Kamis, 10 Juni 2010

SASTRA JENDRA


Omahe mencil, rada adoh karo tangga-tanggane, cedhak kuburan. Omah joglo cete ijo, jenggarong magrong-magrong. Balene manggon ing ngarep, omah gedhe ana sisih mburi, sisih wetan pawon, madhep ngidul. Omah gebyog modhel kuna sing umure wis kira-kira satus taun. Omah iku arupa warisan saka mbahe biyen. Platarane amba mula samubarang tanduran ana. Ana ngarep omah ditanduri wit-witan lan kekembangan. Ana pring gadhing, ditandur ing panggir pager pojok wetan. Tebu wulung ditandur ing pinggir pager pojok kulon. Kembang kenanga, ana pirang-pirang werna. Ana kenanga Jawa, ana kenanga Jepang, ana kenanga Thailand . Wit kates uga ana, ana kates Jawa ana kates Jepang, lan uga kates Thailand. Wohe pating grandhul nyenengake. Uga ana kates gantung sing lumrahe dianggo jamu. Biasane kates gantung iku dibutuhake wong kanggo jamu. Kembang kates gantung bisa dimasak, dioseng-oseng njur dicampur urang segane anget-anget, jan nikmat banget. Klapa gadhing ditandur ing cedhak regol. Lumrahe kanggo pajangan yen ana wong duwe gawe mantu, uga dianggo ubarampe sarat nalika slametan mitoni jabang bayi isih ana ing kandhutan. . Ing mburi omah ana barongan pring rada rungkut. Yen disawang saka kadohan swasana ing sakiwa tengene omah rada ayom lan ayem.
Ora mung tanduran sing gedhe-gedhe wae, ing plataran mau uga ditanduri empon-empon sing lumrahe diarani tanduran “toga”, tanaman obat keluarga. Pancen pamarentah ora leren-leren anggone menehi penyuluhan supaya para warga nandur tanduran toga iki. Akeh manfaate tumrape wong-wong ing padesan. Apa maneh desa mau rada adoh saka Puskesmas sing anane mung ing kecamatan. Saka Puskesmas dohe kira-kira lima utawa nem kilonan. Kamangka dudu dalan jurusan sing diliwati bis utawa truk. Karone maneh saiki yen saiki arep mertamba, ragade larang. Kudu ngetokake dhuwit atusan ewu, bisa-bisa malah nganti yutan barang. Kamangka pengasilane wong padesan mung saka anggone ngolah sawah, ora ana pametu liyane tetanen. Mula wong tani lagi bisa nyekel dhuwit yen lebar panen.
Dhek sedhela kae ana wong tiba saka wit klapa, arep ditumpakake montor , tanggane ora ana sing duwe. Arep digonceng pit montor disilihake tanggane , ora bisa lungguh jalaran kira-kira boyoke sing cuklek. Mula kepeksa digawekake amben cilik saka pring banjur digotong, dipikul wong papat menyang Puskesmas. Untung wae jiwa gotong royonge isih diuri-uri, mula sing melu nggotong lan mikul menyang Puskesmas ya wong akeh, kira-kira wong sepuluh, tanpa diprentah. Anggone nggotong genti-genten. Yen ana sing kesel banjur digenteni liyane.Durung, yen ana wong sing arep nglairake. Pirang-pirang dina bayine durung lair-lair. Kamangka mbah dhukun wis ora bisa ngatasi lan kudu digawa menyang Puskesmas. Mula wong-wong banjur tetulung nggotong lan mikul menyang Puskesmas.
Yen mung lara panas, ngelu, mencret wae tambane cukup golek ing sajerone pekarangan. Lara panas ditambani godhong dhadhap serep, lara mlembung utawa kembung cukup ditaleni wit sembukan, lara mencret ditambani kunir diparut dicampur karo enjet njur dicekokake. Yen mencrete ora waras-waras digolekake ampet-ampet pupus jambu kluthuk , digerus banyune diombekake. Mayar wae . Sing susah lan rekasa yen ana wong ketaman lara abot, disuwuk ora waras, digolekake dhukun mrana-mrana ora jodho. Untunge saiki ana program Jamkesmas sing bisa ngentheng-enthengake sanggane wong sing lagi ketaman lara.
Sapa ta sing duwe omah iku ? Mbah Tarna. Wonge wis rada tuwa , kira-kira umure wis suwidak lima taun. Dene mbah Tarna wedok isih ketok rada enom. Biyen kawine dhudha oleh randha. Ning randha lanjar. Umure kacek rada akeh, rong puluh taun. Mbah Tarna umur patang puluh taun nggawa anak loro. Saiki wis omah-omah dhewe, sing siji neng Surabaya, sijine neng Jakarta. Dene mbah Tarna wedok randha lanjar sing lagi umur rong puluh taun. Mbah Tarna wedok dhewe rabi umur nembelas taun. Anggone jejodhoan durung duwe anak. Jalaran neng desa golek pangan angel , mula bojone mbah Tarna wedok banjur lunga bara menyang Tanjung Pinang. Lawas ora mulih-mulih. Ora layang ora kabar, apa maneh kirim pangan. Krungu-krungu kabar jarene neng Tanjung Pinang malah wis kecanthol wong kana. Dadi ora nate mulih babar pisan.
