Selasa, 05 April 2016

CANDHI BADHUT




Candhi Badhut iku candhi sing paling tuwa dhewe ing wewengkon Jawa Wetan. Mapan ana ing dhukuh Badhut, desa Karang Widoro, Kecamatan Dau, kabupaten Malang. Dohe saka alun-alun kutha Malang kira-kira 5 (limang) kilometer arah ngulon.
Candhi iki diyakini ana gegandhengane karo anane prasasti Dinaya (Dinoyo) kang tinulis ing taun 682 Ç utawa taun 760 AD. Adoh banget sadurunge Ken Angrok jumeneng dadi ratu ing Singhasari. Uga isih menang tuwa adoh yen katandhing karo Mpu Sindhok nalika mboyong kraton Medhang I Bhumi Mataram menyang Medang I Tamwlang. Mpu Sindhok madeg dadi ratu ing Medhang taun 851 - 869 Ç (929 – 947 AD).
Prasasti Dinaya mratelakake yen Prabhu Gajayana dhawuh supaya mbangun wewangunan (candhi) kang endah dipisungsungake marang Resi Agastya (Siwa Mahaguru, Bathara Guru (?)) kang agung lan suci, kanggo nglebur mungsuh-mungsuhe. Ya prasasti Dinaya iki kang sepisanan nyebut jeneng Resi Agastya.
Asal usule jeneng “Badhut” kurang cetha. Ana sawetara panemu sing mratelakake:
1.      Wong-wong sakiwa tengene kono ngarani yen jeneng Badhut saka tembung wit badhut utawa badhutan sing akeh thukul ing desa kono. Wujude wit badhut kaya kang kacetha gambar ing ngisor.

2.      Miturut Poerbatjaraka tembung badhut asale saka basa Sangskerta “LIÇWA” asmane ratu Gajayana nalika isih timur kang tinulis ing prasasti Dinoyo. Tembung Sanskerta “LIÇWA” tegese tukang joged utawa penari utawa ing tembung Jawa dadi badhut. Prabhu Gajayana iku putrane Prabhu Dewa Simha, sawijining ratu kang misuwur ing negara Kanjuruhan, sing patilasane ana ing dhukuh Kejuron.
3.      Miturut Van der Meulen, tembung badhut saka tembung BHA lan DYUT. Bha tegese Agastya (Agastya utawa Agasti jenenge lintang kang paling padhang ing langit sisih kidul ing rasi lintang Carina, Bintang Canopus), dyut tegese sorot. Bhadyut tegese soroting Agastya.
Candhi Badhut ditemokake sepisanan dening sawijining kontrolir bangsa Walanda kang jenenge Maureen Brecher ing taun 1921. Kahanane candhi ketutupan wit-witan kang rungkud banget. Ing taun 1923 B De Haan nggawe laporan menyang pamarentah Walanda, sabanjure dianake pemugaran (restorasi) ing taun 1925 - 1927. B de Haan ora ngira yen bakal bisa ngrampungake restorasi mau. Nanging dheweke wis bisa nggambar kira-kira kepriye wujude candhi iku. Nalika candhi iki didhudhuk, diweruhi yen candhi iki satemene wis ambruk utawa rusak banget, mung sikile candhi wae sing isih katon wutuh.

Ukuran candhi 17,27 m X 14,04 m. Madhep mangulon. Candhi iki digawe saka watu andhesit. Watu-watu kang digawe candhi gedhene ora racak, ana sing gedhe ana sing cilik. Gedhe cilik campur dadi siji. Sing isih katon mung sikil, sarta awake candhi. Dene payon candhi wis ora bisa didandani maneh sanajanta isih akeh watu–watu tilas candhi kang ditumpuk ing platarane candhi.
Awaking candhi awujud majupat pesagi, ukurane 7,50 X 7,40 meter, dene dhuwure 3,62 meter. Tumuju menyang jero candhi sepisanan ana tlundhakan kang minangka selasar candhi mubeng, banjur munggah menyang undhak-undhakane candhi. Undhak-undhake ana 8 (wolung) trap. Ing kanan kiringe ana tebeng kang wujude mlengkung. Ing tebeng sisih lor ana ukiran awujud manuk kang mencok ana ing kembang terate. Samono uga ing tebeng sisih kidul. Ing pucuke lengkungan nganggo ukel lan ana pepethan sirah naga. Dhuwure sikile candhi 1,30 meter. Ing sadhuwuring sikil candhi ana selasar ngubengi candhi. Sadurunge mlebu menyang senthong gedhe (garbhagraha) kang isi lingga lan yoni, luwih dhisik mlebu emperan (penampil) ing ngarepe. Ambane garbhagraha 3,45 X 3,45 meter. Sakiwa tengen senthong mau ana senthong (relung) cilik kang ing dhuwure ana ukiran Kala kang tanpa lambe lan uwang (rahang) ngisor.

Candhi iki kalebu candhi agama Hindhu. Awake candhi nduweni ukuran 7,50 X 7,40 meter. Ing awake candhi iki senthongan-senthongane (bilik). Senthongan kang paling gedhe (garbhagraha) isi lingga lan yoni. Dene senthongan liyane kang ukurane luwih cilik mesthine isi reca. Ing sisih kulon mesthine isi reca Mahakala lan Nandiswara, sisih kidul reca Resi Agastya, sisih wetan reca Ganesha, dene sisih lor reca Durga Mahisasuramardini. Reca Durga Mahisasuramardini ing candhi Badhut iki nduweni tangan cacah wolu. Reca-reca mau wis ilang, kajaba reca Durga Mahisasuramardini ing sisih lor.

Wujude candhi iki kaya utawa niru candhi-candhi Jawa Tengahan, katitik saka wujude gegambaran Kala ing sadhuwure plawangan. Kala mau ora nduweni uwang (rahang) sisih ngisor. Wujude lan cakriking candhi iki memper karo candhi Gedhong Sanga (Gedong Songo) ing Jawa Tengah. Ukiran pepethan iki isih katon prasaja banget. Ora pati ngremit kaya candhi-candhi Jawa Wetanan liyane. Ing awaking lan sikile candhi ora ana ukiran utawa pepethane (ornament), mung katon polos, mula wujude candhi isih katon prasaja banget. Candhi-candhi Jawa Wetanan liyane lumrahe wujude cangkem Kala jangkep, lambe dhuwur lan lambe ngisor. Cakrik candhi Jawa Wetanan ing awaking candhi sugih rerenggan lan gegambaran. Mula para ahli ngarani yen candhi Badhut iki “candi peralihan” antarane langgam Jawa Tengahan menyang Jawa Wetanan. Ing sangarepe candhi Badhut ana wewangunan candhi perwara (candhi pengiring) nanging sing katon kari pondhasine wae.
Kahanan candhi Badhut sing saiki bisa kita deleng yaiku asil restorasi sing dianakake dening Suaka Peninggalan Sejarah dan Purbakala Provinsi Jawa Timur taun 1990 nganti teka 1993.

Tidak ada komentar:

Pengikut

Matur Nuwun ...