Jumat, 03 Agustus 2012

UJI KOMPETENSI GURU (UKG).


UKG ngentekake wragad 50 milyar. Wragad kasebut  dijupuk saka APBN 2012. UKG enggal-enggal iki pranyata pelaksanaane ora bisa lancar alias semrawut . Dene asile durung bisa maremake .
Ngendikane Ketua Ikatan Guru Indonesia,  Satria Dharma minggu kapungkur ing  Jakarta.”UKG tetep didhukung jalaran kanggo ningkatake mutu guru, nanging aja nganti  kanggo “ngukum guru ” upamane kanggo ngulur  lan njabel tunjangan profesi pendidik. Ketua Ketua Umum Pengurus Besar Persatuan Guru Republik Indonesia (PGRI) Sulistiyo uga  ngendika yen UKG pancen kudu dilakoni nanging aja digandhengake karo sertifikasi. UKG iki kudu dilakoni kabehe guru kang ana ing Indonesia  supaya data sing diasilake lengkap.
Saperangan guru-guru nggresah jalaran kuranging  kesiapan panitia kang nggelar UKG, sebab nganti dina kang kaping lima ana guru sing  durung ngakses soal-soal ujian UKG online kasebut. Perkarane yaiku  server durung siap  yen dianggo paserta UKG bebarengan, kamangka  yutan cacahe  guru ing saindenging Indonesia. Sosialisasi kang kurang sarta mepete wulan Ramadhan uga dadi sebab ora lancare UKG kasebut. Luwih nemen maneh ana ing dhaerah, jalaran saking angele ngakses soal saengga para guru diparengake mbaleni UKG ing wulan Oktober kang bakal teka.
Kaya ta ing  Salatiga, Riau, Surabaya lan kutha –kutha liyane ngalami pepalang teknis gegayutan karo  koneksi karo  server pusat lan gagalnya login ujian. Mung ing  Jakarta kang ngalami  pepalang  paling sethithik . Nganti ujian rampung ana pirang-pirang sekolahan ora bisa koneksi karo pusat , nanging uga ana sing wis konek 50 menit nanging  pungkasane koneksine  uga ngedrop.
Kepriye asile ? Pranyata , kanggo conto kutha Malang asil biji sauntara mung  50 -60 . Malah ana guru sing bijine sangisore 50. Kamangka standare kudu 70. Sanajan durung dievaluasi kabeh , bijine UKG guru ing Mlang kalebu gagal. Pak Jianto, Kepala Seksi Fungsional dan Kependidikan Dinas Pendidikan Kota Malang ngendika  “Saka guru 20, mung guru 4 sing bisa  netepi standar utawa bijine sadhuwure 70”.
Ana maneh sing digrentahake  para guru kayata kang dialami dening Emanuel Sri Joko, guru Bahasa Inggris SMP swasta di Kota Bekasi, Jawa Barat. Dheweke kepeksa nggarap soal bahasa Inggris kanggo guru SMA.
Saliyane iku ana Guru Bimbingan Konseling (BK) yang melu  ujian ora nemokake soal sing  cocok karo  kompetensine
Biji Rata-Rata Sauntara Uji Kompetensi mung  44,5!
"Ini baru hasil sementara. Percayalah, namanya nilai rata-rata, ada yang di atasnya dan ada juga yang lebih rendah," ngendikane  Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Mohammad Nuh ing dalem pernyataan perse, dina Jumat (3/8/2012) sore, ing Gedung Kemdikbud, Jakarta.
Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Mohammad Nuh uga ngendika , saliyane biji rata-rata itu, Kemdikbud uga  ana biji kang paling dhuwur ing  pelaksanaan UKG, yaiku  91. Saliyane iku uga ana guru peserta sing bijine 0 (nol), jalaran ora kasil njawab soal  siji-sijia kanthi bener.  “Ana 316 kabupaten/kutha sing bijine sangisoredi  rata-rata," ngendikane
Saka cathetan Kemendikbud, ing wektu  iki cacahe  guru ing  Indonesia luwih saka  2,9 juta. Ana limang provinsi  kang persentase cacahe  guru sing wis oleh sertifikat paling dhuwur i, yaiku Jogjakarta (43,61 persen), Jawa Tengah (35,37 persen), DKI Jakarta (33,58 persen), Jawa Timur (31,91 persen)  lan Sulawesi Lor  (30,85 persen).

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...