Selasa, 19 April 2016

SITUS JOBIN MAJU NENEM




Ing patilasan kutha raja Majapait ana situs kang karan Situs Lantai Segi Enam. Mapane ana ing desa Sentanareja (Sentonorejo), kecamatan Trowulan, kabupaten Mojokerto. Situs mau arupa patilasan jrambah kang arupa jobin (ubin) maju nenem (segi enam, hexagonal) kang digawe saka lemah kang diobong kaya bata. Jobin mau kandele 4 cm, lan ambane pinggiran 6 cm.
Jrambah jobin kasebut ditemokake kurang luwih 180 cm ing jerone lemah dhudhukan. Para ahli uga nemokake jobin kang saemper kira-kira 500 meter dohe saka papan kono. Miturut dongengane warga kono jaman biyen patilasan kang mangkono iku akeh banget. Bata-bata lan jobin mau didhudhuk dening warga jalaran kala samana durung ana larangan saka negara. Sawise ana larangan saka Negara warga ora wani ndhudhuk maneh.

Saliyane iku uga ditemokake tembok saka batabang, sing kanggo luluhan yaiku arupa lemah dicampur banyu banjur diulet. Para ahli nduweni panduga yen patilasan iku mau arupa omahe warga. Dudu wewangunan kang kaanggep suci kayata candhi, patirtan, pundhen lsp.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...