Rabu, 05 Desember 2012

PATILASAN KRATON MAJAPAIT (6)


CANDHI SUMUR.

Candhi Sumur manggon ing Dhukuh Candhi Pari  Wetan, Desa Candhi Pari , Kecamatan Porong , Kabupaten Sidoarjo. Ora adoh saka Candhi Pari, kira-kira mung 100 meter. Saka alun-alun kutha Sidoarjo dohe kira-kira 18 km, arahe kidul kulon.
Candhi Sumur iki digawe saka bata, ukurane 8 x 8 meter, lan dhuwure 10 meter.madhep ngulon. Candhi iki dumadi saka sikil candhi, awak, payon. Nanging wis ora wutuh maneh jalaran jamur lan hawa kang ngandhut uyah. Ana ing awake candhi ana senthongan kosong, sing mesthine isi Lingga – Yoni. Anane candhi iki ana sambung rapete karo Candhi Pari sing dohe mung kira-kira 100 meter saelore Candhi Sumur iki. Ana ing Candhi Pari ditemokake angka taun 1293 Çaka (1371 M) nalika jamane Prabu Hayam Wuruk. Adhedhasar wangun lan wujude mula dinuga Candhi Sumur iki didegake nalika abad XIV Masehi. Candhi iki kagolong Candhi Hindhu.

Candhi Sumur iki nate dipugar taun 1999 nganti taun 2003 dening Proyek Pemanfaatan Peninggalan Sejarah dan Purbakala Trowulan Jawa Timur.  Asile pemugaran  sing isih bisa dislametake yaiku : Sikil candhi = 70 %, awake candhi = 40 % lan payon candhi = 40 %.



DONGENG ASAL-USULE CANDHI PARI LAN CANDHI SUMUR.
Ing jaman biyen ana sawijining wong jenenge Kyai Gedhe Penanggungan  sing urip ana gunung. Dheweke duwe adhi wadon wis warandha kang manggon ing desa Ijingan. Kyai Gedhe Penanggungan duwe anak wadon loro , sing mbarep aran : Rara Walang Sangit lan  lan sing ragil aran  Rara Walang Angin. Karo-karone manggon ing omahe Kyai Gedhe Penanggungan. Dene Nyai Randha Ijingan duwe anak lanang karan : Jaka Walang Tinunu. Bareng wis dhiwasa Jaka Walang Tinunu kondhang baguse.
Ing sawijining dina, Jaka Walang Tinunu takon marang mboke, sapa satemene bapake. Nanging Nyai Randha Ijingan ora gelem blaka, mung kandha yen Kyai Gedhe Penanggungan iku sedulure lanang sing luwih tuwa.
Banjur Jaka Walang Tinunu kandha yen dheweke arep mbukak alas kanggo nggarap sawah. Panjaluke Jaka Walang Tinunu diidini dening Nyai Randha Ijingan. Jaka Walang Tinunu banjur budhal menyang alas dikancani dening Satim lan Sabalong, tumuju menyang pedhukuhan Kedhungkras (desa Kesambi saiki ) . Jaka Walang Tinunu banjur lekas mbabadi alas ing Kedhung Soka, saelore Kedhungkras, lan sisih kidule desa Candhi Pari.
Wis sauntara wektu ing Kedhungkras, ing sawijing wengi kancane Jaka Walang Tinunu yaiku  Sabalong masang wuwu ing kali Kedhung Soka. Esuke, wuwu sing dipasang Sabalong isi isi kutuk, sing diarani Dheleg. Sabalong bungah banget, oleh-olehane mau dituduhake marang Jaka Walang Tinunu lan Satim. Bareng arep dibethethi iwak  kutuk mau bisa tata jalma lan celathu, kaya lumrahe manungsa. Dheweke kandha yen biyen iku sejatine manungsa dudu iwak kutuk, lan ngaku jeneng  Sapu Angin. Sapu Angin ngaku dheweke biyen ngawula marang sawijining pandhita saka Gunung Pamucangan. Dheweke kadosan marang sang resi jalaran dheweke kepingin dadi ratu. Dheweke diparingi lilah ora  ngratoni manungsa nanging dadi ratune iwak, nganti  dheweke  klebu ing wuwu. Krungu kandhane iwak kutuk mau Jaka Walang Tinunu rumangsa trenyuh atine, banjur kandha : “Sing sapa bakale manungsa balia dadi manungsa”. Sanalika iku iwak kutuk mau malih wujud dadi manungsa. Wujud jaka kang bagus rupane, meh padha baguse karo Jaka Walang Tinunu. Jejaka malihane iwak kutuk mau banjur diwenehi jeneng : Jaka Pendhelegan, lan diaku sedulur enom dening Jaka Walang Tinunu. Kekarone banjur bebarengan mbukak alas kanggo tetanen.
Bareng  wayahe arep tandur, Jaka Walang Tinunu bingung mikirake bibit pari, jalaran dheweke ora duwe babar pisan. Dumadakan dheweke eling kandhane mboke biyen yen mboke duwe dulur lanang yaiku Kyai Gedhe Penanggungan. Jaka Walang Tinunu arep kandha marang Kyai Gedhe Penanggunga ora wani, mula banjur kandha marang Nyai Gedhe, sabanjure diaturake marang Kyai Gedhe Penanggungan. Nanging Kyai Gedhe Penanggungan ora ngolehi jalaran ora percaya yen bibit arep ditandur neng sawah.

