Sabtu, 23 April 2016

CANDHI SANGGARITI




Candhi Sanggariti (Songgoriti) mapan ana ing dhukuh Sanggariti (Songgoriti), kelurahan Songgokerto, kecamatan Batu, kutha administrative Batu. Dhuwure papan kono yen diukur saka lumahing segara ana 998 meter. Mapane ing sacedhake Taman Rekreasi Tirta Nirwana, Songgoriti yaiku ing komplek PAPA (Pemandian Air Panas Alami) lan Hotel Songgoriti, Batu.
Jeneng SANGGARITI asale saka tembung “sangha” kang ateges kelompok, rombongan utawa kumpulan. Dene “riti” ateges “bangsane wesi, perunggu, kuningan.”(Sanskrit Dictionary, 255).
Kahanan candhi wis rusak banget. Satemene candhi iki mung cilik wae. Kahanan saiki yen dideleng wujude kaya pundhen berundak. Ukuran emperan (dasar, teras) sing ngisor dawane 14 meter X 10 meter. Dene ukuran awake candhi minangka dhasar dawane 3,82 meter, ambane 3,73 meter, lan dhuwure 2,47 meter. Dhuwur samono ku ora bisa ditemtokake kanthi titi jalaran payone candhi wis ora bisa diweruhi.
Candhi iki ditemokake sepisanan dening Van Isseldijk ing taun 1799 AD. Sabanjure dianakake panaliten dening Jonathan Rigg (1849 AD), Brumund (1863 AD). J. Knebel nganakakae inventarisasi situs Candhi Songgoriti lan direstorasi ing taun 1921 AD. Oudheidkundige Dienst (Dinas Purbakala) pamarentah Walanda nganakake restorasi ing taun 1938.

Cakriking candhi memper cakrik candhi Jawa Tengahan periode abad IX – X masehi. Yen dititik saka wujude tulisan (aksara) lembaran emas ing jerone kothak paripih kang ditemokake ing candhi Sanggariti dinuga yen candhi iki dibangun ing abad IX masehi. Barang-barang kang ditemokake ing garbhapatra (kothak watu kanggo nyimpen paripih) antara liya cepuk prunggu, yoni prunggu, lingga emas, lan blebekan emas kang mawa tulisan.
Jaman kasebut nunggal jaman karo panulise prasasti Sangguran (Minto Stone) taun 850 Ç (928 AD) sing didhawuhake dening Sri Maharaja Rakai Pangkaja Dyah Wawa ing Medhang I Bhumi Mataram kang ditampa dening Rakryan Mapatih Pu Sindok Sri Isanawikrama. Prasasti Sangguran iki ditemokake ing dhukuh Ngandhat, desa Mojorejo, kecamatan Junrejo, kutha Batu. Dene isine prasasti Sangguran yaiku wanua (desa) Sangguran kang kalebu watak (wewengkon, wilayah) Waharu didadekake (ditetepake) dadi desa perdikan (sima), kang asile kango ngrumat wewangunan suci kanggo para pandhe (sima kajurugusalyan) ing Mananjung.

Kayadene candhi agama Hindhu liyane, mesthine nduweni senthongan (bilik) kang isi reca Ganesya (sisih kulon), Siwa Mahaguru (Agastya) (ing sisih kidul), lan reca Durga Mahisasuramardini ing sisih lor. Ing tembok awake candhi ana ukiran reca dewa dewi.
Miturut panemune Suwardono (Staf Pengajar Jurusan Pendidikan Sejarah dan Sosiologi IKIP Budi Utomo Malang, Purbakalawan klasik (masa Hindu-Buddha), serta Guru SMA Negeri 7 Malang) candhi Sanggariti iki biyene mapan ana ing tengah-tengahing sumber ubalan banyu panas, katitik saka anane jaladwara (pancuran) kang ana gampenging candhi sisih ngisor. Dadi candhi iki dudu kalebu candhi pamujan nanging arupa patirtan.
Ing platarane candhi (saiki diurug lemah) sisih lor lan wetan isih ana sisane jaladwara sing isih in situ nempel ana ing gampenging candhi. Dinuga temboking (gampeng) candhi yaiku ana ing sisih wetan, lor, lan saperangan ing sisih kidul. Ing sisih kulon arupa gampeng perenging gunung.
Candhi Sanggariti dinuga ana gegandhengane karo prasasti Sangguran (Minto Stone). Isine prasasti Sangguran yaiku desa Sangguran didadekake desa perdikan (sima) kang ora perlu mbayar pajek menyang Negara. Asile kanggo beya desane tukang pandhe (kajurugusalyan) ing Mananjung kang minangka sima pumpunan. Tembung kajurugusalyan (tegese: panggonane tukang pandhe) iku ceples karo maknane tembung sanggariti kang tegese kumpulan (panggonane) barang saka wesi, kuningan lsp.

Sabanjure Negarakretagama ing pupuh 78:5 mratelakake desa-desa kang ora perlu mbayar pajek (tanah perdikan, sima) ing antarane:
len sankerika wança wisnu kalatiɳ batwan kamansyan batu,
tangulyan / dakulut galuh makalaran / mukya swatantrapagöh,
 len taɳ deça mdaɳ hulun / hyan i paruɳ lunge pasajyan kelut,
andel mad paradah gɳön panawan adinyan luput riɳ danu.
Tegese :
Saliyane iku saka wangsa (perdikan) Wisnu : Kalating, Batwan, Kamangsyan, Batu,
Tanggulyan, Dakulut, Galuh, Makalaran, iku sing wigati ditetepake minangka swatantra,
saliyane iku desa Medhang, Hulun Hyang, ing Parung, Lungge, Pasajian, Kelut,
Andelmad, Paradah, Geneng, Pangawan, wis suwe ora kena pajek.
Basa Indonesiane :
Desa perdikan wangsa Wisnu berserak : Kalating, di Batwan serta Kamangsian, Batu,
Tanggulian, Dakulut, Galuh, Makalaran, itu yang penting (ditetapkan sebagai daerah swatantra).
Sedang  desa Medang, Hulun Hyan, Parung Lungge, Pasajian, Kelut,
Andelmat, Paradah, Geneng, Pangawan, sudah sejak lama bebas pajak.
Kanthi katrangan kasebut ateges kutha Batu wis dadi daerah swatantra wiwit jaman Majapait.
Kaelokane candhi Sanggariti yaiku ing tengahe candhi ana kolah awujud kothakan kang banyune adhem, kamangka kira-kira 2 (rong) meter saka kono metu ubalan utawa sumber banyu panas kang gedhe banget. Bab iki kang ndadekake “unike” candhi Sanggariti kang ora diduweni candhi-candhi liya.


MAKAM MPU SUPA (SUPO).
Ana dongengan yen sing nggawe candhi iki Empu Supa (Supo) atas prentahe Mpu Sindok. Nanging uga ana dongeng sing ngandhakake yen sing nggawe candhi mau Empu Supa saka dhawuhe prabu Brawijaya ing Majapait. Nanging dongeng iki durung bisa dipesthekake bener lan lupute. Ing sacedhake candhi Sanggariti kono ana makam kang diyakini dening warga masyarakat minangka makame Mpu Supa. Wong-wong ing kono uga ngarani yen ing kono kasebut makam mbah Pathok. Dene satemene sapa mbah Pathok ora ana katrangan kang bisa dipesthekake.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...