Jumat, 10 Oktober 2008

Parikan

Kembang aren, sumebar tepining kalen,
Aja dahwen yen kowe kepingin kajen.

Kembang kencur, ganda sedhep sandhing sumur,

Kudu jujur yen kowe kepingin luhur.


Pathokane parikan :
1. Kedadean saka rong ukara.
2. Saben saukara kedadean saka rong gatra.
3. Ukara kapisan minangka purwaka (pambuka), dene ukara kang kapindho minangka wos (nges, isi)


Parikan iku lumrahe kanggo medharake rasaning ati (fikiran) marang wong liya, nanging anggone medharake dipurwakani nganggo ukara liya sing diarani purwaka (pambuka). Gunane purwaka kanggo narik kawigatene wong ngrungokake.

Tuladha :

Nyangking ember ngiwa nengen,
Lungguh jejer nggo tamba kangen.

Pitik walik jambul abang,

Lirak-lirik mung trima nyawang.

Bisa nggender ra bisa ndemung,
Bisa jejer ra bisa nembung.

Bong kuburane Cina,

Aja sombong -sombong mundhak rekasa.

Pak sopir montore sedhan,
Dipikir kaya wong edan.

Kembang turi melok-melok,

enake dipangan sore.

Ra breduli wong alok-alok,

Sandang pangan golek dhewe.

Tak ukiri tak ukiri,
wak encik dodolan jamu,
Tak pikiri tak pikiri,
Ala becik sakarepmu.


Suwe ora jamu,

Jamu pisan godhong bayem,

Suwe ora ketemu,

Ketemu pisan atine ayem.

Suwe ora jamu,
Jamu godhong kates ,
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan ora direwes.


Wetan gunung kulon ya gunung,

ana sumur banyune asat,

Wiwit kuncung nganti gelung,

Ra tau makmur malah mlarat.

Ali-ali ilang matane,
Gantenana matane akik,
Aja lali karo wong tuwane,
Ngailingana ri kalane sih cilik.

Aja nggulani lopis sak-iris,
Gulanana abang ijone,
Aja mbelani arek ireng manis,
Belanana anak bojone.

Sapu tangan pesagi papat,
dak umbah lawan dak sikat,
Ayo kanca dak jak mupakat,
Yen berjuang ja edan pangkat.

Blarak sempal kelapa tuwa,
tiba neng lemahy dadi sada,
Anak nakal aja diuja,
Bisa nyamah asmane wong tuwa.






Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...