Rabu, 25 November 2009

PGRI


Guru yen di kerata basa utawa jarwa dhosok dadi “di gugu lan di tiru”, uga “yen Minggu turu”, ana maneh “wagu tur kuru”, sing rada repot yen “guru …. mutan”. Nalika aku sekolah guru biyen aku nate oleh wulangan saka guruku : yen kowe kepingin sugih aja dadi guru. Pegawean (profesi) guru mono dudu profesi kanggo golek pesugihan -- ee…. kleru -- supaya bisa dadi sugih.Profesi guru iku pengabdian.
Guru pancene kudu bisa digugu lan ditiru sabarang tindake, kudu dadi panutan. Mula profesi guru sawijining profesi kang mulya, luhur, jalaran guru ana ing panggonan kang ngarep dhewe kanggo kamajuwaning bangsa lan Negara. Maju lan munduring bangsa ditemtokake dening mutu pendidikan sing diemban dening para guru. Mula nalika isih cilik biyen aku kepingin kaya pak guru.
Kira-kira tahun suwidakan nganti pitung puluhan ing desaku yen wektu riyaya Lebaran isih akeh wong-tuwa-tuwa sing sowan menyang daleme pak guru perlu ngaturake keluputan sanajanta guru mau isih enom. Mesthine sing enom mara menyang sing luwih tuwa perlu ngaturake kaluputan. Semono kajen keringane pak lan bu guru ing padesan, sanajanta bayaran sesasi wis entek dipangan ing sajrone seminggu. Lha kahanan sing kaya mangkene iki sing njalari pak guru gurumutan golek …. utangan. Durung yen mbeneri sasi Besar wayahe wong duwe gawe. Yen diulemi (diundang) wong duwe gawe, bingung. Arep ora teka isin, yen teka ora duwe dhuwit. Nanging kahanan saiki wis beda banget. Negara baka sethithik ngundhakake bayare guru. Angger ora kakehan polah, pak lan bu guru wis bisa urip salumrahe manungsa.


Ing kalodhangan iki , ndherek mangayubagya marang guru-guru ing Surabaya sing wis oleh pangalembana (penghargaan) saka Presiden RI Susilo Bambang Yudoyono. Muga-muga anggone nyambut gawe bisa jujur, tulus tumekane ati, lan bisa manfaat kanggo kamajuwane nusa, bangsa, lan Negara.
Ora adoh karo pengarep-arepe yu Thukul (ibune panjenengane pak Bibit Samad Riyanto, pimpinan KPK): “Le, suk emben kowe dadia guru, guru kuwi kepenak”. Lha kasembadan temenan gegayuhane yu Thukul, pak Bibit dadi jendral Pulisi sing nyambi mulang ana ing salah sawijining Universitas ing Jakarta.
Seje karo sing ana kutha Malang . Luwih saka limang ewu guru status honorer sing wis nyambut gawe pitung taun luwih demo ing sajrone upacara pengetan dina PGRI nuntut supaya Pemerintah Daerah nggatekake nasibe guru sing bayare mung seket ewu rupiyah nganti rong atus ewu rupiyah , ora seket yuta nganti rong atus yuta (saiki akeh wong ngarani yuta iku dadi sewu) .

Seje kutha Malang seje karo kutha Banyuwangi. Miturut warta saka salah sawijing TV swasta, sawijining Pengawas Sekolah pak guru Husain Matain sing uga Ketua PGRI –ing antarane guru sanga - nalika mimpin demo, kena sangsi administrative saka Negara dipindah dadi pegawe non job ing kantor Perpustakaan Daerah Kabupaten Banyuwangi. Kamangka pak Husain Matain nuntut supaya dana BOS enggal-enggal “dicairake” lan mbela nasibe guru bantu lan calon guru sing kadaftar ing CPNS.Mesthine sing oleh sangsi pejabat sing ngendhe-endhe "caire" dana BOS.Pancen kaya mangkono resikone dadi pemimpin, kudu wani mbela andhahane. Ora perlu kemba, kudu tansah berjuang supaya para "pahlawan tanpa tanda" jasa bisa urip mulya.
Mbok manawa kabar saka Jakarta ing ngisor iki minangka kado kanggo para guru ing dina pengetan dina laire PGRI, “Ujian Nasional Akan Ditiadakan”. Adedasar putusan Mahkamah Agung nglarang pamarentah nganakake Ujian Nasional, sanajanta pamarentah ngajokake PK (Peninjauan Kembalai). Kalulusan para murid ditemtokake sekolahan dhewe-dhewe. Kabar iki bisa nyuda ngempete para guru sing tansah kuwatir muride ora lulus. Muga-muga kabar iki ngilangi ora jujure guru, nyontoni , marahi, menehi jawaban UNAS supaya muride bisa lulus.Yen gurune jujur, ing tembe muride - Insya Allah - dadi pejabat ya pejabat sing jujur, ora gelem nglakoni korupsi. Nanging kanggone para guru uga ora kena lirwa, banjur kendho anggone nyambut gawe, kudu tansah mempeng lan temen. Temen tinemu .
Kanggo PGRI, jaya-jaya wijayanti, tetep jaya ing sabarang karya.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...