Selasa, 01 Juni 2010

SARAT


Unas saiki dadi tembung sing medeni. Ujian Nasional dadi momok bocah-bocah utawa murid-murid sekolah. Wiwit sekolah dasar tataran sing endhek dhewe nganti SMA sekolahan sing dhuwur padha bingung padha kuwatir yen ora lulus. Miturut berita-berita neng TV ana murid sing nglalu, gantung dhiri utawa bunuh dhiri jalaran ora lulus Ujian Nasional. Malah-malah ana murid –saking wedine – bunuh dhiri kamangka dheweke katut lulus. Semono gedhene pangaribawane Unas utawa Ujian Nasional.
Ora mung muride wae sing kuwatir ora lulus, dalah gurune pisan ya kuwatir yen muride ora lulus. Kanggone guru, yen nganti ana muride ana sing ora lulus ateges “masa depane” sekolahan surem. Jalaran saka akeh sing ora lulus banjur ora ana sing gelem dhaftar menyang sekolahan mau. Mula akeh usaha supaya murid-murid bisaa lulus kanthi biji sing apik. Kanggone bocah-bocah utawa murid-murid salah sawijine usaha yaiku les. Ana sing les ing sekolahan, uga ana sing les privat menyang gurune, nanging ana uga sing melu les menyang bimbingan-bimbingan belajar ing njaba sekolahan. Pokoke saiki yen ora les ora bisa dijamin yen bisa lulus.
Gurune dhewe ya mengkono, supaya muride bisa lulus kanthi becik wis mesthi wae banjur nganakake les kanggo murid-muride. Jane mono ya ora kurang-kurang guru anggone nyangoni muride. Bahan-bahan pelajaran kanggo kelas telu ing wulan Pebruari wis dirampungake kabeh. Sawise iku guru kelas telu kari mbolan-mbaleni wulangan sing dirasa isih kurang. Sejene kuwi wulangan – wulangan sing isih kurang isih dirembug ana ing wektu les. Sanajan kaya mengkono guru isih rumangsa kurang sreg ndeleng kwalitete murid-murid saiki. Murid-murid saiki ora kaya murid jaman biyen nalika aku sekolah. Akeh-akehe nduweni watek nggampangake. Kamangka ing saben kelas wis diwenehi tulisan kanggo pengeling-eling nganggo basa Jawa “Wedia ing nggegampang, wania ing pakewuh”. Ana uga sing nganggo basa Inggris : “We must study hard”. Dadi ora kurang-kurang guru anggone ngelingake supaya mempeng lan sregep anggone sinau. Sejene nganggo tulisan kaya mau ya dituturi nganggo lambe, paribasan lambe setumang kari samerang”anggone nuturi murid-murid, nanging asile ora bedane. Ujian Nasional disangga entheng, dianggep gampang jalaran akeh sing ngomong :”Lulus lulus, wis mesthi luluse wong mengko bakal diwarahi gurune “
“Contone aku iki lho. Biyen gurune ngomong saiki ujiane angel, sing sregep sinau. Pengawasane saiki ketat. Nyatane apa, bareng ujian tenan ya diwarahi,” kandhane bocah-bocah sing wis lulus.
Mula murid-murid saiki yen diwulang angele ora jamak, gurune wis siap mulang muride isih rame. Yen wayahe guru ngomong muride ya melu omong-omongan karepe dhewe-dhewe. Gurune wis ora direken blas. Mula dadi guru saiki yen ora sabar-sabar tenan ya tiwas lara ati. Ana guru sing nganti ora sida mulang jalaran saka murid ora gelem meneng-meneng. Gurune teka dhok, lungguh srog ana ing kursi, muride isih tetep ngomong wae. Nganti bel ganti pelajaran ya isih tetep rame. Arep dikerengi -- jarene murid -- gurune kereng, yen ora dikerengi muride kurang ajar. Paribasan ngidak-idak sirah. Arep dikaplok, mengko malah urusan karo pulisi. Wali murid saiki kritis-kritis. Anake dijiwit wae wis dadi perkara, dilaporake yen gurune nindakake bullying, nindakake kekerasan ing sekolahan. Mula saiki dadi guru ewuh aya, dadi guru sabar ora direken karo murid, dadi guru kereng ora disenengi murid. Sarwa ewuh.
Sing dadi gumune guru-guru rata-rata murid-murid saiki kabeh ya kaya ngono, wiwit kelas siji nganti kelas telu ora ana bedane. Yen ora ngono, guru lagi miwiti mulang wis njaluk ijin metu alesane ana sing nguyuh, ana sing ngising, ana sing menyang BP, ana sing fotokopi, pokoke alesane werna-werna.
Rumangsaku, jaman aku dadi murid biyen ora kaya saiki. Marang guru ya kurmat, karo kanca ya apik, ora ana murid sing tukaran karo kancane. Pancene ana bocah olok-olokan karo kancane ning ora nganti gelut, ora nganti tukaran. Ora kaya bocah saiki, sethithik-sethithik tawuran, sethithik-sethithik tawuran. Prekara sepele wae dadi tawuran.
Apa maneh ana ing SMA, saben dina ana wae bocah mbolos, kamangka wong tuwane ya wis dipanggil menyang sekolahan. Sejene kuwi yen ora mbolos tawuran karo sekolahan liya. Apa maneh bocah-bocah saiki saben bocah mesthi nggawa HP sing ana kamerane. Malah-malah HP ne gurune kalah karo duweke bocah-bocah. Saking nemene si bocah, gurune kadhang kala diolok-olok yen HP ne gurune wis kuna, wis ora njaman. Ya HP iki sing saiki ndadekake perkara. Guru ora bisa selak maneh yen nindakake kekerasan ing sekolahan.
Sing nggumunake maneh bocah-bocah wedok saiki padha gelutan neng sekolahan, padha nggawe kumpulan geng-gengan, lan ora isin padha gelut ruket di deleng wong akeh. Malah rumangsa bombong lan mongkog yen disuraki. Apa ya ngene iki sing diarani jaman wong wadon ilang isine ? Jaman aku sekolah biyen kuwi kahanan sing kaya mengkono ora ana. Sing tukaran ya ana, nanging ora kaya bocah saiki. Jaman biyen yen arep gelut biyen ijen padha ijen, golek papan sing sepi, ora nggawa bala kaya saiki, isih nuduhake kasatriyane, isih nuduhake perwirane. Lha saiki mesthi tawuran, padha nggawa rante, gir sepedhah, clurit, pedhang. Apa kahanan kaya ngene iki kegawa saka jaman, apa pancene bocah-bocah saiki akeh sing pinter njur angel diatur apa piye?
Sejene guru nganakake les tambahan pelajaran , saben malem Jemuah sekolahan nganakake istighosah, nenuwun marang Gusti Allah supaya ing Ujian Nasional mengko murid-murid diparingi gangsar, lancar anggone nggarap. Ning ana uga guru sing ndhagel, istighosah ora marga kepengin muride gangsar anggone nggarap nanging krana supaya gurune gangsar anggone menehi jawaban muride.

