Minggu, 27 Juni 2010

GRAHANA


Rembulan benjo dhepipil ing pipining mega
lara dicokot buta
langit sigar gumelar tanpa sabawa, surem
manuk engkuk celuk-celuk neng dhuwur gumuk
peri gentayangan golek kanca
bocah-bocah dolan nggebug buta kang lagi mangsa
sambe kala lunga nggendring ndhelik ndremimil neng pojoking watu sungil
lara-lara aja mara , rahayu sing padha teka
dongenge simbah jaman kuna

bocah dolan, bocah jamuran wis ora ana
kegiwang rembulan kothak
kentir ing crita kang mili dawa
lunjak-lunjak ngguyu nyekakak

grahana teka
ora ana bocah dolan sing nggebug buta.


Surabaya, 27 Juni 2010.

2 komentar:

mawaradi mengatakan...

Ngengetaken crita ringgit, nalika ditya Kalarahu nguntal rembulan, konangan bathara Wisnu , pancakara rame.Ing wekasan bathara Wisnu manah kenging jangganipun,gembung dhawah dados lesung, dipun thutuki mawi alu lan rembulan saged medal wetah malih.Eman buku ringgit kalawau sampun boten kantenan, dados ingkang kula aturaken awewaton pangenget-enget.

andi mengatakan...

pak badhe tangklet manuk engkuk niku nami indonesianipun burung nopo ?
matur suwun

Pengikut

Matur Nuwun ...