Selasa, 06 Juli 2010

ANAK ANUNG ANINDHITA


Tokone gedhe ana ing pojoke dalan, ora adoh saka pasar, cete ijo, jenenge “Toko Sida Mampir”. Toko sing kondhang sa kecamatan. Saben wong mesthi weruh toko Sida Mampir. Sing tuku kemrubut, nganti bakule ora ketok bokonge. Sanajana wis blanja neng njero pasar , mesthi mampir menyang toko "Sida Mampir". Apa sebabe ora weruh. Ora ana toko liya sing madhani gedhene karo tokone pak Dira Omplong. Samubarang ana ing jero toko ana, arep takon barang apa wae ana, dadi ora nganti mbalekake wong tuku. Satemene regane mono meh padha wae karo rega toko-toko liyane . Kadhang ana barang sing luwih murah, nanging uga ana barang sing luwih larang saka toko liyane. Ning kondhange, kae lho tokone pak Dira regane kacek karo liyane, yen dibandhing karo toko liyane luwih murah. Sing blanja mrono, rumangsa luwih marem yen tuku menyang tokone pak Dira . Mula ora nggumunake yen toko-toko liyane padha sepi ora ana sing nukoni.
Wong-wong padha gumun. Padha –padha tunggal toko kok milih mrono. Sing tuku paribasan antri. Kamangka toko liyane barange ya padha, olehe ngladeni ya ora ana bedane. Malah-malah toko sing jejere wae sing dagangane padha, ora ana sing tuku. Akeh sing ngarani pak Dira nduwe pesugihan,.
Bab pesugihan, kuwi mung kari sing ngarani. Wong seneng ora kurang pengalem, wong gething ora kurang penacad. Kanggone wong sing ora seneng, ya mesthi wae sugih wong ngingu thuyul, ngingu pesugihan nyai Blorong, ngingu pesugihan kandhang bubrah lan sapiturute. Apa buktine? Coba gagasen, ingatase bakulan adeg toko, toko-toko liyane blas ketepas ora ana sing nukoni. Balik tokone pak Dira sing tuku nganti antri, malah padha klesetan neng ngarep toko. Lha mbok tuku neng toko liyane tinimbang nganti direwangi turon-turon neng ngrep toko ngono. Ngono iku yen ora nduweni pesugihan ya ora kira. Mengkono guneme wong sing ora seneng.
Yen diturut riwayate pak Dira jaman biyen, jarene mung dodol omplong, mula kesuwur karan pak Dira Omplong. Omplong tilas wadhah cet, gendul wadhah mangsi, diresiki banjur digawe senthir. Dodolane ubarampene lampu, wiwit saka senthir, lampu teplok, lampu gandhul, semprong beling. Iku jaman biyen nalika durung ana listrik. Saking gematine, eling-eling rumangsa adoh saka ngomah,lunga bara saka desa asale, menyang paran golek pangan, mula pak Dira ya setiti banget. Bathine anggone pepayon disimpen kanthi premati. Ora bakal ngeculake dhuwit yen ora perlu banget. Kadhang yen sedina ora payon direwangi pasa,. ngempet ora mangan. Suwe-suwe dagangane ora mung senthir, nanging candhak kulak dagangan liyane, kayata beras, lenga, sarta barang-barang sing saben dina dadi kebutuhane wong.Saka anggone setiti mau pak Dira saiki sugih mblegedhu, mubra mubru blabur madu. Samubarang sing dikepengini klakon. Nanging ana cacade sethithik, uga amarga setitine, yen ana wong njaluk sumbangan -- cara kene serkileran --uga paling sethithik anggone nyumbang, isih nganggo ngundhamana,"Golek dhuwit kuwi angel, bola-bali njaluk sumbangan" .
Pak Dira nduweni anak mung siji, metu lanang. Wiwit bayi procot saka kandhutan, ora saben wong oleh nggepok utawa nyenggol anake. Pancene anggone diparingi momongan wis rada kasep, mula katresnane kasok marang si jabang bayi. Ora saben wong oleh nggendhong, sing tukang momong wae yen arep nggendhong jabang bayi kudu wisuh nganggo karbol dhisik.
“Aja dicemok, mengko mundhak lara,” kandhane pak Dira nalika ana wong arep ndemok bayi. Lumraha mono wong sing arep ndemok bayi, tangane kudu dicelupake banyu panas supaya kruma-kruma padha mati. Ngerti sampeyan kruma? Kruma kuwi kewan sing cilik banget sing marahi lelara, cara saikine bakteri utawa baksil. Yen wis nyata-nyata resik lagi diolehi nggendhong bayine.
Bocah mung digendhong ngalor ngidul, ora oleh nganti mudhun menyang lemah, alesane sing reged, sing kotor, sing ora resikan, werna-werna lah. Apa maneh bab panganan, jan ... kikrik banget. Ora oleh si bocah nganti mangan pawewehing liyan. Alesane uga werna-werna, sing ora memenuhi syarat kesehatan, sing ora ana gizine, sing beracun lan liya-liyane. Pokoke pokok si bocah ora kena mangan panganan pawewehe wong liya. Mula tangga teparo ora ana sing wani menehi panganan marang anake pak Dira.
Nalika bocah, diuja sabarang kekarepane,. wong dhasare wong sugih. Mula apa sapenjaluke anake mesthi dituruti. Wiwit isih bocah cilik, nalika kancane dolanan kebo-keboan sing digawe saka bongkoke klapa njur digeret, dheweke wis ditukokake montor-montoran weton toko. Nalika kancane dolanan bedhil-bedhilan saka pring , dheweke wis ditukokake pistol-pistolan saka batu batrei, sing bisa murub lan muni theret....thret.....thet. Samubarang dolanan duwe. Kaya ngono mau mung dadi kepenginane kanca-kancane. Kanca-kancane mung bisa ngulu idu. Sakdeg sak nyet apa kekarepane kudu dituruti lan mesthi keturutan.
Saka anggone nguja marang anak, dadine bocah gedhe dadi bocah ugungan, cara saiki “anak mama”. Mogok ora gelem sekolah. Jarene yen mikir abot-abot sirahe ngelu. Mula yen wayahe wulangan Matematika utawa IPA dheweke wani mbolose tinimbang ora. Yen ana PR saka gurune sing nggarap PR mau dudu dheweke dhewe. PR e digarapake guru lese. Yen dikongkon nggarap PR dhewe, wani nangise tinimbang nggarap PR.
Jan-jane mono wong tuwane ora kurang anggone usaha. Wong ya dilesake pirang-pirang enggon sejene les marang guru kelase. Jalaran asring mbolos, meh saben dina pak Dira oleh layang saka gurune anake jarene ora mlebu sekolah.
Pak Dira dhewe uga bingung, saben kesuk pak Dira dhewe sing nyepakake kebutuhane anake. Wis genah budhal, ya wis nganggo seragam sekolah, wis sarapan barang, lan ya ketok budhal metu saka omah. Ning ora teka sekolahan. Embuh menyang endi parane.
Saiki pegaweyane mung pit-pitan montor ngalor ngidul turut ndalan. Kadhang-kadhang balapan, totohan karo kanca-kancane. Dhek emben, tiba ndlosor nalika balapan neng kulon kali. Awake babak bundhas kabeh. Pit montore bengkung, pelege dadi angka wolu. Untung wae bocahe slamet. Nalika pak Dira dikandhani yen anake tiba, mung bisa ngelus dhadha, karo ndonga.”Gusti, nyuwun ngapura.”
Bareng teka ngomah bocahe ditakoni, ora gelem semaur. Anane mung meneng wae. Pak Dira dhewe nganti judheg ngrasakake kelakuwane anake.