Kocapa, anake Kyai Gedhe Penanggungan – ya si Rara Walang Sangit lan Rara Walang Angin, bareng weruh tekane jejaka loro kang bagus-bagus rupane lan ora nglalekake suba sita  banjur kasmaran.
Jaka Walang Tinunu lan Jaka Pandhelegan cuwa atine dene panjaluke ora ditampa mung diwenehi mendhang (kulit pari yen ditandur ora bakal tuwuh). Kyai Gedhe Penanggungan bajur kongkon marang Rara Walang Sangit lan Rara Walang Angin supaya njupakake mendhang. Jalaran duwe rasa seneng lan rasa mesakake marang Jaka Walang Tinunu nalika njupukake mendhang njur dicampuri pari sing wos, sing isine bisa  ditandur kanggo bibit. Mendhang sing kecampuran bibit mau banjur dipasrahake marang Jaka Walang Tinunu lan Jaka Pandhelegan. Kyai Gedhe banjur kandha :” Ya kuwi bibite. Wis saiki muliha”. Sawise nampa mendhang sakarung Jaka Walang Tinunu lan Jaka Pandhelegan banjur mulih. Kocapa, Rara Walang Sangit lan Rara Walang Angin njaluk lilah marang Kyai Gedhe yen kepingin melu Jaka Walang Tinunu, nanging ora diidini dening Kyai Gedhe Penanggungan.  Wusanane Rara Walang Sangit pesen yen mengko wayahe tandur supaya ngabari marang Kyai Gedhe.
Satekane ing omah, mendhang mau banjur disebar, ditampak (didhedher). Jaka Walang Tinunu lan Jaka Pandhelagan digeguyu dening Satim lan Sabalong, jalaran mendhang mau ora bakal thukul. Nanging Jaka Walang Tinunu ora ngrewes marang panyaruwene si Satim. Pranyata mendhang mau bisa thukul kaya salumrahe bibit.

