Senin, 27 Oktober 2008

Basa Krama

Basa krama basa kanggo ing pasrawungan kanggo ngajeni wong kang diajak guneman.
Miturut S Padmosukotjo basa krama diperang dadi 3 yaiku : 1. Mudha Krama 2. Kramantara 3. Wredha Krama.

1. Mudha Krama yaiku kramane wong enom marang wong tuwa.
2. Kramantara yaiku kramane wong sing padha drajate.
3. Wredha Krama yaiku kramane wong tuwa marang wong enom. Panganggone wredha krama, sanajan umure luwih tuwa rumangsa perlu ngajeni marang sing enom jalaran kalah pangkat utawa drajat.

Ing pasrawungan saiki wis arang utawa ora nate keprungu panganggone Kramantara lan Wredha krama. Luwih-luwih ing wilayah pesisiran lan minggiran. Wong-wong ing daerah mau ora bisa mbedakake antarane kramantara, mudha krama lan wredha krama. Ing jaman saiki, sanajan umure luwih tuwa, wis ora kabotan nganggo basa Mudha Krama. Mula luwih becik nyinau basa Mudha Krama iki lan sabanjure disebut Basa Krama bae.

Titikane mangkene :
1. Tembung sesulih wong kapisan : aku dadi kula utawa kawula. Sing kaprah krungu yaiku dalem. Kamangka satemene dalem iku tegese mu utawa kowe.
2. Tembung sesulih wong kapindho : kowe dadi panjenengan
3. Tembung sesulih wong katelu : dheweke dadi panjenenganipun utawa piyambakipun.
4. Ater-ater di dadi dipun.
5. Panambang ake dadi aken.
6. Panambang e dadi ipun.
7. Tembunge krama kabeh kacampuran tembung krama inggil tumrape wong sing diajak guneman lan tembung krama andhap tumrape wong sing ngajak guneman.

