Kamis, 27 Agustus 2009

Upacara 17 Agustusan ing Gunung Bromo.


Gunung Bromo sawijining gunung ing Jawa Wetan dadi jujugane para turis. Embuh iku turis saka mancanagara apa turis domestic. Masyakarakat ing sakiwa tengene gunung Bromo nduweni adat istiadat kang lawase wis atusan taun sing tansah dilestarekake.




Miturut sejarah, masyarakat Bromo iku asale saka masyarakat masyarakat Hindhu Majapahit sing ora gelem ngrasuk agama Islam, banjur nyingkir ing sakiwa tengene gunung Tengger.
Ing sakiwa tengene gunung Tengger mau banjur bebranahan, tangkar tumangkar nganti saiki ngenggoni wewengkon gunung Tengger kono. Sarehne adat istiadat sing wis umure atusan taun mau tetep dilestarekake , mula adat istiadate seje karo masyarakat Jawa umume.


Upacara Kesada, upamane : sawijining upacara caos bulu bekti marang kang mbaureksa gunung. Sataun sepisan upacara iki dianakake. Ing upacara iki akeh wong manca padha teka saperlu ndeleng upacara sing mung sataun sepisan ana. Yen ora mbeneri upacara Kesada wong-wong saperlu ndeleng jumedhule lan mletheke srengenge saka pucaking gunung. Pancen endah tenan. Saka sikile gunung nganti teka pucake wis ana undhak-undhakane . Dadi yen ana wong kepingin munggah gunung ora bakal wedi yen kepleset. Yen wis teka pucaking gunung banjur ndeleng kawah sing jero banget.


Mula dulur yen panjenengan durung nate tindak mrana, coba kapan-kapan panjenengan tindak mrana.
Sadurunge teka pucaking gunung, kudu ngliwati dhisik segara wedhi sing ambane ngilak-ilak. Segara wedhi dumadi saka tlaga gedhe sing wis asat sing karan kaldera Tengger. Ing tengahe segara wedhi thukul gunung loro cacahe , yaiku gunung Bromo lan gunung Bathok. Gunung Bathok iku sawijining gunung geni sing wis mati tegese ora aktif maneh. Dene gunung Bromo isih urip, sing kadhangkala ngetokake keluk akeh. Yen panjenengan arep menyang pucak gunung nanging ora kepingin kesel bisa nyewa nunggang jaran.


Panguripane masyarakat Tengger saka tetanen. Sayuran bangsane kobis (kol), wortel, kenthang katon ledhung-ledhung, subur banget. Asile didol menyang Pasuruan, Lumajang lan Surabaya. Kahanan ing Tengger katon ayem tentrem kaya sing dikandhakake pak dhalang, gemah murah kang sarwa tinuku, ripah tulus kang sarwa tinandur, karta rainten dalu para andon dagang tansah anglur selur datan ana pedhote labet tan ana sangsayaning marga.


Ing taun 2009 iki dina Kamardikaning bangsa Indonesia dipengeti ing satengahing segara wedhi. Sacedhake sikile gunung Bromo. Pengetan iki lagi sepisan diadani salawase Indonesia mardika.





Tata urutane upacara rada beda sethithik karo masyarakat Indonesia umume. Acara inti padha, ning rada beda.







Sadurunge upacara baku, diananake ana upacara adat sing dipimpin dening sesepuh adat.






Perlune, supaya upacara 17 Agustus lumaku kanthi lancar, ora ana alangan sawiji apa. Lan uga ndongakake Indonesia panjang yuswa.






Masyarakat padha nggawa tumpeng, lan panganan asli saka Tengger. Uga ora kari woh-wohan asil wulu wetune masyarakat kono. Sing melu upacara para pegawai negeri lan para masyarakat .





Panganggone uga nganggo pakaian adat. Sing narik gendera dumadi saka murid-murid SMA . Kang ngawal gendera padha nunggang jaran.
Inspektur upacara bapak Camat Tosari Heru Sariyanto , lan komandhan upacara Sersan Mayor Urip.




Upacara dianakake kanthi khidmat nganti gendera kumlebet muluk ing akasa.










Dirgahayu Indonesia.

2 komentar:

kombor.net mengatakan...

Upacara pengetan dinten kamardhikan inkang saestu kedah dipun lestantunaken. Dalem dereng nate minggah wonten Bromo namung sepindhan dalem nate nuweni Bromo saking nginggil wanci kesah dhateng Suroboyo saking Jakarta.

mawaradi mengatakan...

Kula sampun mrika pak Ugeng nalika taksih mikuli uyah taun 2005, wah raosipun bombong sanget,upacara 17 Agustus wonten lebeting seganten wedhi lan dipun rawuhi para pangarsa dalah warga/suku redi Bromo mugi-mugi lestari lan nambah kiyatipun idealisme bangsa kita.

Pengikut

Matur Nuwun ...