Rabu, 15 Oktober 2008

Haloo, Pacitan !!!

Para kadang, mitra, sutresna warga Pacitan bakal nganakake silaturahmi Halal Bihalal sing dipapanake ing Jalan Kedung Mangu , dina Minggu Kliwon tanggal 18 Syawal 1429 H/19 Oktober 2008. Adicara sing kaya mangkene wis dileksanakake puluhan taun kepungkur, minangka sarana sambung rasa, sesrawungan, komunikasi antarane warga Pacitan sing ana Surabaya.
Kanthi sesanti " NEDYA NYAMBUNG RASA, NGUMPULAKE BALUNG PISAH, AJA KONGSI KEPATEN OBOR", adicara iki perlu disengkuyung, jalaran akeh manfaat sing bisa dipethik saka prastawa iki. Upamane yen para kadang mitra sing ora bisa tilik ndesa , bisa ngilangi utawa nyalurake rasa kangen yen ketemu sedulur-sedulur tunggal desa, kanca- kanca sekolah biyen lan sapanunggalane . Ning nyatane saiki senajan padha-padha wong Pacitan, yen ketemu ing papan pahargyan kaya mangkene iki arang sing isih tepung, utawa kenal., mula ing antarane para warga Pacitan sing ana ing Surabaya perlu nyambung rasa. Bab ngumpulake balung pisah, eee bok menawa ana prawan durung oleh sisihan bisa ketemu jaka, randa ketemu dhudha banjur padha ngiket janji nedya mbangun bale wisma. Iku rak jeneng manfaat. Sing perlu diudahal ya iku unen-unen aja kongsi kepaten obor, jaman saiki wis ora ana wong lelungan nggawa obor, mula ora perlu kuwatir yen nganti kepaten obor. Rehdene iki mung paribasan karokanggo ngluweske tembung mula isih perlu dianggo.
Kahanan ing Pacitan dhewe saiki wis pating klencar, saka padhange lampu listrik, wis nganti teka pucuke gunung, luwih-luwih ing kutha Surabaya. Eling-eling nalika isih jaman taun wolungpuluhan, nalika aku (sing nulis blog, manggon ing daerah Bulak Banteng ) iki ngurip-nguripake kesenian Jawa kanthi ngedegake pakumpulan macapatan lan karawitan, para anggota isih akeh sing nggawa senter (sentolop) jalaran dalane isih jemek lan peteng. Nanging saiki kahanan saiki wis beda banget. Pakumpulan kesenian, macapatan mau saiki ora langgeng, anggotane bubar dhewe-dhewe , karana akeh sing dipikirake, utawa nduweni pakaryan sing ora bisa ditinggalake Mula kanthi anane sapatemon para warga Pacitan (PWP) iki banget diperlokake, paling ora sethithik kanggo ngilangi rasa kangen karo wutah darahe Pacitan. Gedhong sing saiki kanggo sapatemon iki, asil saka pakaryane para pengurus PWP sing tanpa pamrih tansah mbudidaya supaya sesambungane antara para warga lan pengurus, sarta sesambungane para warga lan warga tansah raket supeket , lan tansah mbudidaya amrih pepenginane para warga Pacitan kabeh bisa kaleksanan kanthi becik.
Mula ayo dulur, kadang , mitra Pacitan , ayo sapatemon iki dirawuhi, diramekake. Ora keri karo ngirid anak-anak lan putu-putu!
Ora lali aku ngaturake : Sugeng riyadin, minal 'aidin wal faizin, muga-muga dosa kita lineburna ing dina riyaya. Amin.
Bravo warga Pacitan !!!

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...