Minggu, 20 Juni 2010

RSBI, RENCANA SEKOLAH BESAR IURAN

RSBI saiki lagi digandrungi wong sa Indonesia. Wiwit saka Sabang nganti teka Merauke pada kepingin nyekolahake anake menyang RSBI. Daya pangaribawane tembung "internasional" pancen ngedab-edabi banget. Apa ta sing diarani standar internasional? Krungu-krungu gurune yen mulang nganggo basa Inggris. Pancene saiki yen ora nganggo cap internasional ora payu, kurang gagah. Mula sekolahan-sekolahan uga mbudidaya kanthi cara apa wae supaya sekolahane klebu golongan internasional mau. Apa akibate ?
Siji, gurune dipeksa sinau maneh. Pancen wis wajibe guru-guru kudu tansah nambah ngelmu. Ana sing les basa Inggris, ana sing sekolah S2 lan uga ana sing sekolah S3 barang. Sing lulusan PGSLP minggir, jalaran pancene wis wayahe pensiun. Guru-guru yen mulang kudu nganggo basa Inggris, paling ora dwi bahasa utawa bilingual yaiku : Basa Inggris, Matematika, IPA.
Kanggone guru, kudu bisa mulang nganggo basa Ingris, mula sadurunge ngomong mikir dhisik basa Inggrise piye. Contone guru kandha :
1.
Basa Jawa : Ngapa kowe bola-bali metu ?
Basa Indonesia : Mengapa kamu kembola-kembali keluar ?
Basa Inggris : Why you back-beck go out ?

2.
Basa Jawa : Indah mlaku-mlaku ana ing mall.
Basa Indonesia : Indah berjalan-jalan di mall.
Basa Inggris : Indah walking-walking in the mall.

3.
Basa Jawa : Lha iya. Aku mau ngomong apa ?
Basa Indonesia : Lha iya. Saya tadi bilang apa ?
Basa Inggris : Lha iyes. I was said what ?

Iku lagi perkara basa. Gurune bingung golek tembung , muride ya bingung anggone nampa. Ngerti-ora ngerti dianggep ngerti. Yen ora ngerti nganggo basa Tarzan. Durung perkara liya-liyane.
Negara sing kena kanggo conto : Malayasia. Malaysia saiki nyuwak basa Inggris dianggo wulangan-wulangan ing sekolahan. Jalaran bijine wulangan sing nganggo basa Inggris mudhun.
Kanggone murid, mikir isine wulangan wae wis kangelan. Isih ditambahi basane guru sing ora cetha. Dadi kangelan pindho.
Jalaran internasional wragade uga internasional. Ana sing kandha yen sumbangan saka wong tuwa wali murid ora mung atusan ewu repis, nanging yutan. Malah-malah ana sing kandha nganti puluhan yuta. Lumrahe sing bisa mlebu menyang sekolah RSBI anake wong sugih-sugih, nanging iku lagi tembung jarene. Mula tembung RSBI banjur diplesetake Rencana Sekolah Besar Iuran.
Ana maneh tembung plesetan sing rada nggatelake ati yaiku : guru lan kepala sekolah RSBI itu tegas-tegas, tegel tur .......

1 komentar:

mawaradi mengatakan...

Kula inggih natos mireng swanten kados ingkang panjenengan serat.Eman sanget tuladha saking negari Malaysia ingkang kabukten boten pas kaliyan pendidikan, dipun cakaken wonten Indonesia. Menapa Indonesia kepengin kaliyan Malaysia?Plesetan panjenengan RSBI:Rencana Sekolah Besar Iuran, wonten leresipun .Mangga menawi longgar mangga wawancara kaliyan lare ingkang mlebet SBI, nuwun.

Pengikut

Matur Nuwun ...