Jumat, 27 November 2009

UNAS



Pemrentah kalah ing sidang Mahkamah Agung masalah UNAS . Miturut amar putusan MA “Butir 2 yang pertama menyatakan bahwa para tergugat I sampai IV telah lalai di dalam memberikan pemenuhan dan perlindungan hak asasi manusia terhadap warga negaranya yang menjadi korban ujian nasional , khususnya ada hak atas pendidikan dan hak-hak anak.
Amar 3 memerintahkan kepada para tergugat untuk meningkatkan kualitas guru, kelengkapan sarana dan prasarana sekolah, akses informasi yang lengkap di seluruh daerah di Indonesia sebelum mengeluarkan kebijakan pelaksanaan Ujian Nasional lebih lanjut”.
Ing wektu iki UNAS pancen sawijining momok kanggo para murid ing kelas akhir ing saben satuan pendidikan. Akeh sing kuwatir ora lulus , mula akeh sing stress . Yen ndeleng pengalaman taun-taun kapungkur ana sekolah sing sasekolahan ora ana sing lulus babar pisan .Ana sekolah negeri sing lulus mung nembelas. Ana uga sekolahan sing lulus mung siji ndhil. Apa komentar saka wali murid ngenani bab iku ? Apa guru-gurune iku ora bisa ngatur ta ?
Pancene, akeh para wali murid akeh sing ora setuju karo anane UNAS iki. Dalah para ahli pisan uga akeh sing ora setuju anane UNAS kanthi alesan : Proses pendidikan sing lawase telung taun ora mung ditemtokake sajroning 2 jam ing dalem telung dina. Prinsip-prinsip pendidikan ora mung nguber mutu pendidikan (quality) nanging kudu nduweni prinsip keadilan (equity).Sing diukur yaiku prestasi para murid sasuwene proses pembelajaran sing diangsu nalika sekolah. Kelulusan kudu diukur saka ujian tulis (ujian sekolah lan uga UNAS), absensi murid, watak, budi pekerti lsp. Kanyatan (realita) sing ana yaiku yen UNAS ora lulus, tetep ora lulus sanajanta biji ujian sekolah apik. Dak kira ora ana guru sa Indonesia iki sing kepingin muride ora lulus. Akibat saka kahanan iki miturut Prof. Conny Semiawan “sekolah, guru, maupun murid berusaha untuk menghalalkan segala cara untuk menjadi 100% lulus. Dan itu akan berpengaruh dalam pembentukan karakter manusia Indonesia.
UNAS arupa factor kalulusan sing utama dibantah dening bapak Djemari Mardapi saka BSNP (Badan Standardisasi Nasional Pendidikan), Murid bisa lulus yen murid wis lulus ujian sekolah. Sanajanta UNAS lulus , yen ujian sekolah ora lulus , murid tetep ora lulus. Sapa sing bisa ngontrol proses pendidikan ing sekolahan, carane mulang guru, anggone mulang kecepeten apa ora lsp.? Mula supaya mutu sekolahan iku sajajar utawa padha kudu ana evaluasi saka njaban sekolahan. Mung mbokmenawa bapak Djemari Mardapi lali yen ujian nasional -- miturut Prof Arif Rahman -- arupa veto anane murid bisa lulus lan ora lulus.
Satemene , antarane sing setuju lan ora setuju UNAS nduweni panemu sing padha ing bab :
1. Mutu pendidikan kudu diundhakake.Pancene wis suwe ana akreditasi sekolah. Sekolah kalebu terakreditasi A, B, apa C. Sekolah sing kalebu A bisa ngleksanakake ujian dhewe, sing liyane nggabung marang sekolah sing nduweni akreditasi A. Evaluasi dianakake limang taun sepisan . Perlu dicathet evaluasi mau kudu dianakake kanthi jujur. Ora ana kong-kalikong antarane sing kawogan ngevaluasi karo sing dievaluasi.
2. Sarana lan prasarana sekolah kudu dipepaki, ora mung sing ana kutha bae nanging uga ing dhaerah-dhaerah. Pemrentah wis menehi dana BOS marang sekolahan-sekolahan kanggo mepaki sarana lan prasarana sekolah. Pitakonane : apa sekolahan sa Indonesia wis pepak kabeh?
3. Mutu guru uga kudu dibecikake, kalebu “kesejahteraan guru “ Usaha anane sertifikasi mujudake upaya pemrentah kanggo mbeciki mutu guru.Mung sing durung disertifikasi isih akeh.
Sing ora disetujoni yaiku UNAS kanggo nemtokake lulus lan orane murid. Ing wektu iki murid ora lulus yen bijine kurang 4,25 lan rata-rata kurang saka 5,50.
Saelingku, sadurunge taun pitung puluhan nalika aku dadi murid Sekolah Rakyat murid sing lulus ujian lan ora lulus kabeh oleh ijazah. Mung ing wektu iku ujian jenenge “UJIAN MASUK KE SLTP NEGERI”.Aku setuju keputusane Mahkamah Agung. Yen ana sing “nggalang dukungan” ing facebook aku melu dhaftar sing nomer siji.
Piye ca, komentar sampeyan ? Tak tunggu.

3 komentar:

mawaradi mengatakan...

Menawi keputusanipun sampun jelas (ingkang dipun mimpangaken MA )mesthinipun ingkang kawon inggih kedah nglenggana kanthi ikhlas.Hukum kedah kita ajeni,hukum diatas segalanya, menawi tansah dredah kemawon benjing menapa tentremipun? Nuwun.

paromo suko mengatakan...

pak ugeng,
capet-capet kok kados kemutan bilih ing jaman rumiyin punika 'ijazah' kawastanan 'surat tanda tamat beladjar' ingkang ateges bilih siswa sampun dipun akeni anggenipun ngrampungaken pasinaonipun, dene 'tanda lulus' ateges siswa dipun paringaken dhateng siswa ingkang pancen lolos saringan lan gadhah hak kangge nempuh pasinaon ingkang langkung inggil

paromo suko mengatakan...

nuwun sewu:
....'tanda lulus' ateges siswa dipun paringaken dhateng siswa ingkang pancen ....
mesthinipun:
....'tanda lulus' dipun paringaken dhateng siswa ingkang pancen....

Pengikut

Matur Nuwun ...