Dakcuplikake basa Krama sawetara saka buku Kapustakan Jawi karangan Prof. Dr. M.Ng. Poerbatjaraka:
Kapustakan Jawi.
Ingkang dipunwastani kapustakan Jawi, punika sadya serat-serat carita, dongeng-dongeng ingkang ngangge basa Jawi.
Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dudunung ing kapulowan iring kidul-wetanipun jagad Azia: wates ler wiwit pulo Formosa mangidul; wates kilen wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika- kidul ingkang iring kilen. Sarehne nama Austronesia punika boten patos kerep kapireng , ing ngriki kula santuni nama Indonesia.
Nalika taun 1884 DR BRANDES saged nerangaken bilih bangsa-bangsa kasebut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sanget, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landhesan panandhinging basa-basa wau.
Nalika taun 1889 Dr H. KERN ngudi malih ing bab tatandhinganing basa, ngantos saged nerangaken bilih asal-usulipun bangsa wau, kala taksih kempal ngangge basa satunggal, wonten ing tanah Cempa, ing samangke kalebet tanah Indo-Cina.
Malah saking pangudinipun P.W. SCHMIDT kenging dipun kinten-kinten bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala kinanipun sanget, saking tanah Asia-tengah; nanging bab punika dereng patos terang.
Ingkang sampun kenging dipun anggep; inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kempal dados satanah, inggih ing tanah Cempa wau. Bab punika boten namung angsal paseksen saking panandhinging basa kemawon; pangudinipun DR VAN STEIN CALLENFELS, DR VAN DER HOOP lan sanes-sanesipun ing bab dedamel ing sela; pethel sela, bedhor sela, sapanunggilanipun, inggih ugi nedahaken, bilih pokok-tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cempa iring kidul.
Ing satunggiling wekdal kala taun 1500 saderengipun taun Masehi, bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padununganipun dhateng pulo-pulo punika ; punapa sebabipun, boten kasumerepan terang. Ingkang temtu inggih kadhesek dening sanes bangsa saking ler utawi saking kilen.
Sasampunipun buyar, bangsa wau lajeng manggen sagolong-golong wonten pulo ingkang dunungi enggal.
Awit saking pisah panggenan, danguning-dangu sagolong- golongipun wau lajeng boten mangertos dhateng basanipun golongan sanes ; sabab pepecahanipun basa wau lajeng tuwuh piyambak-piyambak. Basa Indonesia ingkang wonten tanah Filipina dados basa Filipina, ingkang wonten tanah Jawi dados basa Jawi, Sundha, lan Madura, makaten salajengipun.
Kados punapa sipatipun basa Jawi ing saderengipun kedatengan tiyang Indhu, punika boten wonten tilasipun; awit kinten-kinten bangsa Jawi kala jaman samanten dereng gadhah aksara.
Wondene aksara Jawi ingkang dumugi ing sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bektanipun bangsa Indhu ingkang sami dhateng wonten ing tanah Jawi, kinten-kinten kala wiwitanipun taun Masehi. Aksara Indhu wonten ing tanah Jawi punika sakawit, namung perlu kangge nyerati betahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta serat-serat bab dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang sampun dipun-angge punapa basa Sanskerta punapa basa Indhu sanesipun, punika boten terang; ewa samanten wonten ancer-anceripun sakedhik, inggih punika seratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sepuh piyambak, punika basanipun basa Sanskerta. Sareng dangu-dangu tiyang Indhu wonten ing tanah Jawi rabi tiyang Jawi, lajeng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare-lare Jawi deles. Danguning-dangu, sareng bangsa Indhu pranakan ing tanah Jawi sampun saya kathah, lajeng wonten golongan ingkang basanipun padintenan basa Jawi, nanging kacampuran tembung Sanskerta saking bapak-bapakipun. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon, bilih ing sasaged-saged sami dipun-ajar maos lan nyerat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sareng sampun kathah pranakan ingkang saged maos saha nyerat aksara Indhu, lajeng wonten, ing sakawit namung kados coben-coben, seratan Indhu kangge nyerati basa Jawi. Panyobi punika sajakipun saged tumindak kalayan boten patos angel. Sareng sampun tumindak, mesthinipun inggih wonten tiyang Jawi tulen ingkang sumedya saged maos tuwin nyerat aksara Indhu wau, ing sakawit namung kangge kabetahanipun tiyang satunggal kalih tumraping dadagangan. Saya malih sareng bangsa Indhu, kabekta saking langkung pinteripun katimbang tiyang Jawi, saged nglebetaken kawruhipun dhateng tiyang Jawi, pun Jawi punika lajeng rumaos betah, dados sumedya nyinau kawruh Indhu. Wondene kawruh punika kala jaman samanten ingkang temtu gegandhengan kaliyan bab agami. Inggih awit makaten punika, milanipun tiyang Jawi kathah ingkang ngrasuk agami Indhu. Sepisan katut ing kawruhipun, kaping kalih saking tumangkaripun pranakan Indhu, ingkang saya lami saya meh boten wonten bedanipun kaliyan tiyang Jawi tulen.
Bangsa Indhu ingkang dhateng wonten ing tanah Jawi , punika ingkang rumiyin bangsa ingkang agami Siwah. Ceplosipun bangsa ingkang nganggep Tri-murti minangka Gusti Allahipun; inggih punika bathara Brahma, Wisnu, Siwah. Dewa tiga punika ingkang dipun anggep dados tunggul, sang hyang Siwah, ingkang sapunikanipun dipun wastani bathara Guru.
Bangsa Indhu ingkang dhateng kantun, punika bangsa ingkang agami Buddha Mahayana.
