Rabu, 30 Juni 2010

DHANDHANG UNGAK-UNGAK


“Ngaten lho mbah, griyane calon besan menika majeng ngidul, dene griya kula majeng ngaler. Niku dospundi ? Angsal napa mboten ?” pitakone Partana menyang mbah Guna.
Mbah Guna iku dhukun petung sing kondhang. Saben wong arep nduwe gawe, mantu apa nyunatake mesthi njaluk tulung marang mbah Guna supaya nggolekake dina sing becik. Petunge cespleng, mula ora aneh yen mbah Guna kesuwur.
“Lha kaya ngono kuwi jenenge dhandhang ungak-ungak utawa dhandhang anguk-anguk. Ngerti sampeyan maknane ?” pitakone mbah Guna.
“Nggih kula boten ngertos,” wangsulane Partana.
“Dhandhang niku tegese manuk gagak. Ungak-ungak sampeyan ngerti. Dhandhang niku perlambange tiyang ajeng pejah. Sampeyan rak ngerti dongenge . Yen enten manuk gagak pating graok samber-samberan, mesthi..... kena dipesthekake ....yen badhe enten tiyang pejah. Napa melih yen adu cocor. “
“Adu cocor niku sing pundi mbah ?”
“Adu cocor niku omah sing adhep-adhepan mung keletan dalan. Ngoten niku boten becik”
“Napa nggih saestu ta mbah.”
“Lho, sampeyan kok boten percaya. Ngelmu kula niku ngelmu titen, tegese neniteni kedadean-kedadean sing empun klakon. Lha yen ngango rumus nggih boten enten. Niku empun kathah buktine. Nika si Warsini nalika rabi kalih Suman , rak boten jujur ta. Salah siji mesthi ana sing mati ndhisiki. Bardi kalih Sumarti nggih ngoten.”
“O, enggih.” Partana ngiyani.
“Sak jane empun kathah tiyang sing njaluk tulung dhateng kula niku, sedaya nggih sami nurut napa sing kula omongake. Lha kangge conto sing sae nika, Yu Waginah nalika ajeng besanan kaliyan Sumadi. Waune griyane yu Waginah madhep ngetan, dene Sumadi madhep ngulon. Bareng njaluk tulung teng kula, nggih kula kandhani .... ngoten niku boten becik. Omahe lajeng diputer ngoten lho.”
“Diputer dospundi, mbah?”
“Nggih dielih adhepe. Waune madhep ngetan, saniki madhep ngidul.”
“Enggih, nggih mbah. Waune lawange madhep ngetan ngadhepake dalan saniki dalane rak enten ngiringane. Napa boten enten cara sanesipun ta mbah ?”
“Cara sing dospundi ?”
“Nggih upamane, mengke mantene mlebet saking kilen, napa saking pundi ngoten?”
“Nggih boten saged. Barang ngoten kok sampeyang enyang. Nek boten saged nggih boten saged. “
“Lha dospundi ta mbah. Wong bocahe niku empun padha senenge.”
“Lha nek kula boten wani. Sampeyan wurungaken mawon. Kanggene kula sanajana liya kutha tetep kula boten wani. Upamane ngriki, kalih sampeyan gadhah mantu tiyang Jakarta. Kanggene kula tetep boten wani. Dene sampeyan meksa, akibate kula boten melok nanggung lho. Mengke ampun nyalahake kula.“