Sawise bibit sing ana tampakan umur patang puluh lima dina , wis wayahe tandur. Jaka Walang Tinunu banjur aweh kabar marang Kyai Gedhe Penanggungan  yen dheweke arep miwiti tandur. Mula Jaka Walang Tinunu njaluk idi supaya Rara Walang Sangit lan Rara Walang Angin dililani ngrewangi tandur. Nanging panjaluke Jaka Walang Tinunu mau ora diidini. Kyai Gedhe Penanggungan  malah nesu, lan uga kandha yen Rara Walang Sangit lan Rara Walang Angin wis dilamar ratu Blambangan. Jaka Walang Tinunu lan Jaka Pandhelegan banjur mulih menyang Kedhung Soka kanthi ati cuwa. Bareng ngerti yen anggone rewang tandur ora dililani dening Kyai Gedhe, Rara Walang Sangit lan Walang Angin sesidheman nututi lakune Jaka Walang Tinunu kekarone. Bareng wis ketemu kekarone  Rara Walang Sangit lan Rara Walang Angin blaka suta yen dheweke  kepingin dipek bojo. Jaka Walang Tinunu oleh Rara Walang Sangit dene Jaka Pandhelegan oleh Rara Walang Angin.
Kocapa, Nyai Gedhe Penanggungan bingung bareng meruhi  anake karo-karone ora ana omah. Dheweke banjur kandha marang Kyai Gedhe supaya nusul lakune anake. Anggone nusul ketemu ana ing tengah dalan. Kyai Gedhe banjur ngajak anake mulih menyang Penanggungan , nanging anake ora gelem. Wusane dadi padudon. Rara Walang Sangit lan Rara  Walang Angin puguh ora gelem bali. Jaka Walang Tinunu lan Jaka Pandhelegan ora maelu apa sing ndadekake padudon jalaran prawan loro mau melu saka karepe dhewe. Kyai Gedhe wusanane ngalah, bali menyang Penanggungan tanpa Rara Walang Sangit lan Rara Walang Angin. Wong papat  banjur nerusake laku menyang Kedhung Soka.
Nalika pari iwis umur patangpuluh lima dina, sawahe kasatan banyu. Jaka Walang Tinunu banjur ngongkon Jaka Pandhelegan supaya niliki banyune. Nalika ana ing tengah dalan  Jaka Pandhelegan ketemu wong tuwa. Wong tuwa mau ngongkon supaya  Jaka Pandhelegan ngendhegake lakune. Jaka Pandhelegan nesu , banjur  arep mateni wong tuwa mau. Nalika arit arep disabetake marang awake wong tuwa mau, Jaka Pandhelegan dumadakan semaput. Sawise eling Jaka Pandhelegan rumangsa wedi banget marang kasektene wong lan banjur sungkem . Jaka Pandhelegan  banjur takon,”Sinten asma panjenengan Kyai ?.” Wong tuwa mau mangsuli,”Aku iki Nabi Kilir sing ngratoni  banyu .”.
Nabi Kilir banjur kandha,” Mangertenana Jaka Pandhelegan, wiwit dina iki jenengmu taksalini, kowe nganggoa jeneng Dhukut Banyu. Mbesuk maneh yen wis rampung  anggonmu tandur banjur gawea slametan supaya parimu apik lan becik panene.”
Nabi Kilir sawise kandha mangkono banjur ilang. Jaka Pandhelegan mulih. Dina sesuke, Jaka Pandhelegan niliki sawahe, pranyata banyune kebak nganti tumeka panen. Panene apik tur parine mentes-mentes.
Kacarita miturut sing duwe crita, nalika panen pari krana saka ambane sawah , parine ora entek-entek dieni.  Jaka Walang Tinunu lan Jaka Pandhelegan ora rampung-rampung anggone ngeneni parine. Nganti diderepake. Wong-wong sing padha derep ora mung saka tangga teparone wae, nanging uga saka desa-desa sing adoh saka Kedhung Soka. Uga dicritakake sawise pari sing diadhep dening wong-wong kang padha derep mau dieni, damen pari sing ana mburine wong ani-ani  thukul lan banjur kuning maneh. Dadi pari sing dieni ora ana entek-enteke. Asile panenan ditumpuk penangan (lumbung) . Lan penangan iku manggon ing Candi Pari saiki-iki.
