa candhi bentar yaiku candhi sigar (candhi sing ora nganggo payon) . Ukuran candhi yaiku  dawane 13 m, jembar 11,5 m lan dhuwur 15,5 m. Lan ambane lawang (antarane kiwa lan tengen) 3,5 m.
Saka panaliten arkeologis ing plataran sisih kidul kulon ditemokake sumur cacah 14. Wujud sumur ana sing bunder , ana uga sing kothak. Sumur kang wujude bunder digawe saka bata bengkok, dene wujud sumur kothak digawe bata lumrah. Ana uga sumur bunder sing digawe saka “jobong” yaiku “bis beton” sing digawe saka terakota yaiku lempung sing diobong.
Gapura Wringin Lawang minangka lawang kanggo mlebu ing  sawijining papan kang nganti saiki durung diweruhi.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...