Minggu, 12 Oktober 2008

Sanepa

Saben dina mung tansah nesu, tandange srogal-srogol, ulate bening leri, jalaran ora katekan karepe.

Eseme pait madu, angujiwat agawe brangtaning para priya kang kataman wuyung.

Sanepa yaiku tetembungan  kang kedadean saka tembung watak (kata sifat) kasambung tembung aran (kata benda) sing ngemu surasa kosok balen.



Tuladha liyane :

1. Polahe anteng kitiran, mrana- mrene ora ana mandhege.

2. Dedegmu mung dhuwur kencur, ora-orane yen kowe bisa ngranggeh tanganku.

3. Sanyatane kulitmu isih wuled godhong lumbu, balungmu atos debog , ora sumbut karo sumbarmu sing kaya - kaya bisa mutungake wesi gligen.

4. Gunemane pait juruh, mula akeh wong sing kapilut marang dheweke.


5. Kamar iki apa ora tu diresiki ta ya, ambune kok arum jamban ?

6. Gunemanmu ora susah ngandhar-andhar angendhukur, sanyatane kawruhmu isih jero tapak meri.

7. Abot kapuk ngene lho, kena apa anggonmu ngangkat mung tansah bekah-bekuh  bae!

8. Katresnanipun den Bagus dhumateng den Ayu paribasan renggang gula, kumeyur pulut.

9. Kamar kok resik peceren, apa ora nate kok saponi?

10. Pangandikanipun sepet madu mila kathah para priyantun ingkang remen.

11. Cahyane maling iku abang dluwang, bareng konangan anggone nyolong.

12. Kowe kuwi lho sadina-dina penggaweyanmu kok mung mangan bae, delengen awakmu kuru, nanging kuru semangka.

13. Wangune rembulan purnama siidi kang lagi ndhadhari bunder seser paribasan benjo tampah.

14. Playuning duta lonjong mimis, sawise antuk palilah saka sang Prabu.

15. Lumarape para prajurit lonjong botor, ngrabasa mungsuh ing satengahing palagan, pindhane kadya segara rob.

16. Ngelmu iki ngremit banget paribasan agal glepung, mula sing ngati-ati.

17. Yen dak rungokake kandhamu pait juruh, ora ana gregele babar pisan.

18.Swarane pesindhen iku paribasan sepet madu, kondhang ing saindenging Nuswantara.

19. Kowe iku pancen ora kena dipercaya, tembugmu peret beton.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...