Akeh wong mara menyang omahe mbah Tarna, perlune mertamba. Sing nambani dudu mbah Tarna lanang, nanging mbah Tarna wedok. Mula bukane mbah Tarna wedok bisa nambani wong jalaran nemu carang pring. Nalika samana ana wong butuh pring kanggo pager nembung marang mbah Tarna.
“ Negara dhewe, Man. Goleka neng mburi omah, butuh pirang lonjor ta ?,” kandhane mbah Tarna wedok.
“Namung tigang lonjor, mbah. Kangge nyulami pager ngalas, wong dibrobosi wedhus,” kandhane Sadiman.
“Miliha sakarepmu !”
Sadiman banjur menyang lebuh mburi negor pring, nalika ngrenceki pring nemu carang pring rada aneh. Banjur kandha menyang mbah Tarna wedok.
“Niki enten carang sing aneh mbah,” kandhane Sadiman.
“Aneh piye , Man ?” , pitakone mbah wedok karo marani Sadiman.
“Niki lho saeros carange enten kalih,”
“Ya iki sing diarani pring pethuk , kena kanggo jimat, Man. Kene dak simpene”
Pring mau banjur direnceki dipilih sing dibutuhake wae, digawa mulih banjur disimpen ing jero lemari. Bengine mbah wedok ngimpi yen ditekani wong tuwa wis kaki-kaki penganggone sarwa putih, karo nyekel teken. Wong tuwa mau kandha menyang mbah wedok, “ Tini, pring iku rumaten sing becik. Kuwi kena kanggo sarana tetulung marang wong liya. Yen ana wong sambat lara panas, ngelu pring mau kumen, banyune banjur ombekna.” Sabubare kandha mangkono wong tuwa mau banjur ilang.
Temenan dina candhake ana tanggane mbah Tarna liwat ing ngarep omah banjur diaruhi, “Arep nyang ngendi, Mar?”
“Ajeng tumbas bodrex mbah. Niku lho gendhuk empun tigang dinten awake sumer boten mantun-mantun,” wangsulane Marni.
“Njajal gawanen mrene”
Anake Marni digawa menyang omahe mbah Tarna. Ing kana diwenehi banyu supaya diombekake marang anake. Pranyata waras. Wiwit dina iku ana wae sing teka menyang omahe mbah Tarna perlu mertamba. Ora mung mertamba wae malah yen ana perlu liya uga ana. Upamane petung ngedegake omah, pindhahan, mantu lan malah ana sing nakokake kepriye nasibe ing tembe mburine.
Wis kira-kira telung sasi mbah Tarna duwe dhayoh sing rada beda karo lumrahe wong mertamba. Lumrahe wong mertamba iku mung pisan pindho, akeh-akehe ping telu. Dhayoh iku sering teka, kadhang seminggu ping pindho kadhang-kadhang ping telu. Mula banjur dadi rasanane tangga teparo. Umur-umurane kira-kira sebabag karo mbah Tarna wedok. Rasanane wong-wong jarene lagi ngaji ngelmu. Jenenge Sugiman, omahe neng desa Janti rada adoh desa kono, ya watara rong kilonan.
Dinane malem Jemuah, bakda Mahgrib Sugiman wis ana ing omahe mbah Tarna. Ora kaya biasane omahe mbah Tarna tansah bukakan nganti wengi. Dina iku bakda Mahgrib wis tutupan. Wong-wong tanggane mbah Tarna ya rada gumun.
“Kadingaren , mbah Tarna yah mene wis tutup lawang,” kandhane Kang Sarta karo nyruput wedang neng warunge yu Nah cedhak omahe mbah Tarna.
“Jarene..... mbah Tarna lunga menyang Surabaya, endhang putune.” Kandhane Kamdi.
“Lha ..... Sugiman mau apa ana kono ?” pitakone Kang Sarta curiga.
“Kaya –kaya bakda Mahgrib mau wis neng kono,” wangsulane Kamdi.
“Wah iki glagate ora kepenak iki. Ayo lapor pak RT, “ kang Sarta ngajak Kamdi.
Sawise mbayar wedang, wong loro mau banjur menyang omahe pak RT, kandha yen Sugiman ana nggone mbah Tarna kamangka mbah Tarna ora ana.
“Ngoten niku rak boten sae ta, pak RT,” lapurane Kang Sarta.
“Wis aja rame-rame . saiki paranana Kija Hansip, aku dak lapor pak RW, karo ngandhani pak Bayan, lan mbah Kamituwa. Nanging aja grusa-grusu, kudu ditliti dhisik,” kandhane pak RT.
Temenan, ora suwe wong-wong wis ngumpul ana omahe mbah Tarna. Sawise ditilti pranyata ana kahanan sing ora bisa gawe tentreme masyarakat. Lawang banjur digedhor. Mbah Tarna wedok karo Sugiman digawa menyang bale desa, diirit wong akeh.
“Mbah, niki pripun. Sampeyan niki empun sepuh, kok sampeyan duwe polah kados ngeten niki pripun?” kandhane pak RW.
“ Polah napa ? Kula niki saweg mejang ngelmu.”
“Ngelmu napa. Wong ngelmu kok kados ngoten.”
“Ngelmune Begawan Wisrawa sing diturunaken dhateng Dewi Sukesi. Sampeyan nate ningali wayang napa boten?”
“Ngelmu Sastra Jendra ?”
“Lha enggih. Sampeyan dhewe nggih ngerti.”
“Tapsire boten ngoten mbah.”
“ Ngelmu niku kelakone kanthi laku. Sing dilakoni Begawan Wisrawa rak padha kalih sing kula lakoni. Tapsir sing kados pundi ?” kandhane mbah Tarna wedok. Omongane akeh kemriyek ora kena diselani. Didunung-dunungake tetep ora dunung.
“Lha iki tapsir sing ora genah, ” ujare pak RW ,karo unjal ambegan.


Surabaya, 10 Juni 2010.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...