Kacarita ing kutha raja Majapait, Prabu Brawijaya lagi sekel penggalihe. Menggalih yen kraton Majapait lagi ngalami paceklik. Tanduran pari padha puso., gabug ora isi. Lan akeh wong tani  sing padha lara. Lumbung  Negara Majapait kothong. Mula akeh kawula kang padha mati kaliren.
Nalika Sang Prabu Brawijaya mireng kabar yen ing Kedhung Soka ana wong sing sugih sing duwe simpenan pari akeh, banjur ngutus patihe supaya njaluk srah-srahan pari. Ing wektu iku uga digawakake prau pisan liwat kidul wetane desa Kedhung Soka.  Jaka  Walang Tinunu sandika ing dhawuh. Pari-pari mau banjur dimot ing prau. Sanajan wis kabeh prau dimoti pari wis kebak kabeh , nanging tumpukan pari ing penangan kaya-kaya  ora kalong. Papan mandhege prau sing kanggo ngemot pari menyang Majapait saiki diarani DESA PAMOTAN.
Prabu  Brawijaya banget suka renaning penggalih, banjur mundhut priksa sapa sing duwe pari mau. Sang Patih matur yen sing duwe pari yaiku Jaka Walang Tinunu anake mbok Randha Ijingan. Sanalika Sang Prabu eling lelakon dhek samana. Nalika mbebedhag ana ing alas  banjur kewengen, nginep ing omahe mbok Randha. Nanging lelakon  iku ora dicritakake marang sapa-sapa, mung disidhem ing penggalih wae. Sang Prabu nuli utusan nimbali Jaka Walang Tinunu lan  bojone sakloron. Sawise ngadhep banjur dipirsani kanthi tumemen. Sanalika iku uga percaya yen Jaka Walang Tinunu iku putrane dhewe.
Sabanjure Sang Prabu utusan maneh supya nimbali Jaka Pandhelegan sakloron. Ing pangangkah arep disengkakake ing ngaluhur. Yen ora gelem supaya dipeksa, nanging aja nganti nglarani  awake, gedhene nyuwek klambine utawa gawe pepati. Sang Prabu Brawijaya uga mundhut priksa sapa satemene Jaka Pandhelegan iku. Jaka Walang Tinunu matur yen Jaka Pandhelegan iku sejatine asale saka iwak Dheleg kang malih dadi manungsa.
Sejatine Jaka Pandhelegan wis krasa yen bakal ditimbali supaya sowan menyang Kutha raja Majapait. Nanging dheweke ora gelem, pilih manggon ing desa wae. Bab iku dirembug karo bojone. Sawise utusan saka kutha raja Majapait teka, dheweke banjur umpetan ana ing tumpukan pari  ing penangan.
Sang Patih banjur prentah supaya pra parjurit ngepung penangan. Sawise suwe dikepung ora njedhul-njedhul banjur prentah ngosak-asik tumpukan pari. Pranyata Jaka Pendhelegan ora ana, ilang musna tanpa lari.
Sawise Jaka Pnadhelegan ilang lan ora bisa kacekel, para prajurit banjur nggoleki Rara Walang Angin, arep digawa menyang kutha raja. Rara Walang Angin, nanging njaluk inah dhisik arep njupuk banyu menyang sumur. Dheweke nggawa kendhi njupuk banyu menyang sumur, “Prajurit, aku gelem kok gawa menyang kutha raja nanging tak njupuk banyu dhisik, entenana !”.
Rara Walang Angin banjur tumuju menyang sumur, sawise teka ing wetane sumur, Rara Walang Angin musna tanpa lari, ilang saragane. Para prajurit banjur bali menyang kutha raja, matur yen Jaka Pandhelegan karo bojone muksa, ilang musna tanpa lari.
Kanggo mengeti lelabuhan lan kasektene Jaka Pandhelegan ing papan kono banjur didegi candhi. Papan panggonan ilange Jaka Pandhelegan didegi candhi sing gedhe sing saiki karan CANDHI PARI. Dene papan ilange Rara Walang Angin didegi candhi luwih cilik saiki diarani CANDHI SUMUR.
 Gambar : Pak Thain, juru kunci candhi Sumur sing kahanane kena stroke jalaran tiba nalika lagi ngresiki candhi.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...