Rabu, 08 Agustus 2012

BASA KRAMA

Gumuruh Bledheg Sayuta :
takon-taken-nyuwun pirsa (kangge awake dhewe), ning yen kangge tiyang sanes takon-taken-mundhut pirsa.
1a. Kula badhe taken.
1b. Kula badhe nyuwun pirsa.
2a. Panjenengan badhe taken menapa?
2b. Panjenengan badhe mundhut pirsa menapa?
Ingkang lepat :
3a. *Bapak badhe nyuwun pirsa menapa?
3b. *Kula badhe mundhut pirsa menapa kepareng?
3c. *Kula badhe tangklet menapa kepareng, Bos?
Tangklet menika subdialek alias krama desa.
Asih Aspalia :  Kula badhe ndherek pirsa. Menika lepat menapa leres Mas Bledheg Sayuta?
Gumuruh Bledheg Sayuta :  Lepat, ingkang leres: Kula badhe ndherek mangertos.
Rat Briyan Atmaka  :  Menawi njobo pripun kromo inggile pak bledhek
Asih Aspalia : Menawi ngaten ukara ten lagu campur sari “Mas Joko” lepat. “Nyuwun sewu mas,kula badhe ndherek pirsa,menapa leres ngriki daleme Mas Joko”
Gumuruh Bledheg Sayuta :  jaba kramanipun jawi, ing jaba=ing jawi, kejaba=kejawi, jawi menika kramanipun jaba. Dene tembung krama inggile jaba boten wonten.
Rat Briyan Atmaka  : Lho jawi niko nopo sanes jowo artosipun
Gumuruh Bledheg Sayuta : Jawi kalebet polisemi, teges 1 jaba, teges 2 jawa. Wonten ing Jawi sampun 3 tahun (Jawi=Jawa); Penjenengan dipuntengga wonten jawi (jawi=jaba). Suraos 1 lan 2 boten wonten gandheng cenengipun ingaranan polisemi, ning menawi tasih sesambetan kalebet homonimi.
Asih Aspalia : Manteb wejanganipun...Mas Bledheg. Sampun dangu mboten sinau unggah-ungguhe basa jawa..
Gumuruh Bledheg Sayuta : matur nuwun mbak asih, niki kula nembe ngrevisi kamus Jawa-Indonesia: krama-ngoko, dados nggih tasih anget menika.
Asih Aspalia : Kangen sinau malih kados rumiyin mas Bledheg. Siswa ingkang ajeg nyemak kula kaliyan Mas Edi Bung..
Gumuruh Bledheg Sayuta : Mas Edi Bung mpun awis-awis mecungul, duka nembe tindakan napa nembe karoban ing pakaryan sanes.
Asih Aspalia : Lha nggih,kratone kok ditinggal prung kados ngaten. Kula minangka patihe dados koncat-kancit niki...
Gumuruh Bledheg Sayuta : Mbak Blakim sapunika dedunung wonten pundi?

t

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...