Krungu krenahe mbah Guna sing kaya mangkono, atine Partana bingung, sebabe srawunge anake wedok karo calon mantune wis kaya-kaya ora kena dipisahake. Esuk sore, awan bengi bocah loro tansah runtang-runtung ngalor ngidul. Saben Partana kepethuk tangga mesthi di semantakake kapan olehe arep mantu ? Partana wis rada rikuh karo tangga teparo jalaran bola-bola disemoni. Yen suwe-suwe ora ndang dinikahake ora becik dadine. Mengko yen nganti mbobot gek kepriye. Mendah wirange. Lha saiki sing dadi ganjelan prekara omah. Omahe calon mantu ngulon, dene omahe Partana dhewe madhep ngetan. Njaluk tulung mbah Guna diaturi supaya metung, diwanti-wanti aja nganti diterak, jalaran gedhe balake. Jarene mbah Guna akeh kedadean sing kena kanggo conto, akeh-akehe ana kedadean yang ora kepenak.
Apa arep klakon diwurungake ? Kok kaningaya temen. Wong bocah wis padha senenge, saben dina runtang-runtung. Yen nganti dipisahake apa ora mesakake ? Ya yen ora nglalu ? Menawa nganti nglalu sing rugi ya sapa , yen ora awake dhewe. Atine Partana jibeg.
“Piye buke?,” pitakone marang bojone.
“Lha ya embuh ta pak. Aku dhewe ya melu bingung. Mbok njajal menyang nggone besan. Coba dirembug sing apik. Mbok menawa nemu dalan liya”
“Apa ya ngono ta apike ?”
“Ya njajal ta. Kabeh mau dicoba .”
Bakda Mahgrib Partana karo bojone sida menyang omahe calon besan . Ing dalan wong loro mung meneng-menengan wae. Padha ngenam gagasan dhewe-dhewe. Kepriye mengko tanggapane besan yen dheweke murungake nikahane anake? Apa besan ora nesu ? Ya yen nesune mung tata lair wae, ora dadi ngapa, bakal didhadhagi. Janji gelem njaluk ngapura, Partana yakin yen bakal diapura . Lha yen mlaku batin, gek kepriye dadine ? Ngerti-ngerti lakune wis teka omahe calon besane.
Sawise bage-binage sawetara, nakokake kabar keslametan banjur miwiti apa sing dadi tujuwane.
“Nyuwun ngapunten san, kok kula nolak menika boten. Nurut petangan, menika wonten sing geseh. Menika kados pundi ?” Partana ngandhakake wigatining rembug.
“Geseh dospundi ?, “ pitakone calon besan.
“Kula kalih penjenengan menika sagged dipun wastani dhandhang ungak-ungak utawi dhandhang anguk-anguk. Menawi dipun lajengaken mangke salah satunggal mesthi wonten ingkang pejah”
“Lajeng kersane kados pundi ? “ pitakone calon besane ngangseg.
“Rehdene kula boten wantun nerak pepacuh menika, kula suwun kanthi dhanganing penggalih, bab nikahipun ndhuk inggih anak kula kaliyan putra panjenengan dipun wurungaken kemawon.”
“ Lha ....”, calon besane kaget. “Menika menapa sampun dipun galih ingkang saestu ?”
“Inggih sampun. Miturut mbahipun ndhuk menika menawi dipun lajengaken mangke kirang prayogi.”
“Menawi kersa penjenengan kados makaten, lan menika sampun dipun galih ingkang saestu, kula namung ndherek kemawon. Namung kula suwun panjenengan piyambak ingkang ngendikan kaliyan putranipun.”
Blong, rasaning atine Partana , dene calon besane uga nyarujuki apa sing dadi kekarepane. Enggal –enggal Partana nyuwun pamit sawise rampung rembugane.
Dina candhake, wayahe sore bubar wayah Ngasar, bocah sakloron diceluk dijak rembugan. Partana ngandhakake yen mau bengi wis rembugan karo calon besan, yen sesambungane antarane anake wedok karo bakal bojone ora perlu diterusake.
“Aja dadi atimu sakloron, aku ora duwe niyat apa-apa, kejaba mung kanggo kabecikanmu sakloron, “ kandhane Partana menyang anake lan calon mantune .
Anake wedok bareng krungu kandhane Partana banjur bradhat mlayu mlebu kamar, ungkeb-ungkeb nangis ana njero kamar. Nganti seminggu anake wedok isih nangis wae, ora gelem metu saka kamar, ora gelem tandang gawe. Sangsaya suwe awake sangsaya kuru, kuru, kuru .......

---------000----------

Sasi Besar, sasi becik, sasi wayahe akeh wong duwe gawe. Meh saben dina Partana nampa ulem-ulem manten. Sajroning sasi iki wis kira-kira ana undhangan sepuluh sing ditampa Partana. Bayaran sesasi entek kanggo nyumbang – cara Surabaya buwuh--- menyang nggone wong duwe gawe. Arep ora teka, rumangsa isin jalaran diundang, gek mangka tangga cedhak utawa kenal apik. Arep teka, kanthong rasane wis tipis banget. Mengko jagane pangan apa, kamangka tanggale isih dawa ?
“Sampeyan dijak mbesani mbah Guna ora , Lik ?” pitakone Kadimun menyang Partana.
“Mbesani menyang ngendi?”
“Jarene menyang Nganjuk.”
“Ya dijak ora dijak, aku tetep melu. Yen nganti ora melu aku rak isin. Kapan budhale?”
“Sesuk esuk.”
“Ya, yen ngono aku tak cepak-cepak.”
“Arep nggawa apa ta, wong mbesani wae, rak cukup nggawa amplop.”
“Lha apa ora nggawa salin , wong lunga adoh?”

Esuke Partana sida budhal melu mbesani anake mbah Guna menyang Nganjuk. Neng dalan wong-wong sing melu mbesani ora ngrembug bab mbesani malah-malah sing dirembug bal-balan. Pancen Piala dunia nyedhot kawigatene wong akeh. Saben dina dadi bahan caturane wong-wong sadonya.
Ora krasa rombongan besan wis teka ing nggone sing duwe gawe. Kabeh padha enggal-enggal mudhun saka montor, njujug menyang pondhokane penganten lanang. Ana sing perlu menyang buri, saperlu wisuh utawa raup. Sawise mambu banyu, rasane awak krasa seger. Sawise tata-tata upacarane penganten wis rampung, penganten lanang diirit menyang papan pahargyan.
Satekane papan pahargyan Partana kaget,” Lho omahe besane mbah Guna ki rak madhep ngalor, kamangka omahe mbah Guna madhep ngidul.....”, Partana banjur nyedhaki mbah Guna banjur takon ,”Mbah, niki rak dhandhang ungak-ungak ?”
“Aku lali, aku mrene kae wayahe bengi, dadi ora ngerti lor kidul.”
“Ooooo, yen lali dhanyange ya melu lali ta ?,” Partana mesem kecut.


Surabaya,. 1 Juli 2010.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...