---------0000--------

“Koran, koran., koran ,” bengak-bengoke tukang koran nawakake dagangane. “Berita Karang Turi.... jambret.... berita Karang Turi .....jambret. Berita koran .... berita koran .....berita koran.....berita Karang Turi ....... copet”
“Dingaren , tukang koran liwat kene, “kandhane Dirman ,menyang tanggane. “Enten berita napa ?” pitakone Dirman.
“Niku wau, mbah Man tumbas, criyose Katna di massa.”
“Katna sinten? Anake Dira Omplong ?”
“Enggih, wau dalu di massa”
“Lha napa perkarane ?”
“Njambret kalunge tiyang. Lha njambret enten gang. Tiyange bengok-bengok, terus dikepung. Digebugi nganti klenger.”
“Njambret enten gang, nggih boten isa mlayu. Njambret niku mesthine enten ndalan gedhe, dadi mlayune gampang. Lha saniki enten pundi?”
“Enten rumah sakit, duka urip duka mboten.”
“Lha kok njambret niku critane dospundi?”
“Kalah totohan. Wau dalu rak Jerman mungsuh kalih Argentina. Piyambake milih Argentina. Pur siji njago Argentina. Ternyata empat kosong”.
“Lha anake wong sugih kok ngaten, kok teksih njambret ? Lha mbok njaluk mawon teng bapake.”
“Nggih duka. Kira-kira ajrih kalih bapake. Bapake jane ya ora kereng.”
“Lha enggih, anake wong sugih mawon njambret. Napa malih anake wong mlarat?”kandhane Dirman karo nyetater pit montore arep budhal menyang kantor.


Surabaya, 6 Juli 2010.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...