Rabu, 04 Agustus 2010

KESURUPAN


Wayahe wis meh surup. Candikala abang mbranang sumirat ing langit sisih kulon. Wong wong wis padha mulih anggone megawe. Sedina mbethethet nyambut gawe ana tegal lan sawah. Sing saka pasar malah wis mulih bedhug ndhrandhang mau. Sing reresik jogan latar wis padha rampung anggone nyapu. Latar jembar gilar-gilar ,. ora ana uwuh utawa godhong kemliwer, kabeh sinaponan resik. Kabeh padha ngrumat bale somahe dhewe-dhewe. Bebek, pitik lan rajakaya wis padha dikandhangake. Bocah-bocah wis bubar adus banjur salin sandhangan sing resik, ora lali kopyahe, padha budhal ngaji menyang langgar. Swasana ing desa kono katon asri, ayem lan tentrem . Ora suwe keprungu swara bedhug Mahgrib. Thing .. therenthing-... thing thing dheng.... dheng, thing therenthingthing ... dheng. Banjur keprungu swara adzan saka langgar cilik mau. “ Allaaaahu akbar , Allaaaahu akbar ...... Sing arep sembahyang menyang langgar wis padha budhal. Sadurunge imam teka para jamaah padha pujian. Bareng sing ngimami sembahyang wis teka, banjur diwiwiti sholat, diterusake dzikiran. Yen dirungokake saka kadohan , marakake ati adhem.
Tengah-tengahing wong mau padha dzikir, keprungu wong bengok-bengok. “Siti kesurupan .... Siti kesurupan “. Siti ngomyang. Sing diomongake ora genah. Saben wong teka dituding-tuding, diunek-unekake ora karu-karuwan. Wong-wong tangga teparo enggal-enggal gumrudug menyang omahe Siti. Byuk, wong-wong sing padha teka enggal ngebaki bale. Kabeh padha ngrubung Siti. Ora keri wong sing sembahyang padha mlayu plencing ninggalake imame sing isih nerusake dzikire. Wa Amat uga isih nerusake dzikire sing mung kari sethithik.
“Iki mau kena apa ? Kena apa ? Kena apa ?” pitakone wong-wong sing lagi teka.
“Nggih boten ngertos. Ngerti ngerti nggih kados ngoten niku. Ngececeng , awake kaku kabeh. Ora kena ditakoni” wangsulane mboke Siti.
“Boten kenek napa-napa, ta Wa “ piatkone Giman menyang Wa Katimah ya mboke Siti.
“Kenek napa ? Wong sore mau ya ora apa-apa. Ya biasa wae.”
“Mengke gek bibar saking pundi saking pundi ngoten?”
“Sedina ya neng ngomah ngono. Ora lunga-lunga. Nyambut gawe kaya biasane. Wayahe adang ya adang. Iki mau lho aku arep apek banyu ulu menyang sumur, arep sembahyang Mahgrib. Ngerti-ngerti awake kaku.”
“Eee. Saderenge, nggih mboten duwe omong napa-napa?”
“Nek karo aku ya ora nate ngomong apa-apa”
Ora suwe Wa Amat mudhun saka langgar, mulih. Kaget weruh ana ngomah wis akeh uwong, uga weruh mantune ora kena ditakoni. Bingung apa sing arep dicandhak. Mlebu metu ngomah ora ana tujuwane. Ngerti yen Wa Amat bingung banjur ana sing ngrenahake.
“Mbok cobi Wa, diundangke mbah Krama.”
“Sudar mau menyang endi, ta ?” Wa Amat nggoleki Sudar, anake lanang ya bojone Siti.
“Durung mulih ngono.”
“Bocah ra nggenah, yah mene durung mulih. Mblayang menyang endi wae ya?”
“Ma, Sarma , tulung undangna mbah Krama. “
“Nggih, Wa.” Sarma enggal-enggal budhal menyang omahe mbah Krama nyilih pit montore Pak Darna. Pit montor enggal-enggal distarter tumuju menyang omahe mbah Krama. Ora suwe Sarma karo mbah Krama teka.
Mbah Krama enggal-enggal njujug panggonane Siti. Banjur njaluk banyu putih. Banyu sagelas enggal diulungake marang mbah Krama. Sawise maca donga sawetara, banyu sing ana gelas diraupake menyang raine Siti, turahane dikongkon ngombekake.
“Dos pundi, mbah ?. Kenging napa ?” pitakone Wa Amat menyang mbah Krama sawise nambani Siti.
“Boten napa-napa,” wangsulane mbah Krama alon.
“Niki mesthi enten sing serik kalih Siti. Cetha yen ngeten niki mesthi balangan”
“Balangan napa ? Balangan jemblem, ta ?”
“Njenengan tiyang sepuh kok guyon. Ampun guyon ta, mbah !”
“Guyon dospundi ta ? Kula niki nggih ngomong tuwa “
“Jelas niki enten sing sengit kalih piyambake. Wong larane mboten sabaene ngoten”
“Pun saniki ngeten mawon. Bocahe niku njenengan beta teng kamar. Kajenge lerem. Kula tak nyuwun pamit”
“Nggih, nggih mbah. Kula matur nuwun sanget. Nyuwun ngapunten lho mbah menawi enten lepat kula.”
Mbah Krama banjur mulih. Ora lali Wa Amat nyelipake rokok rong mbungkus menyang sake mbah Krama. Wong-wong sing maune padha ngrubung padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.
“Ma, Sarma. Terna mbah Krama kondur,” Wa Amat ngongkon Sarma.
“Nggih Wa,” wangsulane Sarma banjur budhal ngeterake mulih mbah Krama.
Sedina, ora ana kedadean apa-apa. Kahanan ing desa kono bali kaya wingi uni. Ayem tentrem. Dhasare desa kono adoh saka kutha. Adoh saka pasar. Adoh lor adoh kidul, adoh saka kerameyan. Kabeh padha nyambut gawe bali marang pegaweyane dhewe-dhewe. Mung kabar kesurupane si Siti isih dadi rembug tangga teparone. Isih ana sing rasan-rasan yen Siti kemangslupan setan. Ana sing ngomong Siti katutan dhemit belik kidul. Ana uga sing ngarani yen Siti disanthet uwong. Werna-werna panyakrabawane tangga-teparo marang larane Siti.

