Sabtu, 07 Agustus 2010

FACEBOOK , MANFAAT LAN MUDHARAT TUMRAP MURID


Internet, piranti sing paling mutakhir kanggo sesambungan lan srawung antarane papan panggonan siji lan liyane, antarane pawongan siji lan liyane. Saliyane gampang anggone nganggo, uga kalebu piranti sing murah. Jalaran saka gampange, ora aneh yen sing nganggo internet iku wiwit para ilmuwan nganti bocah sing isih sekolah dasar, wiwit wong tuwa nganti bocah-bocah cilik. Mula jaman saiki yen ana wong nganti ora bisa, ngerti, nganggo internet kalebu manungsa jadul (jaman dulu), ora ngerti ombyaking jaman. Mung wae, ngendikane para winasis internet iku ibarate pedhang sing lelandhepe kanan lan kering. Bisa digunakake kanggo kabecikan, uga bisa digunakake kanggo kadurakan. Sing kepingin mlebu menyang suwarga ana dalane ing internet, lan sing kepingin mlebu neraka uga ana dalane saka internet. Watese antarane suwarga lan neraka iku mung “Klik”.

Salah sijine sarana sesambungan antarane sing kondhang ing internet yaiku face book lan twitter. Bocah-bocah lulusan Sekolah Dasar saiki akeh yen ora kena diarani meh kabeh, wis duwe akun ing face book utamane ing kutha-kutha sing ana jaringane internet. Lho kok bisa ? Syarat-syarate nggawe e-mail rak kudu sing diwasa? Pancen syarate kaya mangkono, nanging sapa bisa ngawasi nalika si bocah ndhaftarake menyang face book apa twitter yen bocah mau wis tenan-tenan diwasa ? Apa ora bisa dipalsu ?

Face book, kanggone para murid ana manfaate lan ana uga mudarate. Manfaate wis cetha. Bocah bisa srawung karo kanca-kancane, bisa sinau lan nggladhi medharake pikirane, gagasane liwat tulisan, lan isih akeh akeh manfaat liyane.

Mudarate :
Nomer siji bocah bisa nyandu. Ora gelem ngalih utawa lunga saka warnet. Yen bapak ibune duwe komputer sing nyambung internet bisa ngawasi putra-putrane. Yen ana warnet sapa sing ngawasi ?
Nomer loro : Lumrahe akun ing face book nganggo jeneng sing aneh-aneh utawa jeneng singlon (samaran). Mula rada angel anggone nitik sapa satemene sing nggawe akun mau. Rumangsa ora bakal konangan, bocah mau banjur ngolok-olok kancane, wong tuwane kancane, gurune nganggo tembung sing lekoh-lekoh sing ora pantes dirungu dening bocah sekolah. Korban wis ana. Ing kutha Probolinggo, Jawa Timur , ana bocah sekolah sing ditokake krana nulis ing face book kanthi alesan “mengeluhkan keamanan sekolah” . Penulis ora yakin sing diomongake “mung keamanan sekolah”. Penulis ndhukung apa sing ditindakake guru mau.
Nomer telu : tata tulis ing face book ;lumrahe dicekak-cekak, campur bawur antarane aksara gedhe lan cilik. Kamangka ing soal-soal ujian ngenani ejaan uga ditokake. Malah –malah ana uga pak guru lan bu guru sing nulis ing face book ejaane ora bener. Yen gurune wae tulisane ora bener, apa maneh muride. Mula guru sangsaya angel lan sangsaya abot anggone mulang.

Udhu rembug : 1. Wong tuwa kudu bisa ngawasi tingkah lakune putrane ana warnet utawa lagi internetan. 2. Murid dingertekake sopan santun lan tata kramane srawung antarane kanca, guru lan wong tuwa. 3. Ora perlu “konfirmasi” jenenge wong sing ngajak kekancan sing nggladrah, sing dudu jeneng sabenere. 4. Khusus kanggo pak lan bu guru : panjenengan awasi face book murid panjenengan, aja-aja panjenengan uga korban .

4 komentar:

mawaradi mengatakan...

Setuju pak Ugeng, para guru lan tiyang sepuh wajib maos artikel ing nginggil.

Kombor mengatakan...

Leres punapa ingkang dados pamanggih Panjenengan. Facebook wonten mudharat lan manpangatitun. Kuwajiban kula Panjenengan sami kagem momong para putra anggenipun ngginakaken facebook supados waged pikantuk manpangatipun.

Pak Ugeng mengatakan...

Supados kita mangertosi donyanipun lare-lare mila kita kedah saged dados spion. Matur nuwun.

blencongeopunk mengatakan...

sarujuk rama...

Pengikut

Matur Nuwun ...