Selasa, 22 Juni 2010

VILLA KEDHUNG KANDHANG


Calon besan wis mara menyang omah, saperlu nakokake anake. Mara sakloron. Tekane besan ya ditampa kanthi becik. Sawise tata lungguh banjur wiwit padha rembugan.
“Ngaten pak Ngadiman sarimbit “, pak Marta wiwit mbukani rembug. “Sowan kula kekalih menika saperlu badhe miterang. Menapa leres bilih keng putra menika dereng wonten ingkang nyancang?”
“Saleresipun .......,” wangsulane pak Ngadiman.”Suwaunipun inggih sampun wonten ingkang nyancang. Nanging samenika kawontenanipun sampun pisah malih. Pramila kenging dipun wastani sampun mardika, tegesipun sampun bebas boten wonten ingkang nyancang malih.”
“Menawi makaten, inggih waleh-waleh menapa, sowan ngriki saperlu angebun-ebun enjang anjejawah sonten. Kula menika dipun tangisi anak kula jaler supados nglamar keng putra. Inggih menawi wonten keparengipun lilah panjenengan, badhe kula jodhokaken kaliyan anak kula.”
“Inggih boten tedheng aling-aling, menawi kersa panjenengan kados makaten kula tampi. Dene bab dinten panggihipun mangke kula sowan dhateng dalem panjenengan sekalian.”
“O, boten perlu. Panjenengan boten sisah tindak dhateng panggenan kula. Cekap kula kemawon ingkang sowan ngriki.”
“Inggih adat ingkang kalimrah ing bebrayan rak makaten. Menawi panjenengan saking pihak jaler sampun rawuh ing ngriki, kedahipun kula , saking pihak estri atur wangsulan sowan dhateng dalem panjenengan.”
“Boten sisah. Kanggene kula boten perlu. Kula kemawon mangke ingkang sowan ngriki malih.”
“Boten wonten menapa-menapa. Kula kemawon ingkang sowan ngriki.” Pak Marta ngukuhi panemune.
“Mangke kemawon menawi wekdalipun sapekenan. Mangke gendhuk kula sepekeni wonten Kedhung Kandhang.”
“Kedhung Kandhang pundi ?”
“Malang. Kula, awon-awon wonten ngrika gadhah papan palereman. Cara sakmangke dipun wastani villa”
“O makaten ta. Mangga – mangga kaliyan dipun rahabi menapa wontenipun”, pak Ngadiman ngacarani marang tamune supaya ngrahabi apa sing disuguhake.
“Inggih- inggih , matur nuwun. Malah wonten wingking griya menika wonten kebonipun apel. Kalaresan samenika nembe mangsanipun awoh. Namung dereng sepuh. Mangke menawi panjenengan tindak ngrika kula jamin mesthi remenipun.”
“Inggih, “ wangsulane pak Ngadiman.
Suwe anggone omong-omongan ngalor ngidul, calon besan banjur nyuwun pamit.
“Mangga mangga, ndherekaken sugeng tindak,” pak Ngadiman nguntapake teka plataran.

Jam setengah loro bengi sawise calon besan mulih pak Ngadiman ora bisa turu. Isih lungguh dhelog-dhelog ana ndhuwur kursi ngadhepke lawang. Sikile dislonjorake ana ndhuwur meja. Karo rokokan sebal-sebul . :Lagi ngenam pikir, dene dheweke gumun karo omongane calon besane, ya -- pak Marta. Yen dilaras-laras apa sebabe dheweke ora oleh teka menyang omahe besan. Wis dadi adat kalumrahane neng bebrayan yen wong nglamar iku diwales di tekani omahe. Kena ngapa ing dina iki besan ora gelem ditekani? Ana wewadi apa kok ora gelem ditekani ? Pak Ngadiman wiwit nduwe rasa sujana, rasa curiga marang si calon besan. Yen dideleng omongane gedhe muluk-muluk , ora ana endheke babar pisan. Ngaku yen duwe villa neng Malang, ngaku duwe kebon apel telung hektar nanging kok ora gelem disanjani.
Sing njalari ruwet ngono satemene anake wedok. Lair dina Setu Paing. Setu sanga paing sanga, yen digunggung wolulas. Neptu wolulas disebut rajaning dina. Neptu- neptu liyane ora ana sing luwih dhuwur saka Setu Paing. Yen pintere mono ora maido, anake wedok lulusan sekolah dhokter, lan saiki ya wis dadi dhokter. Karepe wong tuwa, sapinter-pintere anak kudu nurut karo wong tuwa. Ning atine kakune ora kena dieluk, ora kena ditekuk. Yen wis duwe karep kudu katekan karepe. Ora ana sing bisa ngendhakake. Yen ora keturutan karepe njur njegot, turu ora gelem tangi-tangi. Tanggape marang ibune barang ya padha wae, ora kena ditekuk.
Prekara jodho ya ngono. Satemene pak Ngadiman wis duwe calon. Bocahe nggantheng, ya sopan lan wis cekel gawe. Balik sing calon mantu saiki, yen bocahe pancene nggantheng ning nganti saiki durung nyambut gawe. Lha kepriye mengko yen wis rumah tangga ? Apa mung nggantungake marang asile sing wedok ? Wong lanang iku minangka saka gurune rumah tangga, dadi panutan, yen nganti ora gelem nyambut gawe gek kepriye ?
“Aku trima mati wae, pak, yen ora entuk Mas Narta,” kandhane nalika ditakoni.
Ora rinasa , n gerti-ngerti bedhug subuh wis ditabuh.