Ganep sepasar. Siti kumat. Wayahe uga padha, ing wayah surup. Malah saiki luwih nemen. Sejene ngomyang , klambi sing dianggo didhedheli nganti suwek kabeh. Paribasan ora ana kain sasuwek wae sing tumemplek ning awake Siti. Uda bledreng. Saben ana wong teka, diarani setan sing arep ngganggu gawe ,”Setan alasan, ngapa kowe teka mrene, Minggata !” kaya ngono kuwi omyange, karo tuding-tuding marang saben ana wong sing arep tetulung. Ndleming ora ana entek-enteke.
Ngerti bojone kumat kaya mangkono, Sudar trengginas. Bojone banjur diruket, dipithing, njur dijegal tiba klangsaran neng njogan wong loro. Pira banggane wong wadon, sarosa-rosane wong wadon mesthi isih rosa wong lanang. Sing weruh padha bingung, arep tetulung, tetulung sing kepriye, wong Siti wuda. Ya isin ya campur ....
“Ma, Sarma, enggal paranana mbah Krama !” prentahe Wa Amat menyang Sarma. Kebatan Sarma budhal menyang omahe mbah Krama. Ora suwe mbah Krama wis teka.
“Wis, culna bojomu, Dar ! Karo goleka banyu kana !” pakone menyang Sudar.
Kaya biasane mbah Krama banjur nambani. Siti diraupi lan diombeni banyu. Ora suwe Siti katon ambegane sangsaya katon alon. Sing maune lamben nggeget-nggeget kaya wong nesu , wis sangsaya katon lumrah. Siti banjur dikongkon nggawa mlebu kamar.
Sawise rampung anggone nambani mbah Krama banjur ngajak lungguhan ing meja. Karo ngombe kopi. Wong-wong wis padha bubar, mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Sing keri mung Wa Amat – sing duwe omah—Sudar, Sarma karo mbah Krama.
“Dospundi, mbah?”, pitakone Wa Amat mbukani rembug.
“Ngeten, kula ajeng ngomong sampeyan rungokne. Bocah niku sejatine boten ,kenging napa-napa. Nggih boten kenging setan, boten kenging dhemit nggih boten dibalang tiyang.”
“Mula,” mbah Krama nerusake.”Sampeyan dhik Amat, dadi wong tuwa mbok nggih sing ngerti. Ampun sok gampang ndakwa tiyang. Sampeyan niku enten ngriki dadi panutane wong sak kampung. Yen tiyange trima sampeyan dakwa, boten napa-napa. Yen boten trima, rak cilaka.”
“Sing ping pindho, kowe Dar. “ genti sing dituturi Sudar. “Bojomu kelonana ... mengko rak waras! Bojomu mrene iki, jalaran ngetutake kowe. Kowe malah mburu senengmu dhewe. Kowe saben bengi ngombe menyang warunge Timan. Mulih-mulih tengah wengi, mendem. Sapa ngerti yen bojomu nduwe krenteg apa, nduwe kekarepan apa. Saiki samubarang larang. Golek pangan angel. Kowe ngerti yen bojomu ra duwe dhuwit ? Wong wadon wis gelem melu maratuwa wis saapik-apike bocah lho. Bisa ora kowe mareni tumindakmu ?”
“ Nggih, mbah. Kula estokaken”
Akeh-akeh mbah Krama anggone nuturi Wa Amat karo Sudar, yen ditulis kira-kira limang kebet isih kurang.
“Ya wis. Sarehne saiki wis wengi aku tak nyuwun pamit.”
Sawise kedadean sing kapindho iku Siti ora nate kumat babar pisan, Sudar ya mareni anggone mburu kesenengane dhewe ....


Surabaya, 4 Agustus 2010.

1 komentar:

mawaradi mengatakan...

Mula ta, pancen Sudar ora duwe udel amarga udele dicaplok siluman Kedhungkandhang, mula ya ngono kuwi kedadeane. Untung ana mbah Krama jathuka rak tambah ngambra-ambra kumate......

Pengikut

Matur Nuwun ...