Bangsa kalih golongan wau anggenipun murih jembar saha lebet pamulangipun babagan agami dhateng tiyang Jawi, utawi dhateng pranakanipun, sami ambekta serat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka serat-serat wau kinten-kinten mawi basa Sanskerta. Amila tiyang Jawi, sanadyan boten kathah, inggih wonten ingkang nyinau basa Sanskerta. Sareng tiyang ingkang sanpun saged dhateng kawruh Indhu rumaos kapeksa utawi nedya mulang dhateng bangsanipun ingkang boten saged dhateng basa Sanskerta, inggih lajeng ngangge basa Jawi, nanging sampun kalajeng kecampuran tembung-tembung Sanskerta sawatawis kathah, kangge nerangaken bab utawi barang ingkang dereng wonten jawinipun.
Saya malih sarehne kala jaman samanten punika sajakipun, sinten-sintena ingkang sumedya dados guru, utawi kapengin dipun wastani tiyang pinter, kedah saged basa Sanskerta, dados lebetipun tembung-tembung Sanskerta dhateng basa Jawi saya kathah sanget. Ewa samanten sarehne dhapukanipun basa Jawi punika beda sanget kaliyan basa Sanskerta, dados sanadyan kegrujug tembung-tembung Sanskerta, basa Jawi boten jumenengipun taksih lestantun kegolong basa Indonesia. Dene basa Sanskerta punika dhapukanipun, yen basa Eropa ing jaman samangke, ingkang memper basa Jerman, sarta pancen nunggil golongan kaliyan basa Eropa ingkang kathah-kathah; dipun wastani basa Indo-Germaans.
Serat-serat ingkang dipun bekta dening tiyang Indhu agami Buddha tamtunipun inggih ingkang babagan kabuddhan;kados ta serat ingkang dipun wujudaken gambar lelajuran ing candhi Barabudhur. Nanging serat- serat punika , kajawi satunggal kalih ingkang kapratelaken ing ngandhap, prasasat boten wonten kakantunipun.
Serat-serat bektanipun tiyang Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah.
Kadosta serat MAHABHARATA, RAMAYANA, lan sanesipun malih. Serat MAHABHARATA ingkang dipun cariyosaken damelanipun resi WYASA, jawinipun ABIYASA, punika wosipun nyariosaken lalampahanipun para Pandhawa saha para Korawa. Ing samangkenipun wonten ing tanah Jawi dados lampahan wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wewahipun.
Serat RAMAYANA punika kacariyosaken damelanipun bagawan Walmiki ; menggah ing panangguh, sepuh serat RAMAYANA katimbang serat MAHABHARATA. Nanging serat RAMAYANA punika wonten tanah Indhu kagolong kitabipun bangsa ingkang agami Wisnu. Yen MAHABHARATA kagolong kitabipun agami Siwah.
Mangsuli bab basa Jawi. Ingkang kula aturaken basa Jawi, punika basanipun tiyang Jawi kala jaman kina. Tiyang Jawi ing jaman samangke mastani: basa Kawi. Nanging para geleerden bangsa Walandi anggenipun mastani basa Jawi Kina.
Nalika basa Jawi kina wiwit kaserat sapisan, punika sampun kacampuran tembung-tembung Sanskerta sawatawis kathah. Seratan sela ingkang pinanggih sepuh piyambak ngangge basa Jawi kacampuran tembung Sanskerta, punika mawi angka taun 731 Caka (C mawa cerek, panurun) 809 Masehi; pinanggihipun wonten Diyeng; wiwit titi-masa punika salajengipun dumugi jaman samangke basa Jawi kenging dipun wastani terus lajeng dipun serat mawi aksara Indhu. Temtunipun seratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulen ngantos dumugi wangun ingkang kangge ing jaman samangke; dene ewahipun namung saking sakedhik sanget.
Papan ingkang tulen saking jaman Jawi kina, ingkang awujud tugu sela utawi balebekan tembagi. Wonten ugi ingkang awujud balebekan tembagi masa utawi salaka. Menggah ingkang tumrap sela utawi tembagi, punika ingkang kathah-kathah ngemot piyagem paringipun satunggaling ratu dhateng sawenehing dhusun, kaparingan wewenang ngadeg piyambak, tegesipun kaparingan autonomie, kadosta wenang boten ambayar pajeg dhateng nagari, wenang mendhet pajeg dhateng tiyang ingkang dudunung salebeting dhusun ngriku saha nedha beya dhateng sawarnining pakaryan ing salebeting wewengkonipun, utawi beya lebet wedaling dadagangan. Bokmanawi dhusun ingkang makaten punika ing jaman samangke kenging dipun- wastani dhusun Mardikan.
Anggenipun dhusun dipun-paringi wewenang kados makaten punika ingkang awit dhusun wau dipun-paringi kewajiban ngreksa saha ngopeni candhi pupundhenipun sang ratu, ngiras ngawontenaken pamulangan agami.
Yen boten makaten inggih awit dhusun wau ageng sanget jasanipun dhateng sang prabu. Kados ta: nalika sang prabu perang, tiyang ing dhusun punika anggenipun ambantu saged anjalari menang. Dados autonomie ingkang kaparingaken wau mligi ganjaran.
Wonten malih seratan sela utawi tembagi ingkang ngewrat karampunganing sambut-apisambut utawi sade-tumbas siti, sasaminipun.
Dene balebekan mas, utawi salaka , punika isinipun ingkang kathah pupujian utawi rajah-rajah, ingkang kerep, pinanggihipun wonten salebeting cupu sela, wadhah awu mayitipun para luhur. Cupu sela punika ingkang kathah pinanggih wonten sangandhaping candhi. Dados gathukipun kaliyan ingkang kasebut nginggil : dhusun ingkang kaparingan autonomie wau kawajiban ngreksa candhi, tegesipun pasareyaning leluhuripun sang prabu.
Cara ingkang kasebut ing nginggil punika sadaya tiyang Jawi kala jaman samanten namung lugu tiru-tiru caranipun tiyang Indhu. Awit campuring dharah, rumasuking raos-rumaos sarta agami Indhu, tumrap bangsa Jawi ingkang perangan nginggil, kenging dipun wastani sampun keket. Amila bangsa Jawi kala samanten ing samangke dipun-wastani bangsa Jawi Indhu.

1 komentar:

Mbah Suro mengatakan...

Akhir Desember puniko kula nembe wangsul dateng ndusun (Purworejo) saperlu mendhak pisan almarhum tiyang sepah kula, sakderengipun acara tahlil, kula nyobi matur dumateng para saderek ingkang rawuh mawi basa Jawi, wah wongsal wangsul klentu mawi basa Indonesia, pramilo kula remen maos tulisan panjenengan kangge sinau malih basa Jawi. Matur nuwun Pak Ugeng, manawi kepareng kula nyuwun dipun paringi etungan bab 3hr, 7hr, 40hr lan 100hr lan itungan mendak 1 kangge sederek ingkang sampun sedo.

Pengikut

Matur Nuwun ...