------------000----------

Dina tempuking penganten ora ana kedadean apa-apa. Kabeh lumaku kanthi lancar, gangsar ora alangan sawiji apa. Atine pak Ngadiman ayem. Lakune pahargyan penganten semuwa. Bocah-bocah cilik lan wong-wong sakiwa tengene omah padha nonton penganten pating jrabing ing njabane pager. Kabeh padha alok , mantene ayu- mantene ayu. Pak Ngadiman sing rumangsa duwe anak wedok rumangsa mongkog, rumangsa bombong dene mantene anake dirasani apik dening tangga teparo.
Dina kaping telu, ana kedadean sing gawe mangkele ati. Manten anyar lunga wiwit sore. Jarene arep menyang pasar sore. Dienteni nganti jam sewelas durung katon bali,.jam rolas, jam siji meksa durung bali. Jam loro lagi ketok bali.
Thok, thok, thok , swarane lawang dithothok saka njaba.
“Mlebua wae. Lawange ora tak kunci,” wanngsulane pak Ngadiman.
“Menyang endi wae, yah mene kok lagi mulih,” patakone marang anake wedok.
“Nonton bareng-bareng pak, menyang Taman Bambu Runcing,” wangsulane anake wedok.
Pak Ngadiman ya mung meneng wae, sanajan ing atine rada cekot-cekot. Arep diseneni, wayahe wong turu, mula ya mung trima meneng wae.
Pancene saiki wayahe wong-wong padha kedanan bal-balan Piala Dunia. Wong sa donya –paribasane- kabeh padha gandrung nonton bal-balan sing dianakake patang taun sepisan. Mbok ya ngelingi yen dheweke manten anyar durung ganep sepasar. Jaman biyen yen manten anyar ora oleh saka ngomah yen durung selapan dina. Yen mung arep nonton bal-balan wae mbok ya ana ngomah, wong omah ya ana TV. Upamane kancane sing lanang nonton neng omah rak bisa. Ngajak wong lima, apa sepuluh, gedhe-gedhene wong rong puluh rak bisa wong omahe ya jembar. Prastawa-prastawa sing kaya ngono sing marahi sirahe pak Ngadiman tambah cekot-cekot.

------------000-----------

Teka dinane sepasaran. Besane, lantaran anake wedok kepingin yen sepasaran mengko arep disepasari neng Kedhung Kandhang, Malang. Jarene karo nyambangi villane sing ana Malang lan nonton kebon apel, wong saiki wayahe wis awoh.
Budhal saka ngomah pak Ngadiman kumudu-kudu weruh villane besane. Neng ndalan ora dicritakake. Cekake wis teka Malang. Katon omah gedhong njenggarong neng tengah-tengah kebon apel. Nyawang ngiwa, nengen sing ana mung kebon apel. Sesawangan sing pancen nyenengake sapa wae sing ndeleng. Sing katon mung warna ijo royo-royo, kaya penganten anyar.
Tekane penganten lan pangombyonge disubya-subya. Besan gupuh anggone mbagekake si penganten lan para pangombyong. Sawise lungguh sawetara lan wawan rembug sauntara lumrahe wong sepasaran, lan mangan apa sing disuguhake pak Ngadiman kepingin mlaku-mlaku ing sakiwa tengene omah gedhong. Anggone mlaku mubeng-mubeng njur marani wong sing megawe ana ing jero kebon kono.
“Nembe merdamel napa, pak?”, pitakone pak Ngadiman marang salah sijine wong ing kono.
“Niki lho, nembe pados rumput kangge pakan mendha.”
“Mendhane kathah ta, pak ?”
“Alaaah mboten, namung gangsal.”
“O,....... nuwun sewu kula badhe taken?”
“Taken napa, pak ?”
“Sing gadhah kebon niki sinten, pak?”
“Pak Mardi. Niku sing agemane bathik ijo wau.”
“Sanes pak Marta,”
“Sanes. Pak Marta niku adhine pak Mardi.”
“O.....,Nuwun sewu pak, kula badhe nglajengaken lampah ”
Ora suwe pak Ngadiman pamit bali marang wong mau. Neng dalan ngudarasa sajroning batin,”Besan kakehan gludhug kurang udan.”


Surabaya, 23 Juni 2010

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...