Minggu, 12 Oktober 2008

Rura Basa

Rura utawa rurah tegese rusak.
Rura basa tegese basa rusak. Nanging senajan rusak yen dibenerake malah dadi ora lumrah. Contone : nggodhog wedang. Sabenere nggodhog banyu kanggo gawe wedang. Nanging yen dibenerake dadi nggodhog banyu malah ora lumrah. Mula sanajan salah nanging kaprah, banjur dianggep bener.

Conto liyane :
1. Menek klapa.
2. Nguleg sambel
3. Ndheplok glepung.
4. Mikul dhawet.
5. Ndondomi clana.
6. Ndheplok gethuk.
7. Mbathik iket.
8. Ngenam klasa.
9. Mbunteli tempe.
10. Adang sega.
11. Nutu beras.

2 komentar:

Ninja Society mengatakan...

tolong untuk "rura basa" dikasih artinya sama contoh kalimatnya... :)

Sugeng Kariyodiharjo mengatakan...

Conto rura basa. Coba panjenengan pirsani dialog ing ngisor iki !

Yu Atun :"Kang, penekna klapa mburi omah iku. Arep njangan gori kok ora duwe klapa !"
Kang Slamet :"Lha apa bisa ta yu ? Wong klapa kok dipenek."
Yu Atun :"Ya mesthi wae ora bisa. Sing sampeyan penek kuwi wite klapa, ora klapane."

Nurut akal tembung "menek klapa" kuwi salah , sing bener menek wit klapa. nanging ing kahanan padinan sing luwih kerep dianggo "menek klapa" katimbang "menek wit klapa". Tembung "menek klapa" dianggep bener sanajan nurut akal salah.

Pengikut

Matur Nuwun ...