Ing ngisor iki tuladha basa krama kang kanggo nalika jaman Perang Diponegoro taun 1825 - 1830.
Serat saha ingkang tabe akathah – kathah Rahaden Ngapdullatip
Ali Basah Pengalasan , sayogi katur ing Kanjeng Tuwan Kurnel Keleres, sah ing
kadya sapunika awiyosipun , Tuwan Kurnel amundhut priksa dhumateng kula ,
menggah ingkang dados kersanipun Kanjeng Soltan Jawi , saha awit ingkang
rumiyin , mila sumediya mangun luhuripun agami Islam ing tanah Jawi sedaya, saupami nanggiya perangipun kaliyan
bongsa Kumpeni dipun dikaken milih salah satunggil . Ingkang rumiyin bilih
bongsa Kumpeni, teksih remen dados prajurit, tedhenipun lulus ingkang
ageng-ageng boten ewah kalenggahanipun, dados pedhangipun ing agami. Ingkang
kaping kalih bilih bongsa Kumpeni, teksih kraos ing tanah Jawi, ananging remen
merdika ,merdagang kimawon, dipun panci
sabin saleksa, sawerninipun Kumpeni
griya ngalempak dados satunggil , wonten tanah ing Pasisir ler sadaya.
Ingkang kaping tiga bilih bongsa Kumpeni , remen mantuk dhateng ing tanah
negari Welandi, sami-sami anglanggengaken pasedherekan kimawon, remen barang dandosanipun bongsa
Jawi , pinten regenipun mukakat Kumpeni inggih angeyatrani , utawi bongsa
Kumpeni remen sabin tanah Jawi , pinten mukakatipun inggih amajegi. Ingkang
kaping sekawan bilih bongsa Kumpeni , remen mangsuk agami rasul, tedha
kalenggahanipun boten ewah malah wewah . Samangsa-mangsanipun Tuwan Besar
kepanggih kalayan Soltan Jawi, hurmat taklim saha bilih reraosan Soltan Jawi
kaliyan kula , utawi-utawi dhateng Basah-Basah sedaya, menggah penggungungipun
dhateng bongsa Kumpeni sanget genipun eram,. Ingkang dipun eramaken inggih
sebarang kimawon , saha awit temen-temen kendel teteg terengginas tanggen keras
kebat cukat , andhap asor batin inggil, berbudi berdonya manah tetep leres,
lembat agal alus sampun kinawruwan sedaya, dipun upamekaken prajurit luwih, sinelir ing Allahu Tangala, punika
Tuwan angsrin kerep dipun erang-erangaken dhateng ingkang abdi-abdi sedaya.
Saha kula sampeyang dikaken nginten-nginten , menggah
kersanipun sapunika , saweg dugi-dugi kula piyambak, bilih serat kula sampun
dumugi panggenanipun Rahaden Dipati, saupami sarengan kalayan seratipun Basah
Prawiradirja , kados Soltan Jawi ragi gumujeng sakedhik , ingkang malih kula
kaliyan Basah Prawiradirja , dipun westani rebat ducung pados pekandelan
sedayanipun, saha bilih boten seratipun
Basah Prawiradirja , saweg larasipun kula dipun dukani sakedhap , inggih nedha
kendelipun perang, Kanjeng Tuwan Besar boten pareng, ananging kinten kula
lajeng dipun rembag sayektos, lepatipun utusan inggih mangsuli serat, dados
utusan dadosa mangsuli serat , menggah ijemanipun Tuwan , saweg pendugi kula
piyambak , sanesipun ing agami, kados mundhut tanah siti Sala Yoja, gejawi
tanah siti ingkang gebawah Gupernemen , saha patrap keratin kinten kula , boten
purun kajungjung utawi printah ing Kanjeng Tuwan Gupernemen , anjawenipun
sami-sami supeket tetanggan sedherekan, upamanipun lare jothakan wawoh, boten
mrintah boten dipun printah, widening tatananipun mangun luhuripun agami punika
Tuwan, anjawenipun Kumpeni, awit sawrenenipun lare ngakil baleg sapenginggil ,
sami dipun predi nrangkep kala,
jawenipun kala punika nicil sambutan , saupami siti tanah Rema, wonten
rajanipun bilih purun anglampahi sembayang, utawi purun merdi pawong –
rencangipun anglampahi sembayang sedaya, inggih lulus genipun nama raja wau,
boten wonten kawis-kawisipun punapa-punapa , samangsanipun boten purun
anglampahi sembayang inggih dipun salini, saupami boten dipun salini pesthi
dipun gitik perang.
Saha pandugi kula Tuwan, Soltan Jawi punika bilih boten
gedugen, angsalipun niyat kajat mangun agami, dipun lampi kondur dhateng
Rahmatollah, ingkang punika Tuwan lepat kula ingkang agung maklum sampeyan.
Sinerat ing malem Akat ping limalas ing wulan Jumadelakir ,
ing taun Jimawal warsa 1757.
Dipethik saka : Ekologi Kebuyaaan Jawa & Kitab Kedung
Kebo, Dr Peter Carey.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar