Jumat, 24 Oktober 2008

Nasib, nasib !!!

Nalika SBY tindak menyang RRC diprotes mahasiswa China soal basa Jawa Krama. Mahasiswa nate sinau ana ing Ngayogyakarta Hadiningrat. Mahasiswa mau kangelan arep srawung karo masyarakat Jogja jalaran masyarakat Jawa ing Ngayogyakarta akeh sing wis ora bisa nganggo basa kaya sing diwulangake ing sekolahan. Dak petikake wartane : Saya dua tahun menjadi mahasiswa pertukaran di Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gajah Mada. Selama itu saya kesulitan berkomunikasi dengan wong Jogja karena bahasa kromo inggil yang diajarkan di kampus tidak dikuasai semua orang Jogja. Sedanten ngagem bahasa Jawa ngoko kaliyan bahasa Jawa campuran (Jawa Pos, Jumat 24 Oktober 2008).
Apa maknane warta iki??? Prihatin lan ngiris ati. Ingatase priyayi Ngayogyakarta Hadiningrat minangka punjere kabudayan lan kasusastran Jawa wis ora pirsa marang basane dhewe.Apa maneh sing wong pesisiran lan wong minggiran ! Banget banget mrihatinake. Mesthine kahahan iki bisa nggugah semangate wong Jawa kanggo nguri uri supaya lestarine basa Jawa. Kanyatane ora mangkono. Satemene uluk-uluk utawa elik- elik kaya mangkono iku wis suwe. Wiwit taun suwidakan apa pitung puluhan, uluk-uluk kaya mangkono wis ana. Apa wong Jawa nduweni watek ora ngregani budayane dhewe? Nanging yen ana panyaruwe saka wong manca, lagi gelem gumregah, kaya prastawa Reog Ponorogo sing diakoni dadi budaya Malaysia, banjur padha rame rame protes? Ketoke pancen wong Jawa iku ya kaya mangkono iku, lagi gelem gumregah yen disaruwe dening bangsa manca, nanging yen ora ana apa-apa, aman-aman bae, padha ora gelem ngopeni, ora gelem nguri-uri apa-apa sing diduweni.Uga ana panemu sing mratelakake yen basa Jawa ora bakal sirna, kaya panjenengane Tarjan Hadijaya sing ngendika yen basa Jawa ora bakal sirna yen wong Jawa isih mbutuhake kethoprak, wayang wong lan sapanunggalane. Apa kahahan saiki isih kaya mangkono??. Jaman taun suwidakan isih ana grup kethoprak, ludruk kliling menyang desa-desa. Saben desa ana pakumpulan kethoprak utawa karawitan. Nanging saiki apa isih ana ? Reog sing anyar-anyaran iki oleh kawigaten gedhe saka pamarentah jalaran protese seniman Reog. Pengurus Reog tingkat Propinsi Jawa Wetan sambat, krana Reog wis arang-arang ditanggap. Kamangka uripe seniman Reog uga saka tanggapan mau.
Basa, produk masyarakat sing mesthi ngalami owah gingsir.
Saupamane yen kita nelusuri sejarahe basa sing urip ing tanah Jawa, kita bakal ngerti yen basa Jawa iku uga ngalami owah gingsir.
Jaman biyen sadurunge pengaruh wong Indhu saka India durung ana, wong Jawa wis nduweni basa dhewe. Banjur katekan wing Indhu. Tembung-tembung saka basa Sanskerta akeh sing mlebu menyang basa Jawa, nanging paramasastrane utawa cak-cakane tembung tetep Jawa asli. Bareng jaman Islam, tembung-tembung saka basa Arab akeh sing mlebu ing basa Jawa. Contone sruwal. Wong Jawa ngerata basa dadi saru yen uwal. Satemene tembung sruwal iku saka basa Arab as surwal sing tegese kathok. Katekan bangsa Cina, Walanda, Portugis lan liya-liyane, saben bangsa mau uga nambahi tembung-tembung ing basa Jawa. Satemene ora mung basa Jawa bae sing ngalami owah gingsir . Basa saindenging donya uga ngalami owah gingsir. Contone basa Latin. Biyen basa Latin iku kanggo basa ing pasrawungan utawa masyarakat. Basa Latin saiki wis mati, mung kanggo basa ing Kitab Suci lan utawa kanggo ing Ngelmu Pangawikan ( Ilmu Pengetahuan).
Beda karo basa Jepang, basa Cina nganti , aksara Jepang, aksara Cina , sanadyan digempur dening pengaruh global ya isih tetep bisa lestari. Jalaran masyarakate nduweni semangat kanggo ngurip-urip basane lan budayane. Komputer, basa lan budaya Inggris, lan pengaruh global uga nggempur basa lan budaya Cina sarta Jepang, basa lan budaya mau tetep bisa lestari sanadyan basa lan budaya mau uga ngalami owah gingsir. Malah-malah diciptakake aksara Cina lan Jepang ing komputer. Beda karo wong Jawa. Sanadyan saiki wis ana program komputer sing kanggo nulis nganggo aksara Jawa, nanging sapa sing arep nganggo ???
Wong Jawa dhewe kira kira 90 persen wis ora bisa nulis lan maca aksara Jawa. Guru-guru basa wis akeh sing grothal- grathul maca tulisan Jawa. Apa maneh muride. Nul puthul. Bab iki diakoni dening panjenengene wakil presiden Jusuf Kalla yen nguri-nguri utawa nglestarekake basa daerah iku angel.(Jawa Pos, 25 Oktober 2008)
Uga ana penganggep ing masyarakat Jawa dhewe yen nganggo basa Jawa dianggep wong desa, wong udik. Banjur anak anake wong Jawa wiwit bayi cenger diwulang nganggo basa Indonesia. Wis mesthi bae yen anak-anak mau ora ngerti basa Jawa, anak wis ora ngerti unggah-ungguh, tata krama Jawa. Anak sudah tercerabut dari akar budayanya !!! Sanadyanta komputer (internet) wis nganggo pengantar basa Jawa, ya tetep ora ngerti. Wong Jawa rumangsa luwih kepenak nganggo basa Indonesia katimbang nganggo basa Jawa.
Pancen ana pambudidaya saka pamarentah kanggo nglestarekake basa Jawa. Kayata nambahi jam wulangan basa Jawa ing sekolahan, njenengi dalan dalan nganggo tulisan Jawa, lomba dhalang, lomba macapatan, lomba njoged (menari) lsp. Nanging pambudidaya mau kaya-kaya ora ana asile. Jalaran apa ??? Wong Jawa ora nduweni rasa bombong , mongkog, bangga marang basane lan budayane. Luwih-luwih wong-wong ing daerah minggiran lan pesisiran kaya Surabaya. Wong Surabaya rumangsa yen basa Suroboyoan iku yen jinis basa dhewe. Seje karo basa Jawa Soloan utawa Jogjanan. Wong-wong Surabaya kepingin sing didadekakake basa buku lan basa baku iku basa Suroboyoan. Basa Suroboyoan iku mung arupa dialek, babone njupuk saka basa Soloan utawa Jogjanan. Kahanan iku nambahi ruwete cara lan upaya kanggo nglestarekake basa Jawa. Tembung-tembung sing kanggo ing pasrawungan wong Surabaya iku sethithik banget bedane karo basa model Sala. Yen wong Surabaya tetep pengkuh lan kukuh anggone nganggep yen basa Surabaya kudu didadekake basa baku bakale ora ana panindak, upaya, saka pihak kang wajib nangani bab iki. Durung mengko protese wong Banyuwangi sing nduweni dialek dhewe. Kamangka sangsaya suwe basa Jawa sangsaya rusak kagerus saka owah gingsiring jaman. Dulur, yen ora ana grengseng kanggo ngopeni basa basa Jawa, kira-kira satus utawa rong atus taun maneh jelas lan mesthi wis sirna.
Apa sliramu lila, wong Jawa ???

1 komentar:

Unknown mengatakan...

gedhigi nggih man,,isun iki wong byanyuwangai,, kocap ono penyeragaman dighi awak paling heng demen,, wes tah basa jawa mataraman iku heng kira ilang ,, yong penggunane iku akeh,, lan maning monggo ring isun,, basa osing atawa byanyuwangen sang jare riko mong dhialek iku kang malah hang ngerasa digerus ambi jajahan basa jawa mataraman, cumpu riko acake apuwo mrenek,, nyang byanyuwangai,, wong kene ikau bisa ngomong cara endi byaen,,, masiyatah kadhung kecaruk lang konco byanyuwangen pathing ngomong cara using,, naming kapan ngomong lang wong tuwek y basa krama,, ono wong ngomong ngoko y paham,, wong ngomong cara surabaya ngarti,,
KEKAYAAN BASA IKI OJO SAMPEK DADI PERPECAHAN GARA2 PENYERAGAMAN,

Pengikut

Matur Nuwun ...