------000-----

Mini, jenenge sing sing jangkep Sarmini, saiki wis kelas telu SMA. Pawakane gedhe dhuwur, pakulitane kuning nemu giring, ayu moblong-moblong. Sapa sing nyawang mesthi kepencut. Mula akeh jaka sing ndolani. Ora mung kanca sekolahane wae, nanging jaka-jaka sing wis kuliah barang uga akeh sing dolan mrono. Lan uga jaka-jaka sing wis cekel gawe ora kurang. Ing wektu iki uga padha karo kanca-kancane, bingung. Jane mono Mini ora kalebu bocah bodho ning ya ora kalebu bocah pinter, sedheng-sedheng wae. Samubarang sing dikandhakake gurune dheweke nurut, didhawuhi les ing sekolahan manut, malah-malah uga melu les ing bimbingan belajar njaba barang. Saben ana acara istighosah ora nate keri, mesthi tekane. Ning ya jalaran kapinterane mung tiba sedheng wae mula ya isih katut bingung. Ora mung Mini wae sing bingung, wong tuwane pisan uga melu bingung. Ndeleng yen kapinterane mung sedheng-sedheng bae, banjur nduweni krenah nggolek wong tuwa. Mula banjur takon-takon sapa wong tuwa sing bisa dijaluki tulung supaya anake bisa gangsar anggone nggarap ujian.
“Ngriku lho lik, teng nggene mbah Min. Mbah Min niku saged yen mung djaluki tulung ngoten mawon,” kandhane tanggane.
“Lha napa enggih, sepriki kula kok dereng nate krungu,” kandhane bapake Mini setengah ora percaya.
“Empun kathah kok tiyang sing ndhatengi. Nggih kathah-kathahe nggih kasil niku.”
Temenan sorene, bakda Mahgrib bapake karo Mini sida menyang omahe saperlu njaluk tulung supaya didongakake anggone nggarap bisa lancar. Gawane biasa wae, gula, kopi karo rokok telung bungkus kesenangane mbah Min.
“Lha nek namung ngoten mawon kula sanggup, niku prekara gampang. Ngoten niku pun pedamelan kula,” kandhane mbah Min,” Tiyang pundi mawon sing empun dugi ngriki. Malah dhek wingi niku tiyang Ngablak, tiyang Gedhangan, tiyang Dersana nggih sami dugi ngriki. Pun boten saged dietung.Nanging nggih wonten sarate.”
“Sarate napa mbah?” pitakone bapake Mini.
“Sarate ngeten, mbenjing malem Jemuah ngajeng niki bocahe dikengken ngriki. Boten usah diterake. Wong mung cedhak mawon. Kalih malih alate sing kangge nulis kedah bekta ngriki mengke kula suwuke”.
“Inggih mbah.”
Jemuah sing ditemtokake, bakda Mahgrib Mini sida menyang omahe mbah Min. Uba rampe sing dkarepake mbah Min digawa. Jam sanga Mini lagi mulih. Saka omahe mbah Min diwenehi uyah supaya disebarake ing sakupenge omah karo mengko yen titi wanci tekane ujian disebarake ing ruang ujian.
Telung sasi saka kedadean iku waktune pengumuman ujian. Bab wayahe nggarap ora pelu dicritakake. Kabeh lumaku kanthi gangsar, lancar ora ana alangan sawiji apa. Pranyata Mini ya katut lulus. Mulih saka sekolahan Mini muntah-muntah, sirahe ngelu. Wong tuwane sakloron padha bingung. Mini banjur ditakoni wong tuwane sakloron.
“Kenek apa ndhuk ?” pitakone wong tuwane.
“Wetengku lara .”
“Lara kenek apa? Mau esuk mangan apa?”
“Ana isine, pak .”
“Ana isine piye? He. Kowe meteng ? Sapa gawe iki, enggal kandhaa!” pitakone bapake getem-getem. Raine abang mbrabak mratandhani yen nesu banget. Dheweke kudu-kudu ngantemi wong sing ngrusak anake.
“Mbah Min.”
“Sapa ? Mbah Min ? Matiiik aku ,” kandhane bapake. Sabanjure ora bisa ngomong apa-apa.



Surabaya, 01062010.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...