Sabtu, 17 November 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (3)


CANDHI GAPURA BAJANG RATU.




Gapura Bajangratu manggon ana ing Desa Temon, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Wangunan Gapura Bajangratu awujud wangunan “Paduraksa” yaiku gapura kang mawa payon. Gapura Bajangratu digawe saka bata, mung undhak-undhakan  lan jogane digawe saka watu andhesit. Ukuran Gapura Bajangratu 11,5 m X 10,5 m lan dhuwure 16,5 m. Jembare plawangan 1,40 m.
Gapura Bajangratu nduweni swiwi ing kiwa tengene. Ana ing sikile gapura ana relief kang nggambarake crita “Sri Tanjung”. Payone awujud payon matundha-tundha sing ana reliefe awujud : sirah kala kang diapit singa, relief srengenge, ula naga kang nduweni sikil, sirah garudha lan relief buta  mata siji (monocle ciclop). Relief-relief mau kanggo nulak bebaya (tulak balak).
Jeneng bajang tegese cilik, bajang ratu ateges ratu cilik yaiku ratu Jayanagara kang diwisuda dadi ratu nalika isih umur 15 taun. Ana ing kitab Pararaton disebutake “Sira ta dhinarmeng kapopongan, bhisaka ring Crnggapura pratista ring Antawulan”.  Dharma (wangunan suci ) ana ing kapopongan utawa Crnggapura kang ana ing Antawulan utawa Trowulan. Gapura Bajangratu minangka lawang mlebu wewangunan suci (kang nganti saiki durung ditemokake) kanggo ngurmati Prabu Jayanagara kang bali menyang Kahyangane Bathara Wisnu.
Wangunan Gapura Bajangratu kanggo mengeti (ngurmati) sedane Prabu Jayanagara kang seda ing taun 1328 Saka.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...