SEGARAN.
Segaran, salah sawijine wewangunan wadhuk (kolam, belong,
balong) gawean manungsa ing jaman Majapait sing isih bisa kita deleng nganti
tekan seprene. Segaran iki ditemokake dening Ir. Henry Maclain Pont ing taun
1926. Segaran iki manggon ana ing Desa Trowulan, Kecamatan Trowulan, Kabupaten
Mojokerto. Segaran iki awujud pesagi dawa kang dawane 375 m ambane 125 m,
tembok segaran dhuwure 3,16 m.
Segaran digawe saka bata kang dipasang lan diraketake kanthi
cara digosok-gosok (tanpa nganggo luluhan kapur utawa semen). Ana ing sisih
kidul wetan ana tulakan (bolongan kanggo ilen-ilen banyu, kalen) kanggo
ngilekake banyu mlebu menyang segaran.
Ilen-ilen utawa kalen iki saka Balong Dawa (balong, belong = tlaga) dene ing
sisih lor kulon ana tulakan kanggo mbuwang banyu tumuju menyang Balong Bunder. Balong (tlaga)
kasebut saiki wis ora kanggo maneh jalaran wis cethek katutupan endhut.
Miturut critane wong-wong sing manggon ana ing kono, nalika jaya-jayane Kraton
Mojopait, Segaran mau kanggo lelangen (seneng-seneng) sang Prabu lan kanggo nyugata
lan ngurmati para tamu saka mancanegara. Sawise kembul bojana andrawina wis
rampung, sakabehe piranti kang kanggo nyugata para tamu mau kaya tuwung
(mangkok), sendhok, piring lan sapaninggalane dibuwang ing segaran kanggo
nuduhake kasugihane lan kemakmjurane Negara Mojopait.
Segaran kasebut uga disebutake ing buku Negarakertagama pupuh
VII:5.3. Saka kadohan katon ana undhak-undhakan kanggo mudhun menyang segaran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar